Senin, 07 Februari 2011

Terjemah jawa Kitab Tajul 'Arus

Aku ngaturaken sembah piji marang Allah kang mengerani kabeh ngalam.  Muga-muga Allah Ta’ala paring Rahmat Ta’dzim kagem  Nabi Muhammad  saw lan lumiber marang kabeh kawulo wergane lan para sahabate..Amiin

Opo kang kasebut ing buri iki yaiku kitab “TAJUL  NGARUS” kang nerangake cara-carane ngeresii nafsu, karangane Syakh Al Imam, wong kang kumpulake antarane ilmu syari’at lan ilmu hakekat,  yaiki Tajuddin Abi al ‘Abbas Ahmad bin Athailllah As Sakandari.  Muga-muga Allah  Ta’ala ngaluberake Rahmate marang ingsung lan poromuslimin loeh berkahe Syakh Ahmmad. Washallahu “ala sayyidina Muhammadin wa shahabatinhi, Amiin…
Hai kawulo kang bagus!  Siro bisoho nuprih taubat saking Allah ana ing saben-saben wektu niro, kerono siro wus diperintah taubat dining Allah Ta’ala,  Allah Ta’ala wus dawuh ono ing kitah Al Qur’an kang artine “hai wong kang podo iman! Siro kabeh bisoho podo  taubat marang Allah kabeh bahe, supoyo sirokabehpodo bejo”. Allah Ta’ala  wus dawuh kang artine “Temenan!Allah Ta’ala iku demeng wong kang taubat saking duso, lan sesuci saking reget”. Kanjeng Rusullullah saw dawuh kang srtine “ Temenan, ati Ingsung iku ditutupi nur, lan Ingsun tansah nyuwun ngapuro marang Alla hTa’ala ono ing saben dinone kaping pitung puluh (70).
Dadi siiro yen arep taubat prayogane siro ora lepas saking angen-angen sak suwene umur niro, siro bisoho angen-angen kandeng karo opo kang siro lakoni ono ing mongso rino niro, yen siro nemu tho’at kang siro lakoni, siro bisoh syukur marang allah kerono laku tho’at iku, yen siro ngelakoni maksiat, awak niro supoyo siro welehake sebab laku maksiat kang siro lakoni iku, lan nyuwuno ngapuro lan taubat marqng Allah Ta’ala. Kerono majlis niro ono ing ngersane Allahiku ora ono kang luweh maanfaat kanggo siro ketimbang majliskang ono ing majlis iku siro angguyu-guyu lan bungah-bungah, balik awak niro supoyoosiro welehake sarono siro iki wong kangtemenanan, wong kang temen ngetokake  merengute, susah atine, rewash tur ino, yen siro gelem nindakake kang mengkono iku, susah ora bakaldiganti bungah den Allah, ino ora bakal diganti mulya, kahanan peteng niro baakal diganti Nur, lan kahanan niro kalinh-kalingan sangking Allah bakal dibukak dening Allah Ta’ala..
Diceritakake sangking Syakh Makinuddin Al Asmar (Makinuddin iki setengah sangking wali abdal pitu), Panjenenganipun dawuh “Ingsun iku ono ing kawitane lelako (suluk),ingsung megawe anjahit kang  hasile ingsun gawe mangan. Ono ing mongso rino guneman tak itung, nuli yen wus majeng sore, awak ingsun tak teliti guneman ingsun, ing mongso rino mahu  dah weruhi naming sethithik, nuli ing geneman ingsun iku bagus, ingsun nuli puji-puji marang allah lansyukur marang Allah Ta’ala, lan yen geneman ingsun iku ora bagus, ingsun nuli taubat marang Allah lan nyuwun ngapurone Allah Ta’ala. Koyo mengkene kalune Syakh Maakinuddin hinggo panjenengane oleh angkatan dadi wali abdal sangking Allah Ta’ala.
Ngertiyo  yen siro iku anduweni wakil kang gelem ngoreksi lan neliti awake dewe, siro temtu ors p[erlu ngoreski deweke,kerono walik niro wus gelem nelitiawak dewe, nanging yen wakil niro ora gelem ngoreksi awake siro temtune kudu ngoreksi lan teliti dewekne kanti teliti.  Atas dasar iki, prayogane kabeh amal kang siro lakoni iku kerono ngeGungake Allah lan ora ngawasi yen siro ikubiso gawe panggawehan (ngelakoni siji amal) sedeng Allah Ta’ala ora merekso siro lan nelithi siro..
Yen ono wong ngelakoni duso, iku ono ing  awake ono pepeteng. Dadi maksiat iku empere koyo geni, lan petenge ati iku khususe maksiat koyo  dene wong kang ngurupake geni ono ingjero omah, sak jerone mongso pitung puluh (70) tahun. Kang siro tingali omah iku mesti ireng akeh anguse. Semono ugo sebab maksiat, ati dadi ireng, bersihe’khanti taubat marang Allah dadi anane ino, petenge ati lan kaling-kalingan ati iku tansah bareng maksiat, yen siro taubat marang Allah,  labet-labeteduso iku  bakal ilang.
Siro kelebu wong kang umbar-umbaran, urip niro iku naming kerono siro  iku ninggalake anut marang Nabi Muhammad saw lan siro ora bakal biso oleh keluhuranono ing kersane Allah, kejobo yen siro gelem anut marang Nabi Muhammad saw, sedeng anut marang Nabi Muhammad saw iku ono werno loro(2): anut secara teerang lan anut secara samar. Anut secara jelas, koyo nindakake sholat, poso, zakat, haji, perang lan liyo2ne.. Anut secara samar yoiku yen siro  iku bundeli kempele ati  madep marang Allah, sakjerone sholatniro ora angen2, sak jerone moco Al-Qur’an, dadi yen siro ngelakoni tho’at, umpamane sholat lan moco Qur’an, nuli siro ora nemu kempele ati lan ora angen2, siro ngertiyo yen ono ing awak niro iku ono penyakite kang samar yoiku penyakit gumede, utowo ‘Ujub (anggawok-gawokake amal) utowo penyakit2 liyane. Allah Ta’ala wus dawuh kang artine:” Ingsun bakal ngenggoake, tegese ngedohake sangking ayat2 Ingsun marang wong kang podo gumede ono ing bumi tanpo ono haq gumede, dadi siro iku empere koyo wong kang loro panas kang ngerasakake pahite gulo (ing mengkono gulo iku legi).
Maksiat sarono ono roso ino lan karep marang Rahmate Allah iku luwih bagus katimbang tho’ay sarono ono roso agung lan gumede ono ing ati .  Allah Ta’ala wus dawuh gandeng karo ceritane Nabi Ibrahim  ‘alaihi nabiyyina Muhammad  afdhalus shalah wasallam kang artine: “Sopo-sopo wong kanga nut Ingsun, wong iku setengah sangking golongan Ingsun”. Mafhume iki dawuh mengkene: sopo2 wong kang ora anut marang Nabi Ibrahim, wong iku ora setengah sangking golongane Nabi  Ibrahim. Allah Ta’ala ugo wus dawuh nyeritaake Nabi Nuh ‘alaihi wa ‘ala nabiyyinal musthofa azkas sholati wasallam mengkene artine:Sak estu anak lanagkilo menikosetengah sangking keluargo kulo. Nuli ono jawaban sangking allah Ta’ala khanti dawuhe kang artine:”Allah Ta’ala dawuh, Hai Nuh! Anak niro Kan’an iku ora setengah sangking kaluargo niro, kerono anak niro iku anduweni  amal kang ora bagus…
Dadi kang ran anut  yoiku yen siro andadekake wong kang anut iku koyo2 dadi bagiane wong kang dianut, senajan kang dianut iku wong liyo. Koyo Salman al Farisi ra. Kerono Kanjeng Nabi saw iku wus dawuh kang artine: Salma iku setengah sangking keluwargo dalem Ingsun. Wus ma’lum yen Salman iku wong Faris, naming sebab anut, Kanjeng Nabi Muhammad saw dawuh kang mengkono iku gandeng karo pribadine Salman, perlunemuruki umate.
Allah Ta’ala iku wus ngumpulake sakabehe kebagusan ono ing omah lan Allah Ta’ala andadekake kuncine omah rupo anut marang Kanjeng Nabi Muhammad saw, songko iku siro bisoho anut marang Kangjeng Nabi kanthi nerimo rizqi kang diparingake deneng Allah marang siro, kanthi gething dunyo, ora ngakeh2ake dunyo lan ninggal ucapan utowo penggaweyan ora ono gunane.
Dadi sopo2 wong kang dibukakake lawange anut marang Nabi Muhammad saw duduhake yen wong iku wong kang didemeni deneng Allah Ta’ala kerono, allah Ta’ala wus dawuh kang artine: “Hai Muhammad! Siro dawuho,yen siro kabeh bener2 demen marang Allah, siro supoyo anut marang Ingsun,  yen demen marang Ingsun, mongko bakal didemeni deneng Allah Ta’ala.
Yen siro goleki sakabehe kebagusan,  siro supoyo matur marang Allah. Allahumma……artine: Duh Allah!! Sakestu kulo nyuwundumateng Panjenengan supados kulo saget anderekake utusan Panjenengan wonten ing sedoyo ucapan lan pandamelan ipun. Naning siro kudu ngerti, sopo2 wong kang karep anut marang Rosulullah saw ono ing ucapan lan panggaweane, wong iku kudu ninggalake perbuatan nganingoyo marang kabeh kawulane Allah,  podo ugo nganingoyo kahormatane utowo nasabe, kerono upamane menuso iku selamet sangking nganingoyo antarane siji lan sijine, temtu biso langsung berangkat nuju marang Allah, nanging poro manungsoiku podo di-alang2i oaro perbuatan nganingoyone, dadi koyo wong kang akeh utange sebab ditagih deneng wong kang ngutangi.
Ngertiyo!! Upamane siro iku suwijine wong kang istimewa ono ing sanding rojo lan keparek karojo, nuli ono wong kang nagih utang marang siro, siro temtu sumpek (ing mongko ono ing sanding rojo) senajan utang iku naming sithik, nuli kepriye tingkah niro yen siro wus teko ono ing dino kiamat, sedeng siro dituntut deneng wong satus ewu(100.000) kanthi utang kang werno2, ono kang ngalap arto tanpo ono haq, ngerusak kehormatan lan liyo2ne, yen koyo mengkene, cubo kepriye tingkah niro??..
Wong kang keno bilahi sak benere yoiku wong kang dirusak deneng duso2ne (jembret duso) lan dirusak deneng kasenengan nafsune, hinggo deweke koyo wadah amoh (gombal amoh kang ora ono ajine). Hiyo wong kang mengkene iki wong kang keno bilahi kang perlu di ta’jiyahi, wong iki wus entek panganane lan wus ilang sahwate, perlu kangge ngebaki kakus lan nyenengake bojone, mandar bahe panganan2ne iku sangking barang kang halal.
Ngertiyo!! Permulaane maqom2 iku taubat. Maqom kang sakwuse taubat ora bakal diterimo kejoboyen kanthi taubat, emperewong kang ngelakoni maksiat iku koyo kendil anyar kang ngisoreono geni kang di urupake, sediluk bahe kendil iku dadi ireng, yen siro enggal2 ngumbah, kendil bakal bersih sangking irenge angus, naning yen siro umbarake lan siro gunaake kanggo nggodok bola-bali, irenge angus bakal tambah mancep (kandel teyenge), hinggo nerancang  pecah lan oleh niro ngumbah ora ono gunane, songko iku taubat iku sawijine perkoro kang bisoho ambersihi irenge ati, yen ati wus bersih, nuli timbul macam2 amal baguis kang anggondo di terimo deneng Allah Ta’ala.
Hai wong bagus!! Siro bisoho nuprih taubat sangking Allah Ta’’ala terus menerus temenan, yen siro biso oleh taubat, wektu niro mesti dadi bagus, kerono taubat iku suwijine peparing sangking Allah kang diparingake marang sopo bahe kang di kersakake deneng Allah Ta’ala.
Masalah taubat iki tekadang dihasilake deneng budak2 kang pecah2 kemiren sikile, naming ora di hasilake deneng bendorone. Terkadan dihasilake deneng bojo wadon, nanging ora dihasilake deneng bojo lanang.  Terkadang dihasilake deneng wong emon, nanging ora dihasilake deneng wong tuwo. Dadi yen siro diparing oleh taubat, nuduhake yen siro iku wong kang didemeni deneng Allah. Kerono dawuhe Allah Ta’ala kang artine: “ Temenan, Allah Ta’ala iku demen wong2 kang podo taubat sangkingduso, lan Allah Ta’ala demen wong kang podo sesuci sangking rereget.
Ora onokang kepengen siji marang perkoro, kojobo wong kang weruh kedudukakne perkoro iku. Upamane siro nyebar yaqut (berlian) ono ing ngarepe rumangkang (hewan), kang paling disenengi karo rumangkang mesti gandum ketimbang yaqut mau, cubo siro angen2!! Siro kelebu kang endi sangking golongan kang loro(2) iki?..Yen siro gelem taubat, siro kelebu setenganh sangking wong kang nganingoyo awake. Allah Ta’ala wus dawuh kang arine: “Sopo-sopo wong kang gelem taubat, mesti untung, lan sopo2 wong kang ora gelem taubat mesti rugi.
Hai wong kang baagus!! Siro ojo putus asa, nuli ngucap, kaping piro bahe ingsun taubat, nuli ingsun rusak dewe,ojo koyo mengkono! Kerono wong kang loro isih arep2 urip selagine ing awak isih ono ruh. Kawulo iku yen taubat,Suwargo kang dadi panggonane ngeroso bungah, langit lan bumi milu bungah, Kangjeng Rosulullah saw ugo milu bungah.
Allah swt iku ora ridho yen siro iku dadi wong akang demen, naming Allah Ta’ala iku ridho yen siro iku dadi wong kang didemeni. Nuli ono ing endi wong kang dikasihi lan wong kang ngasihi? Banget alane kawulo kang weruh kebagusan Bzat kang ambagusi deweke, nuli kawulo wani maksiat (durhokoni) Dzat kang gawe bagus.Naning wong kang  milih naksiat Allah ora weruh kebagusab Dzat kang gawe  bagus. Lan ora bakal wweruh kedudukane Dzat kang agawe bagus yen wong iku ora gelem ngawasi marang Dzat kang ambagusi.
Ora bakal untungh wong kang ketungkul sak liyane Allah, wong kang ngerti yen nafsu iku ngajak narang karusakan nuli deweke nuruti ajakane, ngerti yen ati iku ngajak2 marang kebeneran nuli dwewke durhakani atine dewe, lan ngerti kedudukan Pangeran kang di maksiati, nuli di adepi kanthi maksiat. Upamane wong iku ngerti persifatane Pangeran kang dimaksiati kanthi sifat Agung, temtu ora bakal di adepi kanthi ngelakoni maksiat, umpamane ngerti pareke bendoro Pangeran lan wong iku tansah di pirsani, tentu ora ngelanggar opo kang wus dilarang deneng Pangeran. Upamane ngerti labete duso kang wujud ono ing dunyo lan ono ing akhirat, ono ing kahanan samar lan ono ing kahanan ketingal, wong iku temtu isin karo Pangeran e. Lan upamane ngerti yen awake iku ono ing genggaman kekuasaan wong iku ora bakal wani nulayani.
Ngertiyo!! Yen maksiat iku ngandung arti ngerusak janji, ngudari janji demen ngalahake Bendorone (Allah) nuruti kesenengan nafsu, ngelepas tutup2pe roso isin lan rerikagtan keparek marangallah kanthi ngelakonikerkorokang ora di ridhoi deneng Allah. Kejobo maksiat iku ugo nimbulake labet2 kang pertelokoyo kang ono ing anggotane wong kang maksiatkeatingal buthek, ono ing moto ketingal atos, males khidmat (lumadi) marang Allah, ora biso ngerekso kahormatan, ketingal ngeriko nuruti kesenengan nafsune, lan ora biso ngelakoni laku tho’at, tumpuk2e penghalang rupo makhluk kang ngaling2ngi sinare Nur kang mencorong,tansah kelindih dening panguasane howo nafsu. Liyane kang kasebut iki isih ono ing ati timbul kemamangan kang tumpuk2, lali yen mesti bakal bali madep marang Allah lan suwene penelitian amal.
Ono ing maksiat wus cukup nuduhake alane kanthi pergantian asmo kerono yen siro iku tho’at iku arane siro wong kang ngelaakoni bagus lan yen siro iku maksiat, siro maleh aran wong kang ngelakoni olo tur mengo. Kang mengkene iki kandeng karo ngalihe sebutan, nuli pepriye yen kang ngaleh iku labet?. Yoiku kanthi labet roso manise tho’at maleh manise maksiat. Labet enake lumadi maarang allah maleh enake sahwat. Koyo mengkene pergantiane labet banjur kepriye yen kang ganti ikusifat?. Yoiku sakwuse siro suwijine wong kang amduweni sifat2kang bagus ono ing ngersane Allah Ta’ala, nuli ganti dadi wong kanganduweni sifat2 kang olo koyo mengkene iki gandeng karo pergantiane sifat. Nuli kepriye yen ganti iku kedudukan?. Yoiku sakwuse siro suwijine wong kang bagus ono ing nngersane Allah, nuli siro dadi wong kang kerusaak ono ing ngersaneAllah, sakwuse siro suwijine wong kang ati-ati ono ing ngersane , malah dadi wong kang cidero ono ing ngersane Alllah Ta’ala.

Yen macem2 duso iku kabukak ono ing awak niro, siro nyuwuno pitulung marang Allah, bisoho ngungsi marang allah lan rahine sirah supoyo siro wur-wuri lemah lan mature marang Allah. Allahumma…………….artine:” Duh Allah! NUgi Panjenengan kerso ngeleh awak kulo sangking ino nipunmaksiat dating mulyo nipun tho;at Panjenengan”. Siro bisoho ziaroh pasareanne poro wali lan wong2 sholeh, lan bisoho matur: Ya Arhamar Rohimin ( Duh Dzat langkung welas-welas ipun tiyang ingkang sami welas, mugi melasi dating kulo).
Opo siro iku wong kang karep merangi nafsu niro, sedeng nafsu niro iku siro kuwat2ti kanthi nuruti kasenengane? Sehinggo siro dikalahake deneng nafsu niro. Iling-iling!!!Temenan siro iku wong kang bodho.
Ati iku empere koyo wit-witan kang disirami karo tho’at. Uwohe’ yoiku opo kang tetemu (menpel) ono ing wit iku. Buahe meripat yoiku ngalap tepo telodo. Buwahe kuping yoiku ngerungokakr al-Qur’an. Buwahe cangkem yoiku dzikrullah. Buwahe tangan loro(2) lan sikil loro(2) yoiku nmelakune ono ing macem2e kebagusan. Dadi yen ati iku gareng wohe’ podo rontok, songko yen ati niro gareng, siro sipoyo ngakeh2akedzikir. Siro ojo koyo wong kang guneman,: aku arep tetombo, mengko yen wus waras. Yen siro guneman mengkono, siro mesti dijawab: siro ora bakal waras yen ora gelem tetombo.
Ono ing perang ikuora ono rosdo manise, kang ono naming pucuke tombak. Songko iku siro bisoho merangi nafsu niro. Ngertiyo yen wong wadon kelangan anak iku ora anduweni riyoyo. Balik kang duweni riyoyo iku wong kang biso nglahake nafsune, kang duweni riyoyo, yoiku wong kang biso ngumpulake perkoro kangperenco-perenco, tegesebiso nangepi macem2 persoalan.
Ono siji Ulama lewat ono ing omahe siji pendeto, nuli Ulama iki takon: Hai pendeto! Kapan riyoyone wong iku?. Pendeto ngucap: riyoyone yoiku oleh pengapurane Allah Ta’ala. Sifate awak niro karo nafsu niro iku koyowong kang nemu bojone ono ing warunge bakul arak, nuli bojo wadon iki di penganggoni pakeyan kang bagus2 (di ajak tho’at)lan macem2 panganan kang enak2 (ilmu), yen siro ninggalake sholat, iku berarti aweh panganan nafsu niro kanthi bubur harisyah lan macem2me panganan (opo kang diroso enak deneng nafsu).
Mulane sebagian Ulama ono kang ora nekani sholat jama’ah mongso petang puluh (40) thn, kerono deweke mambu gondobasin sangking atine, wong kang ppodo lali Allah Ta’ala.
Anggawok ake!!  Siro weruh opo kang dadi kemaslahatanne dunyo niro, naming siro bodho opo kang dadi kemaslahatane akhirat niro.
Sifate dunyo ono ing sanding niro iku koyo wong kang metu marang pekarangane lan giyat megawe. Sakwuse hasil, nuli ditimbun dadi bahan pangan, Nuli wong iku oleh manfaate barang kang den timbun ono ing wektu butuhe, sedeng siro iku nimbun sahwate nafsu kang koyo ulo, lan maksiaat kang empere koyo kalajengking, dadi siro dadi kerusakan, cukup nuduhane bodho niro. Poro menungso iku podo nyimpen bahan pangan kanggo persiapan wektu hajate,  sedeng siro iku nyimpen perkoro kang dadekake melarate awak niro, yoiku maksiat. Keperiye penemu niro? Wong kang teko anggowo ulo nuli diingoni ing jero omah. Ilingo!! Siro iku wong kang nindak mengkono iku.
Hal 32-----------------------Perkoro kang paling dikuatiake iki bahayane kanggo awak niro yoiku duso2 kang sepele, kerono duso gede iku terkadang siro anggep gede, nuli siro taubat. Lan siro ngangep amprih duso cilik nuli siro ora gelem taubat sangking duso cilik iku. Dadi siro iku empere koyo wong kang ketemu karo gembonge macan, nuli den selametake deneng Allah. Sakwuse iku ketemu karo seket macan kang cilik2, nuli siro biso dikalahake. Allah Ta’ala wus dawuh kang artine: Lan siro kabehpodo nganggep perkoro iku suwijine perkoro kang enteng, sedeng perkoro iku suwejine perkoro kang gede onoi ing ngersane Allah Ta’ala.
Duso gede iku yen mandeng sifat lumane Allah iku suwijine duso cilik, naming yen siro terus menerus andelurung. Duso cilik iku maleh duso gede, kerono sethithike racun iku biso mateni wong. Duso cilik iku koyo dene peletike geni, lan peletike geni ikuterkadang biso ngobong negoro
Hal 33--------------------Sopo-sopo wong kang napakohake kereksone awake sangking balak lan kesehatan ono ing maksiaat Allah, wong iku koyo wong kang ditinggali warisan dinar deneng wong tuwane, nuli ditukokake ulo lan kolojengking, kang dideleh ono ing kiwo tengene. Sedelo2 wong iki dicokot ulo lan sedelo2 di entup kolojengking. Opo kiro2 wong iki ora mati?
Wektu niro iku wus ditentokake kanggonulaayani Allah, dadi siro iku koyo dene manuk rajawali kang mabur mubeng2 ono ing duwure bathang. Yen weruh ono bathang manuk iki nudun narani lan mangan bathang iku,
Hal 34--------------------------------Siro iku bisoho koyo tawon madu, cilik awake naming gede sejone. Tawon iki seneng kembang2 lan didadekake suwijine perkoro kang enak dipangan yoiku madu.
Wus suwe siro gelempangan ono ing panggonan cuabak songko iku siro bisoho gelimpangan ono ing panggonan wong kang den demeni deneng Allah Azza Wa Jalla.
Hal 35-----------------------------Sak benere hakekat wus mertelake dalan niro, naming wong iku wus dipateni dening sifat lali. Belahi opo bahe ora biso ambalekake wong iku marang hakekat, kerono wong wadon kang kurang akale iku kepaten anane. Deweke angguyu, semono ugo siro. Siro mompo bilahi ora biso jungkung ono ing mongso bejo, ora podo ono ing mongso rino, lan sakabehane niro nompo bilahi, sedeng siro ora keroso loro. Kang mengkono iku ono sebab kejobo kerono ono lali wus matine awak niro. Kerono wong kang urip kang kecoblos dom keroso loro, lan upomo ono mayit iku di gebuk2 nganggo pedang, temtu ora keroso loro, dadi yen mengkono iku siro iku wong kang mati atine.
Hal 36---------------------Siro bisoho lingguh ono ingmajlis ilmu, kang ono majlis iku ono godane, setengah sangkong godane Suwarga kang biso siro temu ono ing dalanane iro, ananing kampong niro lan ono ing omah niro. Dadi siro ojo sampek kepotan majlis ilmu, senajan siro isih tetep maksiat.  Siro ojo ngucap: opo gunane aku teko ono ing majlis ilmu yen aku isih maksiat, lan aku isih during iso inggal maksiat. Balik wong kang baling beburon iku tetep inidakake ambalang, yen dino iku durung biso oleh beburon, sesuk bakal oleh.
Hal 37--------------------------Ngertiyo hai wong bagus!!  Siro bisoho wedi maksiaat, kerono terkadang maksiat iku mandeke rizqi, dadi siro kudu tetep nuperi tobat sangking Allah.Yen tobat den terimo dening Allah, siro wong kang bejo, lan yen tobat niro ora den terimo dening Allah, siro bisoho tetep nyuwun pertolongan Allah, lan supoyo siro matur marang Allah:” Duh Pengeran, kulo sampun ngelampahi nganiyoyo dating awak kulo, menawi Panjenengan mboten kerso ngapunteni dating kulo lan mboten melasi kul, sampun temtu kulo bade dados tiang2 engkang kapitutan.
Siro ojo koyo wong kang umure wus patang puluh (40) thn, naming siro during tahu dhodhok lawange Allah barang pisan.
Hal 38------------------Perkoro kang paling ketok kuwatir nganggu awak niro yoiku siro su’u kotimah (………………) sebab matine geni malawan iman kanthi irenge maksiat. Irenge maksiat yoiku tumpuk2an duso sehinggo tanpo ditaubati ati iku dadi ireng.
Siro ojo anggelepang amal2 niro lan milih perkoro kang ino2 kang dadi isine kakus. Siro bisoho weni marang nafsu niro kang manggon ono ing awak niro, Kerono nafsu iku nganggu2 opo kang dadi kesenengan ono ing awak niro. Nuli nafsu ora gelem ninggalake wong kang anduweni nafsu hinggo mati (bedo karo setan). Ono ing wulan Romadhon setan ninggalake wong kang diganggu, kerono ing wulan Romadhon setan dibelenggu.
Hal 39------------------Terkadang siro weruh ono wong mateni atawa nyolong ono ing wulan Romadhan, wong kang mengkono iku sangking pengaruhi nafsu. Dadi yen nafsu iku condong marang maksiat, supoyo siro elingo kalawan siksane Allah lan putus sangking Allah, sebab condong marang maksiat.
Hal 40------------------Madu kang beracun iku mesti disingkiri ,sarono ngerti manise madu, kerono anane bahaya. Kerono dawuhe Kanjeng Nabi saw kang artine: dunyo iku manis sarono ijo, tegese nyenengke. Seweneh riwayat mengkono: Dunyo iku batang kang jembar kanggone wong kang lali, dunyo iku manis lan ijo royo2 kanggone wong kang anduweni akal, dunyo iku batang jembar, manis tur ijo royo2, mungguho nafsu  batang kang kembar mungguho pengilone ati.    Manis tur ijo meden2ni batang kang jembar kerono melayukakesangking dunyo. Songko iku siro kabeh ojo sampek kabujuk manise madu, kerono pungkasane pasti pahit.
Yen siro ditakoni: Sopo wong  mukmin  iku? Siro bisoho ngucap yoiku:wong kang gelem ningali ,jelehe awak  dewe: ora gelem nyelo wong liyo…Yen siro ditakoni: Sopo wong kang ino iku?. Siro bisoho ngucap: yoiku wong kang nyacat wong liyo lan ambebasake awake sangking celo.
Hal 41--------------------Setengah sangking laku andelurunge kang dilakoni dening wong urip ono ing saben mongso yoiku ngetokake ajreh perahupan lan ramah tamah karo wong kang maksiat. Umpamane wong2 ikumgelem merengut, kang mengkonoiku wus suwijine pencegahan terhadap wong kang maksiat, sangking laku maksiat.
Upomo siro dibukakake lawang kasampurnane, siro temtu ora gelem bali marang laku2 kang asor…..Keperiye pandangan iro gandeng karo wong kang dibukakake lawang2 omah panggung? Opo wong iku gelem bali marang panggonane peluruhan.
Hal 42------------------Upomo siro dibukakake lawang rosoayemantara siro lan antarane Allah, siro temtu oragolek wong kang ngayemake siro sak liyane Allah. Yen siro dipilih dening allah suwiine wong kang madep marang pangayomanne Allah Ta’ala ora bakalmegot siro sangkingmadep marang Panjenengan. Lan siro suwijine wong kang mulyo kerono Allah. Siro, berate ora diserahake marang sak liyan Allah.Yen siro disingkir ake demen Allah saking demen makhuk, siro bungah  kerono kang mengkono iku setengah sangking wong kang diperhatekake dening Allah Ta’ala

Hal 43-----------------------------------------Saben kemaksiatan iku mesti dibarangi kainoan. Dadi opo siro maksiat Allah lan ngak dimulyoake deneng Allah? Ojo koyo mengkono!!..Sak temene Allah iku wus nyambung kamulyankaro tho’at lan nyambung kainoan  karo maksiat. Nuli tho’at dadi Nur lan kabukaan aling2….Lawan tho’at yoiku maksiat, dadi pepeteng ino lan kang aling2 ing antarane siro lan Allah Ta’ala.. Naning siro ngertiyo!! Ora ono kang nyegah siro sangking biso nyawang Allah, kejobo siro iku ora gelem mandek ono ing angger2ane Allah Ta’ala, lan siro ketungkul karo alamkang diwujudake.
Yen anak niro ambangkang ora gelem nurut, supoyo siro uruki peraturane2 agama,lan ojo siro umbar ake, baik  ono ing supoyo siro prengguti perlune supoyo agelem mareni olehe ambangkang.
Hal 44----------------------------------Bujukan kang paling akeh melebu ono ing awak wong mukmin (wong kang sampurno imane) yoiku naliko wong mukmin iku ngelakoni maksiat. Yen wus koyo mengkono, nuli ono kalane deweke diwelehake deningmasysrakat atawa di ino deneng masyarakat. Yen masyaakat wus opdo melehake lan ino2, akhire masyarakat podo salah dalan
Naliko wong mukmin ngelakoni maksiat, wong iku tumibo ono ing karusakan kang banget gedene. Carane mestasake soko  karusakan. Balik siro supoyo ngelakoni opo kang siro tindakake marang ono ino naliko ono iku ambangkang ono ing lahir siro supoyo melengos lan ono ing batin ono roso welas marang deweke lan ono ing atingkah samar supoyo siro dungoake.
Hal 45---------------------------------------Cukup nuduhake bodho niro, yen siro drengki marang wong kang ahli dunyo, kadang karo opo kang wus diparingake marang dewekelan ati niro ketungkul karo opo kang ono ing sanding ahli dunyo, dadi siro luwih bodho ketimbang deweke, kerono wong2 ahli dunyo iku ketungkul karo perkoro kang wus diparengake marang deweke, yoiku dunyo (roso lan ketungkul). Sedeng siro ketungkul karo opo kang  ora diparingake marang siro.
Hal 46----------------------------------------Meripat niro belekan(loro) ssiro gelem ngobati, kang mengkono iku ora ono sebab, kejobo siro wus ngerasaake lezate dunyo. Nuli iro gelem nambani supoyo siro ora pot ningali kaindahan2ne dunyo, naming moto ati niro belekan (loro) wus patang puluh (40) thn, siro ora gelem ngobati.
Siro ngertiyo yen kawit2anne umur niro kang wus kasiyo-siyo iku mestine siro kudu ngrekso sepuluh(10) kang topo mati lan kari siji…..Opo wong2 wadon iku biso ambalekan senenglan susah (suka dukane) ono ing kari siji? Temtu ora biso……Siro wus nyiyo2 sebagian akeh umur niro, songko iku sisane umur niro supoyo siro jogo, sisane umur niro iku koyo siso banyu kang sithik ing jero wadah…… Demi Allah: umur niro iku ora mulai siro lahir, naming kawitane umur niro iku mulai siro weruh allah Ta’ala.
Hal 47-----------------------------------Banget adohe perbedaan antarane wong kang ahli kabajan lan ahli ciloko. Yen wong ahli kabejan, naliko dewekan weruh masyarakat ngelakoni maksiat, ono ing lahir dewekebenci marang masyarakat, naming tansah dungoake. Dene wong kang ahli ciloko: inkare marang wong kang maksiat perlu nuruti mareme ati, mandar terkadang ngerusak kahormaatan wong kang maksiaata iku.
Hal48------------------------------------------------Kang aran wong mukmin kang ningkat imaneyoiku, wong kang gelem aweh nasehat marang sedulure ono ing tingkah sepi2nan lan nutupi celane ono ing tingkah ngebeng, lan wong kang ciloko iku sekabehan…..Yen weruh wong kang maksiat, deweke ngancing lawang (ora gelem nompo) lan meleh2 ake wong kang mengkono iku. Paningal atine ora biso padang, lan diadohake kedudukan ono ing ngersone Allah Ta’ala.
Hal 49-----------------------------------Yen siro kepengen ngukur akale siji wong, tingalono naliko siro nyebut2 siji wong marang deweke, Yen deweke siro tingali nangapi kanthi tanggapan kang olo, sehinggo ngucap: angeban ingsun wong iku panggaweane mengkene2……………………….siro ngertiyo, yen atine ong mau wus rusak lan ora ono makrifate. Nuli yen deweke siro tingali nyebut2 bagus wong kang siro sebut2 ono ing ngarepe deweke atawa naliko siro maido siji wong ono ing ngarep, deweke nangungake marang tanggapan kang bagus kanthi ngucap,menowo bahe wong iku lali,atawa wong iku lagi ono udhur, atawa ucapan sepadane… Siro ngrtiyo, yen atine wong mau tenang (ramah)…Kerono kanga ran wong wus mukmin kang sempurno Imane yoiku wong kang kalune tansah ngrekso keselamatan, kehormatane wong Islam liyane.
Hal 50-------------------------------Sopo2 wong kang umure wus arep entek (wus tua), nuli kepengen bisoho nusuli amal2 kang wus pot, supoyo dzikir kanthi dzikir2 kang wungkul, kerono yen gelem nindakake koyo mengkono. Umur wong iku kang cendhek malih dadi dowo.Umpamane dzikir…SUBHANALLAHIL ADZIM  WABI  HAMDIHI ADADA  KHALQIHI  WARIDHO  NAFSIHI  WAZINATI  ARSYIHI  WAMIDAADA  KALAMTIHI…..
Hal 51---------------------------------------------Semono ugo, sopo2 wong kang kepotan, akeh2he poso lan sholay, supoyo ngakeh2akedo’a sholawat kagem Rosulullah saw, keronoumpamane siro angguna ake sakabehane umur nirokanggo tho’at, nuli Allah Ta’ala marengake Rahmat ta’dim mau siji bahe marang siro (kang dadi pembalasan do’a, sholat). Rahmat ta’dim Allah kang siji iku luwih unjuk katimbang laku2 tho’at kaang siro tindakane ono ing sakabehane umur niro. Kerono siro wus moco do’a sholawat  miturut kadar kemampuan iro, sedeng Allah marengake Rahmat ta;dim marang siro miturut kiro2ne Kapangeranane Allah Ta’ala.
Hal52---------------------------------------Mengkono iku naliko Allah marengeke Rahmat ta’dime kang sepisan(1), banjur kepriye yen Allah paring sepuluh(10)Rahmat ta’dim marang siro kang dadi imbalance saben2 sholawat niro? Koyo opo kangwus diriwayatke ono ing hadist shohih, mindah baguse yen sak jrone urip iki siro banget/begitu tho’at marang allah kanthi siro biso dzikir marang Allah muji sholawat kagem Rosulullahsaw………..
Diriwayatake mengkene: saben ono hayawan(hewan) beburon biso diburu lan saben ono wit witan dikethoki iku kerono beburon lan witwitan iku lali sangking dzikir Allah Ta’ala. Kerono maling iku ora bakal nyolong melebu omah, sedeng wong2 kang anduweni omah iku ono ing keadaan melek. Balik yen ono maling melebu omah iku kerono laline atawa turune wong kang anduweni omah.
Hak 53-----------------------------------------Sopo2 wong kang ngerti yen perjalanan berangkat wus parek iku karekatan nyiapake sangon….Sopo2 wong kang weruh yen olehe ambagusi wong liyo during ono manfaate, wong iku mesti seregeb olehe gawe bagus…..Sopo2 wong kang ora ngitung pengeluaran, wong iku merti rugi lan ora weruh akibat.
Sopo2 wong kang ngangkat siji wakil, nuli weruh perbuatan khianate wakil iku mesti dipecat… Semono ugo nafsu niro!! Siro wus khianate nafsu niro, songko iku supoyo siro pecat lan dalane supoyo gawe sempit.
Hal 54-----------------------------------------------Yen siro weruh mengone awak  iro, nuruti syahwate nafsu lan lali, hiyo mengkono iku sifat niro.!..Lan yen siro weruh awak niro tansah bali marang Allah, wedi Allah lan gething dunyo, kang mengkono iku setengahsangking gawe ane Allah Ta’ala……Nyebute mengkene: Yen siro wit halpak eri lan wit usaj (wit kang akeh erine) ono ing daerah niro,  nuli siro geneman: Hiya mengkono iku tukulane bumi niro!!....Naning yen siro weruh tukulane kayu garu atawa kasturi (kang kgandane wangi), siro ngertiyo! (siro ngucap: yen kang mengkono iku kersane Aallah digawe dening Allah…..Ora setengan sangking tukulane daerah niro. Lengo misik iku getah heso kidang irak…..Minyak ambar iku sangking iwak laut segoro India..
Hak 55--------------------------------------------Sifate iman iku naliko siro ngelakoni maksiat, iku koyo srengenge kang lagi grahono, atawa koyo lampu kang siro tutupi piring, lampune tetep ono, naming sinare kaling2an tutup mau.Nulinsiro nekani majlis2se ilmu, ono ing majlis2 supoyo akal niro dadi sempurno.
Yen umur niro sethithik, bakal dadi akeh sebab ngasilake iman andelilak andepe2  wedi Allah..Angen2, eling2 lan sepadane. Dadi yen weruh kedudukane Iman, siro ora bakal perek2 maksiat..
Hal 56-----------------------------------Ora ono wong kang paling molor ambayar utang ngungkuli nafsu. Musuh kang paling gede kanggo siro yoiku syetan…Wong kang paling nemen ngerintangi siro yoiku hawa nafsu..
Ora ono kang  nolak maarang temurunne bantuan Allah koyo denng gumede, kerono banyu uddan iku mesti ngelumpuk ono ing tanah kang lembek, ora ono ing pucuke gunung. Semono ugo, atine wong2 kang podo gumede. Rahmat e’ Allah pindah sangking atine wong kang podo gumede lan temurun ono ing atine wong kang podo tawasuk.
Hal 57-------------------------------Kang dikarepake wong kang gumede yoiku wong kang nolak kabeneran, dudu wong kang bagus sandangane.Naning kang arane kibir yoiku nolak perkoro kang hategesan nolak kabeneran lan ngemperhake wong liyo.
Siro ojo anduweni anggepan yen wong kang gebelahen/bilahi iku namung wong kang den tahan atawa den bui, naning maksiat marang Allah iku ugo aran wong kang oleh balak, deweke ngeleboni kang najis maksiat ono ing Keratone Allah Ta’ala.
Hal 58------------------------------------------Akeh wong kang lapakhake dinar lan dirham, naming kang gelem napakahake Ruh e’ iku sitik.
Wong kang gumperung (ampang akale) yoikuwong kang kepaten anane, nuli diyangisi, naming deweke ora gelem nangis opo kang pot sangking Allah Azza Wa Jalla (tho’at lan ibadah). Wong kang gumperung kanthi lisan hal e koyo ngucap: aku iki nangisi opo kang biso nungkul ake ingsun sangking Pengeran ingsun. Mandar prayogane wong mau bungah, sebabanake matinuli biso madep marang Bendorone (Allah). Kerono Allah Ta’ala wus mundut opo kang biso nglalekake  wong mau sangking Allah Ta’ala.
Hal 59----------------------------------------------Olo banget yen siro iku wus uwanen(uban) rambute, sedeng akal niro koyo bocah cilik, lanora paham opo kang dadi kersane Allah Ta’ala marang awak niro. Yen siro iku wong kang anduweni akal, siro bisoho, nangisi awak, sedurunge siro ditangisi wong liyo. Kerono yen siro mati iku sak temene anak, bojo, pembantu lan konco2 niro iku ora nangisi siro. Balik, wong2 iku podo nangis opo kang pot sangking siro. Songko iku siro supoyo nangis wong2 mau kanthi nangisi awak niro. Siro bisoho ngucap: Ingsun wajib nangis, kerono ingsun kepotan bagian sangking Pengeeran ingsun. Sedurunge bojo, anak lan konco ingsun podo nangis ingsun.
Hal60-------------------------------------Cukup nuduh ake bondo niro,yen siro iku dibagusi dening Pengera kanthi dituheni, naming siro madep marang Pengeran kelawn ongkot.
Wong lanang kang bener lanange, iku ora soko wong kang gembor2 olehe dzikirlan nangisi ono ing ngarep majlis wong akeh. Balik, lanang kang bener lanange yoiku wong kang gembor2 nangis awake lan ambalehake gayah urusan awake marang Allah Ta’ala.
Hal 61---------------------------------------------Sopo2 wong kang ngebotake awake susah mikir dunyo, wong iku koyo wong kanga rep disander macan kang cenkerem, nuli dicokot nyamuk, nuli wong iku ketungkul nyingkrihake nyamuk ora ngurus keperiye biso lan lepas sangking cenkereman macan. Kerono wong kang lali sangking Allahiku mesti ketungkul karo perkoro kangempere, lan wong kangora lali sangking  Allah iku merti ora ketungkul liyane Allah Ta’ala. Dadi luwih bagus2e tingkah niro yoiku yen siro lepotan dunyo perlu ngasikake akhirat…..ELINGO!! Wus banget suwene siro iku lepotan akhirat perlu ngasilake dunyo.
Temenan anggawokake!! Mendah olone yen tentara iku wedi temenan anggawokake, mendah olone yen wong ahli mahwu iku pelatan, temenan anggawokake. Mendah olone golek dunyo kanggo wong kang ngetokake zuhude’ ono ing dunyo.
Hal 62----------------------------------------  Ora wong lanang sejati iku wong kang ngitik2, tegese, noto pengwucange,naming wong lanang sejati yoikuwong kang tannsah awas pandangane. Diriwayatake songko Abi Abas Al mursi ra. Panjenengane dawuh: Penyu (bulus) iku yen ngitik2 anake namung ditingali sangking adohan. Semono ugo guru mursid iku yen andidik muridte iku naming diawasi. Kerono bulu iku endhoke ono ing daratan, nuli mengkono ono ing kali lan ngawasi endhoke sangking jero kali, kelawa olehe ngawasi bulus jero banyu iku..Allah Ta’ala ngitik2 anak penyuiku..
Hal 63-------------------------------------------Siro wedio! Ojo ngantinmetu songko alam dunyo iku, sarono ono ing kahanan during ngerasaake manise demen Allah Ta’ala. Manise demen Allah Ta’ala iki ora ono ing macem2me pangan lan ambon2, kerono yen mengkene, siro iku podo karo wong kafir lan rumengkang. Balik, siro bisoho nyekuthonimalaikat2 ono ing ngerasaake manise dzikir lan kempalan eling marang Allah Ta’ala, kerono Ruh iku ora kuat nanggung rembese nafsu. Dadi yen jegur ono ing dnuyo kang koyo batang, siro ora patut nasebah ing pengayomane Allah Ta’ala.Kerono pasebahane Allah Ta’ala ora dileboni wong kang jembret kotorane maksiat.
Songko iku ati niro supoyo siro bersihake sngking cacat, siro bakal dibukakake lawang perkoro samar. Siro supoyotobat marang Allah, bali marang Allah kanthi tho’at lan dzikir.
Hal 64-----------------------------------------Sopo2 wong kang terus meneus andhodhok lawang, wong iku bakal dibukakake lawang mau.Umpamane ingsun ora karep tumindak alus marang siro, ingsun ora bakalandawuhake opo kangingsunterangake marang siro. Kerono lawang Allah Ta’ala iku koyo opo kang wus didawuhake dening Rabtah Adawiyah.mongso kapan lawang panglayonane Allah Ta’ala iku wus ditutup, sehinggo perlu dibukak. Naning  hay wong bagus! Kang ingsun karepake yoiku lawang kang biso nekakake siro marang keparekke’ marang Allah Ta’ala.
Hal 65---------------------------------Ati niro ojo sumpek lali sangking sifate suwijine Allah Ta’ala, kerono kawit2tane derajat wong kang podo dzikir yoiku, ngerentekake sifat Allah Ta’ala. Saben wong kang podo dzikir marang Allah Ta’alal nuli dibukak ake lawang. Pangayomane Allah iku naming ssebab deweke podo ngerentekake sifat suwijine Allah Ta’alal. Lan saben wong kang podo dzikir iku dotokal iku ora ono sebab, kejobo deweke podo dzikir sarono laline atine.
Siro bisoho kalap bantuan madepe ati niro marang Allah kanthi anggemput syahwat loro(2) yoiku syahwatweteng lan periji. Ora ono kang ngalang2i siro ono ing madep allah kejobo nafsu niro dewe.
Anggawokake!!.Opo kang andadekake akehe demen iro marang mahluk?. Nemenanan anggawokake opo kang andadekake sitik demen iro marang Allah. Umpomone siro dibukake ngudi lawange demen marang Allah, siro temtu weruh macem2 kegawokan.
Hal 66-------------------------------Setengah sangking ngudi demen marang Allah, yoiku sholar rong (2)rekaat ono ing tengah wengi, tilik wong loro(sakit), ambantu sedulur islam, lan nyikirake perkoro kang gawe loro(sakit), Sangking dalanan iku ugo setengah sangking ngudi demen marang Allah. Naning padang kang kembiletan iku butuh marang lengen tengen kang nyekel.
Ora ono ibadah kang luwih manfaati marang siro ketimbang dzikir, Kerono dzikir iku kungang dilakoni dening wong kang banget tuwin lan wong kang loro(sakit) kang ora kuat ngadek, ora juat rukuk, lan ora kuat sujud.
Hal 67-----------------------------------Ngertiyo yen poro Ulama lan poro Hukamal (wong kang ngamalake ilmune) iku wusnuduhake marang siro kepriye bisone siro iku melebu ing pasebane Allah Ta’ala?.  Opo siro weruh budak kang lagi dituku?.Opo budak iku wus patutngeladeeni Bendorone?. Temtudurung. Balik, budak iku disediani wong kang ngitik2 lan mulang toto kromo. Nuli yen budak mau wus patut lan ngerti toto kromo, budak mau lagi diajokae lumadi marang Ratu (Bendorone), semono ugo poro Wali Allah ra. Poro Wali iku ngancani lan ngulang poro murid hinggo dimunggahake ono ing pengayonane Allah Ta’ala… Podo wong kang wus ahlingelangi, arep nglatih bacah cilik, bocah iku diwenei pengarahan2 hinggo biso ngelangi dewe. Nuli yen wus biso temenan lagi dilebokake ing tengah sgaoro lan ditinggal.
Hal 68--------------------------------------------Ati-ati!!! Siro ojo anduweni anggepan yen poro Nabi, poro Walilan poro Shahiyin iku ora biso digowo lantanran, poro Nabi, poro Wali, poro wong2 Shohiyin iku kabeh bido dadi lantaran (mugo2 Allah andadekake wasilah marang panjenengan), kerono saben2 karomahte wali iku minongko paseksenmarang benere Nabine Allah…  Sebab karomah iku wus lumaku ono ing pribadine poro Wali. Koyo perkoro2 kang nulayani pangawite melaku ono ing duwure banyu. Mabur ono ing awang2,biso nyeritakake kahanan kang samar, nyebrang banyu lan liya2ne. Poro Wali2 iku diparingi karomah2 kang mengkono iku kerono arahe poro Nabine Allah Ta’ala.
Hal 69-------------------------------------------Diceritaake sangking Syekh Ali Hasan Sadeli ra. Panjenengan dawuh: Siro bisoho ngukur lan nimbang awak niro kelawan sholat, yen oleh siro sholay wus ora ngelirik bagian2 nafsu, siro ngertiyo yen siro iku wong kang nyebo.. Yen during biso mengkono siro supoyo nangisi awak niro. Nalikane sironarik sikil niro, marang nindakake sholat, kerono oposiro weruh kekasih kang  oran kepingin ketemu kekasihe?.
Hal 70-----------------------------------------Allah Ta’alawus dawuhono ing Al-Qur’an kang artine mengkene: Temenan, sholat iku boso nyegah sangking perkoro kang olo lan perkoro kang mungkar.
Dadi sopo2 kepengen ngerti hakekate awak ono ing ngersane Allah lan kepengin weruh solah tingkah wak terhadap Allah. Wong iku supoyo ngenali marang sholate, opo olehe nindakake sholat iku kanthi khusuk lan anteng, opo kantahi lali lan kesusu, yen oleh niro nindakake sholat iku ora ono sifat loro(2) kang disik (khusuk lan anteng), siro supoyo ngawur2ake lemah ono ing sirah niro, kerono wong kang baturan lungguh karo wong kang anduweni minyak misik. Wong iku mestine kambo ngandane misik. Kerono sholat iku bantuan langsung Allah Ta’ala. Dadi yen siro iku lelungguhan karo Allah Ta’ala, nuli siro ora oleh opo2 sangking Allah, nuduhake anane penyakit ono ing ati niro. Ono kalane penyakit gumede atawa ujub atawa ora anduweni toto kromo.
Allah Ta’ala dawuh kang artine :Wong2 kang podo gumede ono ingbumi tanpo ono haq anggumedeni bakal Ingsun enggokake sangikng ayat Ingsun….
Hal 72--------------------------------------------Songko iku ora prayogo kanggo wong kang rerikatan. Balik, bisoho dzikir Allah lan nyuwun pangapurane Allah sangkingsembaran sak jerone sholat. Kerono oran kurang2 sholat iku oran patut diterimo. NUli yen siro gelen nyuwun pangapurane Allah sakwuse sholat, nuli diterimo.Kajeng Nabi saw, iku yen rampung shoolat Panjenengan moco Istiqfar kaping telu(3).
Piro bahe penyakite ati niro kang samar2 naning yen wus katonan wadi. Wadi iku mersti bias ngetokake penyakit iku lan penyakit ati kang samar kang paling gede dusone yoiku mamang marang Allah Ta’ala. Mamang gandeng karo urusan rizki, iku berarti mamang terhadap Dzat kang paring rizki.
Hal 73------------------------------------Dunyo iku luwih oni ketimbang yen kesusahane dunyo iku diwilang abot.
Cilik2 sebo (asore cita2) iku biso ngabotake perkoro kang cilik. Dadi yen siro iku bener wong kang gede cita2ne, siro tamtu ngabotake perkoro kang gede, tegese, perkoro kang penting. Sopo2 wong kang ngabotake susah kang cilik lan ninggalake perhatiane kang gede, Wong kang iku ingsun anggep wong kang cicih (cacat) akale.
Siro bisoho tumandang ngelakoni opo bahe wajib kanggo siro, yoiku tugas2 kumawulo marang Allah. Sedeng Allah iku Pangean kang ngurus siro kelawan opo bahe kang wus ditetepake kanggo siro.  Yen Allah Ta’ala paring rizki narang bedegal, cecek lan bintawardan, opo nuli Allah lali paring rizki marang siro?. Tamtu ora lali.
Haal 74-----------------------------Allah Ta’ala wus dawuh kang artine: Keluarga siro iku supoyo siro perintahake sholat lan siro sabaro nindakake sholat. Ingsun (Allah)ora anjalik rizki sangking siro, Ingsun Pangeran kang Paring rizki siro.Pungkasan bagus iku kanggo wong2 kaang podo wedi Allah Ta’ala.
Saben2 wong tansah ngereso Haq e’ Allah, nuli Allah Ta’ala nganakake mahluk anyar ono ing lingkungan keratone wong iku merti diparingi pirso dening Allah Ta’ala.
Hal 75--------------------------------------Ono siji Ulamak ningali marangwong kang lagi kumpul2, nuli Ulamak iku takon: Ono ing kalangan iro kabehiki opo ono kang diparingi pirso kedadean anyar kang didadekake dening AllahTa’ala ono ing keratin?. Wong2 iku podo matur: Mboten wonten, nuli Ulamak mau dawuh: Yen mengkono siro kabeh supoyonangisi awake dewe2.
Wong2 disik inongko golongan Ulamak salaf ra, podo takon siji, wong gandeng karo tingkahe, perlu paring isyarat supoyo wong mau gelem syukur. Naning ono ing dino iki perayogane masyarakat ora susah ditakoni, kadang karo tingkahe, kerno (ono ing mongso iki) masyarakat iku yen siro takon. Siro aweh isyarat deweke supoyo siro wadul2 lan sambat2.
Hal 76------------------------------------------------Diceritakae ono siji wong kang panggaweane nduduk kuburan, perlu nyolong ulesan mayit, wong iku wus tobat. Nuli sijidino wong iku maturmarang gurune: Duh bedoro kulo!!! Kulo puniko sampun nduduk sewu(1000) kuburan, manggihi rahe’ tiang ingkang kulo pendet ulesipun, meniko sami melengos saking arah kiblat, ingkang mekaten puniko menopo sebab ipun?. Gurune dawuh: Hay anakku!! Kang mengkono iku kerono wong2 mau podo mamang karo urusan rizkine.
Hay kawulone Allah! Yen siro nyuwun marang Allah, bisoho nyuwun, mugo2 Allah Ta’alakerso ambagusake awak niro sangking arah opo bahe, lam mugo2 Allah kerso ambagusake siro kanathi ridho ono ing olehe nagtur Allah marang siro.
Hal 77-------------------------------------------Hay Kawulone Allah!! Siro iku kawulo kang ambandel (beret) Allah Ta’ala nuperih siro, supoyo lewat ono ing dalane Allah, siro melayu sangking dalan iku, nuli melayu niro iku panggawean iro,kanthi solah tingkah, lan kanthi sejone. Atine opo siro iku ora aran wong kang ambadel, melayu yen siro iku sak jerone sholat lali Allah?...Nalikone poso, siro dolanan ono ing kawelasane Allah siro podo sambar2.
Hal 78----------------------------------Den nyeritaake sangking Syekh Abi Hasan Sadili ra. Panjenengane dawuh: Ingsun iku tau manggon ono ing alas ono ing mongso telung(3) dino. Sedeng Ingsun iku ora duwe opo2, nuli ono wong Kristen lewat, weruh ingsun lagi turonan, salah sijine wong Kristen iku ono kang ngucap: wong iku pendeto (kyai ne’) wong2 Islam. Nuli wong2 kristen iku andeleh setitik panganan ono ing sanding sirah Ingsun, nuli podo bali. Nuli Ingsun geneman dewe: Anggawokake temenan!! Keprite Ingsun kok diparingi rizki lewat tangane musuh lan ora diparingi rizki lewat tangane poro kekasih. Bareng Ingsun gawok kang mengkono, Ingsun kerungu ono suaro mengkene: Kang aran wong lanang kang sejone iku dudu wong lanang kang oleh rizki lewat tangan kekasih. Naning kang aran wong lanang kang sejone yoiku wong kang oleh rizki lewat tangane musuh.
Hal 79---------------------------------------Hay wong bagus!! Siro bisoho andadekane nafsu niro koyo jaran tumpangan, kang semongso2 jaran ikumenggok, nuli siro gepuk (sabet) nuli bali marang dalane.
Umpomone siro gelem mindakake terhadap awak niro koyo opo kang sirotindakanke terhadap kelamben jubah niro, kang semongso2 jubah iku kotor nuli siro umbah, lan semongso2 suwek2, nuli siro tambal lan siro salin kang anyar.Siro mesti oleh kabajan.
Pirang2 wong lanang kang wus putih rambut jenggote, sedeng deweke during lungguh sebo ono ing ngersane Allah kanthi lungguh kang diberangi neliti awake’.
Hal 80----------------------------------------------Di riwayatake sangking Syehk Makinuddin ra. Panjenengane dawuh: Ingsun iki ono ing kawitane suluk. Kang Ingsun tindakane yoiku tansah niti2 awak Ingsun, ono ing sabes wektu sore, Ingsun nuli goneman, dino iki mau Ingsun ngomong mengkene2, sakwuse’ Ingsun teliti ono telu(3) kalimat atawa patang (4) kalimat kesalahane.
Siji dino ono ing sanding Syehk Makinuddin ra, ono wong tuwo kang umure kiro2 wus sangan puluh(90) thn. Nuli Syehk Makinuddin matur: Duh Bendoro kulo, duso kulo niku sanget kathahipun.Wong tuwo mau dawuh: Opo kang siro wadulake iku suwijine perkoro kang Ingsun dewe ora tauweruh, lan Ingsun ora ngerti, Yen ingsun ngelakoni duso babar pisan.
Hal 81---------------------------------------Yen ono ingurusan dunyo ikun ono wong kang ahli dunyo , kang sopo2 wong kang semedah marang deweke, wong mau bakal dicukupi, semono ugo akhiran, iku ono wong kang ahli akhirat kang sopo2 wong kang semedah marang deweke, wong iku bakal dicukupi dening wong ahli akhirat iku.
Hal 82-----------------------------------------------Siro ojo ngucap:Ingsun wus loro2 naning ingsun ora nemu kang ingsun loro, kerono yen siroiku loro kanthi temenan, siro merti nemu. Sebabsiro ora nemu opo kang siro goleki iku, keronosiro iku ora gelem nganakake persiapan. Kerono nganten wadon iku ora bakalketinggal (diweruhi)marang wong kang lacut. Dadi yen siro berusaha bisoho ningali nganten. Siro kudu ninggalake penggawean lacut, lan yen siro wus gelem ninggalake lacut, siro bakal weruh poro waline Allah Ta’ala. Poro waline Allah iku akeh, ora bakal kurang itungane, lan saluran bantuaan, umpamane jumlah wali iku kurang sijibaheNur Kenaniane msti sudo
Yen siro demen marang wong kang siro demeni, Siro ora bakal biso tumekomaarnaag kakasih niro, sedurunge siro dadiwong kang ahli tumeko marang kekasih noiro iku. Keahlian biso tumeko marang kekasih iku, siro kudu bersih sangking sifat2 kang olo kang ora desenengi kekasih.
Hal 83-------------------------------------------Syehk Abu Hasan Sadeli dawuh: Poro waline Allah iku koyo nganten. Lan nganten iku ora biso diweruhi dening wong kang lacut.
Yen siro keroso abot ngelakoni tho’at lan ibadah lan yen niro ora biso ngerasaake manise tho’at lan ibadah, sedeng awak niro enteng ngelakoni maksiat lan ngerasakake manise maksiat, siro ngertiyo yen siro during temenan (bener2)tobat niro.Tobat yen asal tobat iku wus bener. Pang2nge yoiku tho’at lanibadah ugo mesti bener
Hal 84-------------------------------------------Mendah niyata, umpomone tho’at niro marang Bendoro niro, iku koyo tho’ate budak niro marang siro. Kerono siro iku demeng  yen budak niro giat ngeladeni siro terus menerus. Siro iku demeng tho’at naning siro nuperih supoyo enggal2 rampung sangking tho’at, dadi siro iku koyo hayawan (hewan) kang notol nganggo cucuk.
Hal 85---------------------------------------Kaping piro bahe siro iku oleh kaenakan, sebab tenguk2 ono ing lawange mahluk (jagaake mahluk). Kan kaping piro bahe poro mahluk ngimo2 siro, nsning siro ora gelem balik maarang Bendaone.
Den nyeritaake sangking Syehk Makinuddin Asmari ra. Panjenengane  dawuh: Ingsun mau mimpi ketemu bidadari. Bidadari ikungucap: aku iki milik sampeyan lan sampeyan milik ingsun. Syehk Makinuddin dawuh; Bareng wus lewat mongso kiro2 rong(2)wulan atawa telung(3) wulan, aku woro biso gemenan karo wong, saben aku gemenan karo wong, aku mesti muntah2, kerono ngerasakake enake gemenan karo bidadari.
Hal 86------------------------------------------Cukup nuduhake olehe niro mungkir yen siro ambukak  meripat loro(2) niro anggo ngawasi dunyo iki.Keerono Allah Ta’ala wus dawuh kang artine: Siro ojo ngotwat meripat loro niro, tegese ojo ningali opo kang Ingsun gawe nyenengake macem2 golongan manuso, minongko dadi pepaese’ dunyo perlu gawe fitnah wong2 iku ono ing kesenengane dewe.
Allah Ta’ala wus netepake marang siro waras lan loro(sakit), sugih lan pekir, bungah lan susah perlune supoyo siro weruh Allah kanthi sifat2 sampurnane.
Hal 87-----------------------------------Wong kang ngancani siro ono ing mongso sedino atawa rong dino, nuli deweke ora oleh manfaat sangking siro. Wong iku mesti ninggalake ssiro, lan golek konco liyan. Sedeng siro iku wong kang ngancani nafsune ono ing mongso 40 thn lan ora oleh manfaat sangking niro, songko iku siro bidoho ngucap marang nafsu niro: Hay Nafsu!! Siro baliyo marang ridhone Pengeran niro, wus suwe ingsun nuruti siro ono jng kesenengan2 dunyo. Sak wuse nganggur sakiki siro gentian karo ketungkule Alllah Ta’ala.. Sak wuse akeh guneman gantiyo karo meneng.Sak wuse mandek, gadek ono ing keramean2, siro gantiyo karo lungguh meneng ono ing paseban. Sak wuse meneng ayem karo mahluk, siro gantiyo karo meneng ayem Allah Ta’ala.Lan sak wuse kekancan karo konco kang olo, siro gantiyo kumpul karo wong kang ahli kebagusan.
Hal 88----------------------------------Siro bisoho andadekake tingkah2 niro nulayani karo opo kang wus siro lakoni.
Melek niro kanggo maksiat Allah supoyo siro ganti karo melek tho’at maarang Allah. Sak wuse madep marang ahli dunyo, bisoho siro ganti karo mengo sangking ahli dunyo lan madep marang Allah. Sak wuse ningkelingake marang guneman lan mahluk, supoyo siro ganti akro ningkelingake maaraang dawuhe Allah Ta’ala.
Allah Ta’ala wuh dawuh kang artine: Wong2 kang podo perang golek ridho Ingsun, wong iku bakal Ingsun duduhake dalan2 Ingsun.
Hal 89---------------------------------------------Ora ono kang wani maksiat Allah, kejobo wong kang ora weruh siksane Allah. Wong kang wani ninggalake tho’at marang Allah iku naming wong kang ora weruh ganjarane Allah Ta’ala. Nuli umpamane wong2 kang podo wong kang maksiat iku weruh ganjarane kang dijanjekake dening Allah , marang wong kang bakal dadi penduduke Suwargo, temtu ora bakal ninggal tho’at sak kedepe meripat bahe.
Yen siro kekancan karo wong2 kang ahli dunyo, wong2 iku bakal narik siro marang melu seneng dunyo. Lan yen siro ngancani wong2 ahli akhirat, wong2 iku bakal narik siro marang demen Allah Ta’ala.
Hal 90-----------------------------------Kanjeng Rosulullah saw dawuh kang artine: Saben wong iku bakal digiring miturut agamane kekasih. Mongko iku siro kabeh supoyo ningali marang wong kang diajak asih2an
Yen siro milih  panganan kang bagus2, kang ora ngandung beboyo kanggo awak niro, lan yen siro milih wadon kang ayu kanga rep siro rabi. Semono ugo siro bisoho asih2an karo wong kang biso nuduhake dalan kang bener nuju maaranag ridhone Allah swt.
Hal 91-----------------------------------Ngertiyo!!!Siro iku anduweni kekasih telu(3): 1). Arto: Siro bakal kelangan arto iku naliko siro mati. 2). Keluarga: Siro bakal ditinggal dewekan ono ing kubur. 3). Amal: Siro ora bakal ditinggalake dening amal niro sak lawase.
Songko iku siro bisoho kekancan karo konco kang  bakal bareng2 melubu kuburan lan siro ayem karo konco iku (amal)
Wong kang sempurna akale yoiku wong kang ngerti perintah2e Allah lan larangan2e Allah.
Hal 92---------------------------------------Siro iku empere koyo bedegal kang uripe ono ing teletongan lan tahi. Yen ditempeli kembang mawar, bedegal iku mati.kerono mambu gandane kembang mawar, nuli sebagian menuso iku ono kang himmahe (kekarepan) koyo bedegal, lan akale koyo laron. Kerono laron iku tansah nimbahake awake ono ing geni (lampu), sehinggo awake kobong. Semono ugo siro. Siro nyemplungake awak niro ono ing geni maksiat kanthi sengojo.
Yen siro karep melaku marang  Allah, siro bisoho ngencengi sabuk niro. Nuli endi himmah (cita2) kang luhur.
Hal 93---------------------------------------Temenan!! Siro mangan iku kanggo urip, lan siro urip kanggo mangan. Yen penggawean iro naming mengkono? Dadi sifat niro iku empere koyo panganan kang uleran. Hayawan(hewan) kang anggeremet ing bumi, kang podo karo siro ugo akeh.Kerono jaranan kang paling akas yoiku jaran kang melempet (berangkik) wetenge.
Siro ngucap: bengi ikiakuarep mangan sitik, naming bareng wus madep panganan, koyo2 panganan iku kekasih niro kang pisah, nuli ketemu, tegese siro banget beronatanan.
Sopo wong kang oran dikersaake bagus dening Allah, wong iku bakal kagelan nompo pitutur, Kerono Allah Ta’ala wus dawuh kang artine: Wong kang dikersaake  difitnah dening Allah, siro (Muhammad) ora bakal biso nguwasani opo2 marang deweke.
Hal 94-----------------------------------Gawok!!Opo kang dadekake siro melayu marang ino?. Gawok!! Opo sebab niro nibakake awak  niro marang ino?. Awak niro!. Siro ino dewe lan siro jerumusake ono ing panggonan kerusakan.
Saweneh Ulamak dawuh: Siro iku yenkaro Allah Ta’ala bosoho koyo bocah cilik karo ibune, semongso ibune ora gelem dieloni anake tambah gapeyuk ibune. Lan bocah mau ora weruh sopo2 kejobo namung ibune.
Hal 95--------------------------------------------Hay kawulane Allah!! Kanggo awak niro, siro milih panganan kanag enak2, mandar kanggo rumangkang niro, siro pilihake pangan kang bagus, nanging yen siro serawungan karo Allah (ibadah) siro tindakake borongan (pokoke tandang).
Terkadang siro iku mulak malik milih , semongso hinggo rong puluh (20), nuli siro namung milih siji kang patut kang arep kanggo isine kakus.
Hsal 96--------------------------------------------Nalikane mangan siro lungguh kanthi silo, mandar terkadang siro suwek2ake olehe niro lungguh perlu ngenakake mangan. Nanging (anehe) yen siro sholat, siro tindakake koyo notole piitik. Ngangguan2ne kerentek kang olo podo teko ono ing sholat niro. Tingkahe wong kang mengkene iki empere koyo wong kang ngedekake awake dewe, atawa lungguh kanggo sasarane tombak lan panah. Dadi songko arah endi bahe wong iki keno sasarane tombak lan panah. Opo wong kang mengkene iki jenengeora aran wong kang banget kumprunge.
Yen siro kerungu hikmah, nuli ora gelem ngamalake iku, siro podo karo wong kang nganggo kalambi perang , nanging oran melu perang.
Hal 97--------------------------------------------Eling-eling!!!Temenan, wus ono undangan nekani bondo dagangan Ingsun. Opo ono wong kang tuku?. Aji kertane awak niro yoiku aji kerta (rekane), peerkoro kang siro ketungkul marang perkoro iku. Dadi yen siro iku ketungkul (sibuk) ngurus dunyo, siro iku ora ono ajine. Kerono dunyo iku empere koyo batang kang ora ono regane.
 Panuwun kawulo marang Allah Ta’ala kang paling utama yoiku nyuwun supoyo biso jejek ajek tho’at marang Allah Ta’ala. Allah Ta’ala wus dawuh kang artine: Mugi Panjengenan kerso nedahake kulo dating margi ingkang jejek lempeng.
Hal 98--------------------------------------------Siro supoyo nyuwun hidayah lan istiqomah marang Allah Ta’ala. Istiqomah yoiku  yen siro tansah ono ing ngersane Allah, ono ing saben2 tingkah niro kanthi netepi opo bahe kang dadekake ridhone Allah.  Yoiku netepi opo kang wus digowo dening Kanjeng Nabi Muhammad saw, sangking Allah Ta’ala.
Empere salih (wong kang ngambah dalane usul marang Allah) iku koyo wong  kang ngeduk lemah kanti sitik2 hinggo wong mau nemu lubang sumur, nuli banyu kang nyembur kanggo wong dewe sak wuse koyak2.
Hal 99------------------------------------------Empere majdub ( wong kang langsung tertarik ono ing pangayonane Allah) iku koyo wong kang karep oleh banyu. Nuli ono mendung ngasowake udan marang majdub, nuli majdub iku anjupuk banyu kang dibutuhake tanpo kangelan.
 Yen nafsu niro iku siro wenwhi opo bahe kang dadine kesenengan, lan siro yansah nuperih opo bahe kang disenengi, Siro iku podo karo wong kang ono ing jero omahe ono ulane, lan saben dino dilemokake sehinggo ulo iku mateni wong kang duwe ulo.
Hal 100------------------------------------------------Umpomo  siro iku  didadekake Allah rupo Ruh kang tonpo nafsu, siro temtu naming tho’at tanpo maksiat. Sebaline yen upomo siro iku didadekake dening  Allah rupo nafsu kang tanpo Ruh, siro temtu namung  maksiat tanpo tho’at. Songko iku siro didadekake dening Allah menuso kang ono atine, ono Ruh e, ono nafsune, lan ono hawane. Padane tawon madu , didadekake dening Allah ono entupe lan ono madune, songko iku tawon madu iku macem2 sifate, anane madu kanthi pameksane Allah. Dadi  Allah Ta’ala ngersaake pecahe ajakane nafsu iku kanthi ono anane ati. Lan pecahe ajakane ati iku kanthi anane nafsu.
Hay kawulone Allah!! Allah Ta’ala numperih sangking siro supoyo siroiku dadi kawulane Allah. Nanging siro emoh, kejobo namung sebagian ( siro kang dadi Pengerane).
Hal 101------------------------------ Madep niro marang  Allah yoiku yen siro nyuwijikake ibadah niro kerono Allah. Nuli peparangan Allah Ta’ala kok ridho marang siro, yen siro iku ibadah (nyembah) marang liyane Allah. Dadi upamane siro iku teko marang Ingsun sarono nuperi peparing sangking Ingsun. Siro temtu ora gawe insaf (sadar) marang Ingsun, nuli keperiye Allah Ta’ala kok ridho nalikane siro madep marang sak liyane Ingsun.
Dunyo iku mandek ono ing dalane akhirat, nuli biso ngenggokake tumeko marang akhirat. Akhirat iku madek ono ing dalane Allah, nuli biso nyegaha tumeko marang makrifate Allah.
Hal 102----------------------------------Setengah sangking welase Allah marang siro yoiku yen siro dibukakake celo2ne awak niro lan celo2ne iku ditutupi sangking masyarakat.
Kanjeng Rosulullah saw, iku wus dawuh kang artine: Sedino dunyo iku biso ngelalekake dalane akhirat.
Hal 103-------------------------Siji dino ono bojo wadone siji Ulama, matur marang bojo lanang, Aku iki ora kuat yen sampeyan tinggal lungo lan ketungkul karo liyane aku, nuli ono suoro diundangake mengkene: Yen bojo wadon nironiku ora wong kang  gawe lan wong kang sujud ake niro, sedeng deweke seneng yen ati niro tansah seneng karo deweke, nuli kepriye Ingsun kok ora demen yen siro iku ngumpulake ati niro marang demen Ingsun?.
Hal 104-------------------------------------------Siji wwektu Ingsun ono ing ngesane Syeh Abu Abbas Mursid ra. Nuli ono ing ati Ingsun utak atik macem2 perkoro, nuli Pnjenengane Syeh abu Abbas dawuh: yen nafsu niro iku ono ing keluarga niro siro keno nindakae opo bahe sak karep niro kanthi nafsu niro. Nanging kang mengkono iku ora bakal siro tindakake.
Nuli Syeh Abu Abbas dawuh: nafsu iku koyo wong wadon, semongso niro ngakeh2 ake madon, wong wadon, dewekne ugo ngakeh2 ake madon siro. Songko iku nafsu niro supoyosiro serehake marang Pangeran. Pangeran bakal nindakae opo kang dikersaake marang nafsu niro. Terkadang siro iku payah2 (kangelan) ngatur nafsu niro lan or gelem nurut marang siro.
Hal 105-------------------------Siro ngertiyo, kanga ran wong Islama yoiku wong kang gelem masrahake awake marang Allah Ta’ala. Kanthi dalil dawuhe Allah Ta’ala kang artine:Temenan Allah Ta’ala iku ngersaake tuku awake wong mukmin lan harta bendane, deweke bakal oleh Sowargo, yen gelem nyerahake awake lan harta bendane.
Yen siro iku wong kang den demen dening bendarane (Allah), konco2 nori mesti mengo sangking siro, sehinggo siro ora katungkul marang deweke, ninggalake bendoro lan hubungan iro karo mahkul mesti putus dening Allah, sehinggo siro bali marang Allah Ta’ala.
Hal 106------------------------------Kaping piro bahe siro ngajak nafsu niro supoyo gelem tho’at, nanging nafsu niro andoparek ora gelem tandang. Kang mengkene iki mestine siro butuh tombone nafsu iku. Ono ing kawitane yen nafsu iku ngerasaake nikmat, nafsu mesti teko nanggone kanthi pilihan. Dadi roso manise kang dirasakake nafsu nalikane maksiat iku ugo dirasaake nafsu nalikane tho’at.
Sifate iman iku ono ing ati koyo wit-witan kang ijo, yen ono wit2an iman iku akeh maksiate, wit iku mesti garing lan entek saluran2ne.
Hal 107----------------------------------Sopo2 wong kang meneng tansah biso tenang nindakake kewajiban2. Wong iku bisoho ninggalake pekoro kang haram, lan sopo2 wong kang ninggalake pekoro kang mahkruh bakal oleh pitulung biso ngasilae kebagusan2 kang akeh. Sopo2 wong kang ninggalake ngerungokake opo bahe kang diharamke, wong iku mesti  sitikgunemanne, Nanging kang anggawokake. Kalono opo yen angguran kang isine kesenengan nafsu niro kok gampang?.GAWOK!!!Kenopo amal kang ora dibarengi hawa nafsu kok keroso abot.
Contohe amal kang yen ora didorong dening nafsu keroso abot yoiku : umpamane siro nindakake haji sunah, nuli siro didawuhi arto kang arep siro gawe sangu, haji sunnah iku ora biso gawe sedekah bahe ati niro tamtu ora abot. Kerono perkorone haji iku biso diweruhi dening masyarakat akeh. Dadi nafsu oleh bagian, dene sedekah iku ora diweruhi dening masyarakat lan dilaleni.
Hal 108------------------------Semono ugo yen siro nderes atawa nyinauni siji ilmu kerono liyane Allah. Sewengi2 siro nyinaunisarono ati niro keroso lego/enak, enteng sebab ilmu kang siro deres iku kerono liyane Allah ta’ala.
Hal 109-------------------------------------Contoh maneh: Upomo siro diperintah, siro bisoho sholat rong rekaat ono ing wektu bengi, siro tamtu kabotan nindakake, kerono sholat rong rekaat bahe ono ing tengah wengi iku naming ono hubungan antarane lan antarane Allah Ta’ala. Nafsu niro ora melu oleh bagian. Dadi umpamane siro moco Qur’an atawa nderes ilmu iku nafsu anduweni bagian. Sesekutan karo masyarakat, songko iku Qur’an lan nderes ilmu iku enteng kanggone nafsu.
Saweneh Ulama Dawuh:  nafsu ingsun iku berontak banget marang rabi, nuli ingsun weruh mihrab (pengimaman) kang  ono ing masjid, sigar ngetokake sandal emas kang kang diteretes karo lukluk, nuli ingsaun kerungu guneman hiya iki sandal calon bojo niro. Yen sandal koyo mengkene koyo opo ayune rahine?. Nuli sak naliko kepengenan ingsun arep rabi ilang sangking ati ingsun.
Hal 110--------------------------------Sopo2 wong kang dicaosi kedudukan kang luhur, wong iku mesti ora seneng jenguk2 ono ing peluruhan.
Siro bisoho ngelakoni amal2 sholeh kanthi siro samarake anratane siro lan Allah Ta’ala. Keluarga siro bahe ojo siro duduhake, lan supoyo siro dadekake minongko simpenan ono ing ngersane Allah, kang bakal siro unduh mbesuk ono ing dino kiamat. Kerono nafsu iku seneng eleng2 amal.
Hal 111--------------------------------Ono siji ulama ngelakoni poso wus petang puluh (40)thn, nanging keluargane ora podo ngerti.
 Nafas (ambekan) iro ojo siro gunaake ono ing sak liyane tho’at Allah. Siro ojo ningali cilike ambekan, Balik. Siro bisoho ningali marang kedudukan ambekan lan marang opo kang wus diparingake dening Allah Ta’ala marang kawulane. Dadi ambekan iku empere koyo mutiara, mungguh mulyane, Opo siro tau weruh wong kang nguncalake inten ono ing teletongan?
Hal 112------------------------------Opo siro iku namung ambagusake lahir niro, nanging batin iro siro rusak? Yen mengkono: Siro iku koyo wong kang loro(sakit) buduken kang nganggo sandangan anyar. Sangking jero sandangan metu nanahe lan ilone, Kerono siro iku ambagusake opo kang ditingali dening masyarakat. Nanging siro ora ambagusake ati niro kan ino iku kanggo makrifat Pengeran iro lan dipersani dening Pengeran  iro.
Hal 113--------------------------------Hikmah (ilmu kang bener)iku empere koyo rante, yen siro gelem nyancang nafsu niro kanggo hikmah. Nafsu niro bakal leren, ora ambedal2. Yen hikmah iku siro buang, nafsu niro bakal umbar2an lan dikuatirake gawe ciloko marang siro. Contohne nafsu kang mengkene iki koyo wong edan ing jero omah niro. Wong edan iku ngerusak omah, sak ananepakeyan di suwek2.Yen siro nyancang, siro mesti biso kepenak. Yen siro uculi lan siro tinggal metu, mesti kebayan.
Hay wong kang wus tuwo!!! Umur siro wus siro entekake sanggo iku opo kang siro wus kepotan, supoyo siro susuli, siro wus nganggo putih2 yoiku uban. Pengango putih iku ora tahan kotor (ora pantes).
Hal 114-------------------------------Ati iku empere koyo koco pengilon, dene nafsu iku empere koyo ambekan (nafas), semongso siro ambekan ono ing ngerepe koco pengilon, pengilon iku dadi ireng(surem).
Atine  wong ringkik iku koyo koco  pengilone wadon tuwo kang wus nini2, kang kekarepane arep ambersihi pengilon, nuli wong wadon tuwo iku ningali awake ono ing ngarep koco pengilon.
Atine  wong kang  makrifat Allah iku koyo pengilone nganten anyar, kang saben dinone tansah ningali  awake ono ing koco pengilon. Dadi  koco  pengilon  tansah digosok mengkilap.
Hal 115-----------------------------------Perhatian!!. Wong  kang podo zuhud iku ono ing ngakeh2ake  amal. Dene perhatian wong kang podo makrifat iku ono ing ambenerake tingkah2e ati.
Ono perkoro papat (4) kang biso ambantu bersihake ati niro yoiku: Dzikir, netepi meneng, nyepi, lan sitik mangan lan ngumbe. Wong kang ahli lali Allah saben wektu isuk iku podo niti2 harta bendane. Wong kang ahli zuhud lan ibadah iku tansah niti2 solah tingkah2 atine. Lan wong kang ahli   makrifaat Allah iku  tansah niti2 hubungan  pengalihane  karo  Allah Ta’ala.
Hal 116-------------------------------------Saben  siji  tingkah kang  dilahirake dening Allah Taa’ala ono ing awak niro, rupo tho’at atawa loro atawa kerupekan iku Allah Ta’ala ngersaake nguji marang siro kanthi tingkah iku.
Sopo2 wong kang golek dunyo kelawan akhirat, wong iki koyo wong kang nyekel sendok nyangkut kanggo nyiduki tahi. Opo wong kang mengkene iki oran aran wong kang kumprung?
Hal 117---------------------------------------Siro ojo anduweni anggepan yen wong iku (masyarakat) kepotan ilmu. Balik, wong2 iku kepotan topic kang luwih akeh katimbang kepotan ilmu.
Kawit2tane perkoro kang prayogo kanggo siro yoiku nangisi akal. Niro ora bedo kekurangan  suket, iku ugo biso tumibo ono ing panggonan, semono ugo gandeng akale wong lanang.
Kanthi akal, menuso biso serawung karo menuso liyane, lan biso serawung karo Allah. Serawungan karo menuso kelawan baguse budi pekerti, lan serawungan karo Allah kelawan anut opo kang di ridhoni dening Allah Ta’ala.
Hal 118-----------------------------------------Yen siro diparingi kanugerahan deneng Allah rupo perkoro telu(3) iki berarti siro diparingi nikmat kang gede.Nikmat kang kawitan(1), yoiku: siro diparingi biso madep ono ing angker2rane Allah Ta’ala. Kang kaping pindo(2), yoiku : siro biso nuweni janjine Allah. Lan kang kaping teli(3), yoiku: siro kerem nyawang Allah Ta’ala.
Hal 119-------------------------Kang dadi sebab siro nganggep abot, tingkahe wong2 kang wus podo makrifat, iku kerem siro ono ing pagot sangking Allah. Upomone siro podo gelem ngumpuli poro arifin, ono ing lelungan ngambah dalane ibadah siro, temtu podo2 ono ing olehe. Podo cerito upomone siro gelem sesekuton karo poro arifin ono ing olehe podo kangelan, siro tamtu ugo podo2 ono ing olehe enak-enak.
Tingkahe nafsu niro ono ing wektu ridho iku koyo unto kang dicancang, Yen unto iku siro umbar ora siro cancang, unto iku mesti ngeluyur.
Rosulullah saw dawuh kang artine: Temenan!!! Atine anak Edam iku luwih nemen molak malike katimbang mulak malike kendil kang ono ing duwure geni.
Hal 120------------------------------Piro bahe wong kang wus biso kumpul wedi Allah, nuli katekanan paamisahe ono ing naming sak nafas. Ora kurang2 wong kang sewengi muput ono ing tho”at Allah kerono  serengngengene during meu, wong  mau wus pgot sangking Allah, tegese, wus malih maksiat.
Ati iku empere koyo meripat, lan meripat iku ora kabeh kahanan, meripat biso ningali. Balik, kang biso ningali iku naming sak kiro2 wijine adas.Semono ugo ati( jntung), kang dikarepake dudu daginge.Balik, kang dikarepake yoiku latepah(benda halus) kang dideleh dening Allah ono ing dagingan ati, hiyo benda halus ono ing ati iku kang bisonemu perkoro kang ditemu.
Hal 121-----------------------------------------Ati (jantung) iku didadekake dening Allah gembandul koyo timbo ono ing lambung sisih kiwo, yen kesenengan syahwat niup ono ing ati. Ati iku banjur gerak. Semono ugo yen kerentek taqwa niup ono ing ati, ugo biso ngubah2 ati. Dadi ono ing sak rambahan kerentek hawa nafsu iku ngelindik ono ing ati. Lan sak rambahan kerentek taqwa ngelindih ono ing ati, supoyo Allah Ta’ala meruhake marang nikmate ono ing siji rambahan, lan Allah meruhake siro marang sifat peksaan ono ing rambahan liyo. Ono ing rambahan khothir taqwa biso ngelidih. Perlune Allah Ta’ala ngalem2 marang siro. Lan ono ing rambahan liyo, khothir hawa kang ngelindih. Perlune Allah Ta’ala maido siro.
Hal 122-----------------------------------------Ati iku kedudukane koyo payon. Yen ing jero omah ono geni kang diurupake, kukusan munggah, ngirengake payon omah. Semono ugo kukusan syahwat iku yen tersebar ono ing awak , kukus iku munggah ono ing ati, nuli gawe irine ati.
Hal 123-------------------------------Yen siro diganggu dening setan, siro baliyo marang Pangeran kuat. Siro ojo wedi, setan kang wedi sebab siro dikuasai dening setan.
Empere wong kang ngawasi anane kemelaratan sangking mahluk iku koyo wongkang mukul asu nganggo watu (ambalang), nuli watu iku madep marang watu, nuli watune dicokot, asu iku ora ngerti yen watu iku melu opo2. Dadi wong kang nyawang kemelaratan sangking mahlukiku podo koyo asu.
Hal 124----------------------------------------Empere wong kang ngawasi anane kebagusan sangking mahluk iku koyo jaran. Yen jaran iku weruh wong kang merumati, deweke ngopat ngapitake buntute. Nanging yn diparek wong kang miliki, jaran iku malah ora mewehi ati, tegese, ora nyenengake wong kang milik.
Yensiro iku wong kang anduweni akal, siro bisoho ngawasi goyah perkor iku sangking Allah. Lan ojo siro awasi yen perkoro iku sangking liyane Allah.
Hal 125-----------------------------------Wong kang bingung iku dudu wong kang bingung  ono ing jero alas. Balik, wong kang bingung yoiku wong kang bingung sangking dalan petunjuk bener.
Siro iku wus nuperi kamulyan sangking masyarakat, nanging siro ora nuperi kamulyan sangking Allah. Dadi sopo2 wong kang golek kamulyan sangking masyarakat, terang wong iku wong kang salah dalan(kesasar), lan sopo2wong kang salah dalan melakune mesti soyo adoh. Wong kang mengkene iku yoiku wong kang jelas (bener2) bingung.
Hal 126------------------------------------Yen siro ngucap: LAILLAHA ILALLAH. Allah mesti nuntut  kalimat kang siro ucapke, lan hak2e kalimat iku. Hak e’ kalimat La illaaha ilallah yoiku siro ora keno nisbatake perkoro opo bahe kejobo marang Allah Ta’ala.
Contone: Ati niro naliko siro serahake marang nafsu iku koyo wong kang gandolan karo wong kang arep kerem. Karo2ne wong kang gandoli lan kang digandoli kerem karo pisan. Lan empere nafsu niro kang siro serahake marang ati iku koyo wong kang masrahake awake marang wong kang ahli ngelangi lan kuat. Songko iku nafsu niro supoyo siro serahake marang ati niro.
Hal 127-----------------------------------------Ojo dadi wong kang nyerahake atine marang nafsune.Opo siro tau weruh wong kang biso ningali ngenutake awak jaluk tuntun wong kang wuto? Temtu ora weruh.
Yen ono ing wektu isuk lan soresiro mapahake awak niro ora nganingayo siji bahe kuwulone Allah.Siro suwijine wong akng bejo, nuli yen siro ora berbaut nganingoyo awak niro gandeng karo hubungan iro karo Allah. Siro sawijine wong kang sampurna bejone. Songko iku meripat loro(2) niro supoyo siro kenging, kuping loro(2) niro supoyo siro buntoni, ati –ati!! Ojo nganti siro nganingoyo kawulane Allah.
Hal 128---------------------------------Pepadang kang paling emper kanggo awak niro, gandeng karo cilice akal niro, lan oleh ane ora weruh niro marang pakeyan kang siro enggo. Yokiu, siro iku koyo bocah bayi kang dipngkone deneng ibune kelawanpengganggo kang bagus tur megah. Nanging bocah bayi iku ora rumongso, tur kadang bocah bayi iku ngotori pengganggone diciprati najis. Nuli ibune ngumpat2 nandang lan angganti penggangone supoyo ora ketingal kotor. Ananging ngarepe masyarakat lan kang keno najis ugo diumbah deneng ibune. Nanging bocah mau ora ngerti opo kang ditindakake kanggo awake kerono cilik akale.
Hal 129-------------------------Den diceritaake sangking Syeh Abi Hasan Ali Sadeli, Panjenengane dawuh: Ingsun tau didawuhi mengkene. Hay Ali!! Siro bisoho ambersihake pakeyan iro sangking reget. Siro bakal direkso dening Allah. Oleh pitulungan Allah. Ananging saben2 ambekan iro, Ingsun nuli matur pengango kulo puniko menopo? Nuli Ingsun didawuhi: temenan!! Siro wus dipengangoni dening Allah kelawan pengango Makrifat, nuli pengango Tauhid, nuli pengango Mahabah, nuli pengango Iman, nuli pengango Islam.
 Hal 130----------------------------------------Dadi sopo2 wong kang Makrifat Allah, gayah perkoro dadi cilik, mungguh deweke. Sopo2 wongkang demen Allah, gayah opo bahe dadi ampreh kanggo deweke. Sopo2 wong kang nyuwijiake Allah , wongiku ora bakl nyekutokake opo bahe marang Allah. Sopo2 wong kang Iman marang Allah, bakal aman soko opo bahe. Lan sopo2 wong kang pasrah marang Allahlan upomo maksiar Allah, wong iku bakal gampang nyuwun ngapuro, lan yen nyuwun ngapuro, udure diterimo dening Allah Ta’ala.
Syeh Abu Hasa dawuh: Sangking opo kang tak alani iku Ingsun banjur paham dawuhe Allah Ta’ala: WASYIYABAKA FATAHHIR: kang artine, siro bisoho ambersihake pakeyan niro.
Hal 131----------------------------------Hay wong kang uripe ono ing dunyo, nanging during urip kang sak mestine. Siro metu sangking dunyo sedeng siro durung ngrasakae opo kang luwih enak ono ing dunyo iki. Perkoro kang luwih enak ono ing dunyo yoiku Munajad (bebisik) marang Allah lan didawuhi dening Allah. Siro iku yen ono ing  mongso bengi gemeletak koyo batang.
Hal 132------------------------------Yen siro katolak sangking madep Allah, siro bosoho nyuwun pitulungan Allah Ta’ala, lan ngucap: YA MALAIKATALLAH: Hay makalikat Allah!!Hay utusanne Pengeran ingsun!! Ingsun wus kepotan bagian jeroan kang dihasilake deneng wong2 akeh kang podo oleh ladatan munajad Allah lan demene kang bersih sangking sak liyane Allah Ta’ala.
Yen siro kawulo kang ambanggakake amale, tho’ate anggo medeni mahluk, sambung tansah nutup masyarakat, supoyo nyukup hak e’ awake, nanging ora gelem nyukupi hak e’ masyarakat. Wong kang mengkene iki dikuwatirake SU’U KHOTIMAH WAL IYAA DZUL BILLAH.
Hal 133-------------------------------------Yen ono kawulo ngalahake maksiat, nuli deweke siro tinggali, nangis susah atine resah, romongso ino, nuli gelem nibakake awake ngeleset lumadi ono ing kersane wong sholeh, sowan marang poro ulama, sarono ngakone kesemberonone awak. Wong kang mengkene iki sifate iki biso diarep, biso oleh HUSNU KHOTIMAH.
Hal 134-----------------------------------------Yen siro golek wong kanga pal Qur’an, siro bakal nemu ora ketung akehe. Yensiro golek dokter pirang2. Semono ugo yen siro golek wong kang alim, ahli fikih, ora ketung akehe. Nanging yen golek wong kang nuduhake cacat2te awak niro, siro ora bakal nemu, kejobo naming sitik. Yen siro biso mekulih wongkang nuduhake marang Allah , bisoho siro nyekel kang kuat, nganggo tangan lorone.
Yen siro pengen oleh pitulungan Allah Ta’ala, bisoho ngeroso ino kanthi sakabehane. Kerono dawuhe Allah Ta’ala kang artine: Demi Keagungan Allah. Allah Ta’ala wus nulungi siro kabeh ono ing perang badar, sedeng siro kabeh ono ingkeadaan ino.
Hal 135-------------------------------------------Yen siro pengen oleh peparinge Allah Ta’ala, siro bisoho ngeroso pekir secara kabehe, kerono dawuhe Allah Ta’lal kang artine: Sedekah iku naming kanggo wong2 fakir lan wong2 miskin.
Siro iku ono ing tengahe kali, sedeng siro dadi wong kang ngorong naliko ono ing paseban Allah. Siro iku tansah karo Allah, sedeng siro nuperh ketemu Allah (usul).
Hal 136-------------------------------------------Koyo2 poro kawulo kang bagus2. Iku ora podo biso tumeko marang akhirat kejobo kelawan akehe panganan lan omben2. Atawa koyo2 poro kawula iku didawuhi mengkene: panganan lan omben2 iku biso nekakake siro kabeh marang akhirat. Nanging bokgowok!! Opo kang andadekake murahe awak iro kanggo siro. Upomone siro iku ora ngangep inone awak niro. Siro tamtu ora bakal menehake awak niro marang siksane Allah Ta’ala.
Gawok!!Opo kang andadekake larangan awak niro kanggo golek dunyo lan ngumpulake dunyo. Gawok kang banget anggawekake yoiku wong kang takon marang juru bedek, nakokake tingkahe, Nangingora gelem takon marang Kitabe’ Allah lan Sunahe’ Rosulullah saw.
Hal 137------------------------------------------Yen siro apes ngalahake ibadah, supoyo siro tempeli kanthi nangis lan andepe2 ono ing ngersane AllahTa’ala. NUli yen siro ditakoni, kok nangis, sopo kang siro tangisi? Ssiro ngucapo: Yoiku wong kang diparingi kewarasan, nuli kwarasan digunaake kanggo maksiat Allah.
Yen arep turu siro semerawut, niro sak jerone turusirom mesti ngipi campur2 ora karuan.Balik, prayoganesiro supoyo turuono ing keadaan suci lan tobat. Siro bakal dibukakake Nur e’ ati, nanging siro kudu ngerti yen wong kang ono ingmongso rinone nganggur wektu bengine wong iku mesti lali.
Hal 138----------------------------------Yen siro weruh kekasih Allah (Wali),siro ojo sampek ora ngengungake yoiku kelawan lungguh ono ing ngarep, sarono toto kromo lan ngalap barokah. Siro ngertiyo, yen langit lan bumi iku ugo toto kromo karo Wali, koyo toto kromone anak Adam.
Hal 139---------------------------------------Sopo2 wong kang bungah sebab dunyo, naliko deweke katekanan dunyo wong iku terang kumprung. Luwih kumprung maneh wong kang kepotan dunyo, nuli susah kerono dunyo. Dadi siroiku koyo wong kang katekan ulo arep nyakot, nuli ulo terus lewat lan wonge’ selamet. Nuli wong e’ iku susah sebab ora sido dicokot ulo.
Setengah sangking tandane lali lan cilike akal yoiku ngabotake kesusahan kang di- kiro2 ake tumibo atawa aranane lan siro ninggalake susah kang mesti tumibo ne.
Hal 140----------------------------------------Ono ing wektu isu siro ngucap:Keperiye sik isuk regane pasar? Opo mundak, opo mudun?, Kepriye keadaane ono ing tahun iki? Sedeng kawelasane Allah iku tekonesangking arah siro ora ngerti.
Mamang ono ing perkoro rizki, iku berarti mamang non ing Dzat kang paring rizki. Wong kang nyolong iku namung wong kang nyolong rizkine Allah. Wong kang asab yoiku wong kang  asab rizkine Allah. Dadi semongso siro isih urip, Allah Ta’ala ora bakal nyudo rizki niro, setitik bahe ora.
Hal 141--------------------------------------Cukup bodo niro yen siro ngebotake susah kang cilik (susah kang gandeng karo rizki), lan siro ninggalake susah  kang gede (susah masalah ahkirat).
Siro bisoho ngebotake susah niro yen  siro iku ditakoni: Opo siro iku mati Islam atawa mati kafir?. Siro bisoho ngangep  abot susah niro, yen siro iku ditakoni: Opo siro iku bakal dadi wong kang ciloko atawa dadi wong kang bejo?. Siro bisoho ngangep susahe Neroko kang sifate langgeng ora ono katoke. Siro bisoho ngabotake susahe nampani buku catetan amal kanthi tangan tengen atawa tangan kiwo. Hiyo susah2 iki kang kudu diabotake.
Hal 142----------------------------------------Siro ojo milang abot susahe pulukan kang bakal siro pangan lan ombe2nan kang bakal siro ombe. Ugo yen siro diperintah ngeladeni Ratu, nuli ratu iku ora oleh mangan marang siro? Opo yen siro iku ono ing ruang pasuguhan (pertemuan) nuli siro kasiyo2 ora kaurus?.
Perkoro kang paling didemeni kanggo tho’at marang Allah Ta’ala yoiku kumandel marang Allah Ta’ala.
Gerombel  niro ono ing dunyo (ora kuncoro) iku luwih bagus ketimbang siro ora kuncoro ono ing dino kiamat.
Hal 143------------------------------------Hiya iku saringane umur lan ayakane umur. Hay wong kang mangan gandum, mestine diayak. Siro mesti kudu ngayak ( ngoreksi). Amal niro sehinggo ora ono amal kang keri kejobo amal kang ikhlas lan liyane kang ikhlas dibuang.
Perkoro kang paling akeh kudu siro kuatirake yoiku nyampuri masyarakat, lan siro ora ngalap kanthi ngerungokake nganggo kuping niro. Balik, siro ngumpuli masyarakat ono ing melu2 ngerasani wong, sedeng ngerasani iku ngerusak usuk lan ambatalake poso.
Hal 144-------------------------------------Cukup bodo niro yen siro iku cemburu karo bojo niro, nanging siro ora cemburu marang iman iro. Cukup kianate yen siro iku cemburu karo bojo niro kerono awak niro, nanging siro ora cemburu karo ati niro kerono arahe Pengeran iro.
Yen siro iku ngrekso opo kang dadi milik niro, keno opo siro ora ngrekso opo kang kagem Pengeran iro.
Hal 145---------------------------------------Yen siro weruh wong kang ono ing wektu isuk wus susah kerono rizki, ngertiyo yen wong iku adoh sangking Allah Ta’ala. Kerono upomone ono wong kang ngucap marang siro mengkene: Sak isuk siro ojo ketungkul megawe lan bakal tak wenihe limang(5) diham. Siro mesti percoyo wong mau, sedeng deweke mahluk kang pekir. Opo siro ora ngalap Pengeran kang sugih kang wisu naanggung rizki niro serto ajal niro.
Hal 146-------------------------------------------Ono siji wong kang gawe risik kang artine mengkene: Yen tanggal rong puluh(20) Syakban wus kelewat, siro supoyo nepung ake ngumbe wektu bengi niro, kelawan wektu rino iro.  Siro ojo ngumbe nganggo wadah gelas kang cilik, kerono wektu niro iku rupek sangking angunaake gelas kang cilik, maknane sirihe iki mengkene: Yen rong puluh (20) dino sangking wulan syahban wus lewat, berarti wulan Romadhon wus perek. Kang wulan Romadhon  iki biso megotake omben2 sangking kito. Makna kang mengkene iki mungguh akeh2he wong, dene makna mungguh ahli thoriqot iku mengkene: Yen siro wus ninggalake umur petang puluh (40) thn , ono ing mburine geger niro, siro supoyo tepung ake (terus menerus) amal sholah ono ing wektu bengi lan wektu rino, kerono wektune wus parek ketemu Allah Ta’ala (wus meh mati). Kerono amal niro iku ora koyo amale wong kang enom kang niya2 sifat mudone lan trengginas, sedeng siro iku wus niya2 sifat enom niro lan giat niro.
Hal 147---------------------------------------Siro bisoho ngiro2 ake yen siro iku ngarepake methentheng ibadah, nanging kekuatan niro ora ambantu siro. SOngko iku siro bisoho amal miturut kiro2ne tingkah niro. Lan siro bisoho nambal sekirane kekurangan kanthi dzikir, Kerono ora ono perkoro kang luwih gampang lakonane ketimbang dzikir. Dzikir bisoho diro tindakake ono ing keadaan ngdek, lungguh, loro (sakit) lan turonan.
Hal 148-------------------------------------Dadi dzikir iku luwih gampang2nge maceme ibadah. Hiyo ibadah kanthi dzikir iki kang wus didawuhake dening Kanjeng Rosulullah saw, kang artine: lisan iro ikubosoho tansah teles kelawan dzikir Allah Ta’ala.
Endi bahe doa atawa dzikir kang gampang diro lakoni iku supoyo siro langgengake, kerono bantuan biso dzikir lan doa iku sangking Allah. Dadi yen siro dzikir atawa do’a iku naming kalewan oleh kebagusan Allah. Lan yen siro mengo sangking dzikir iku naming kelawan nglindihne Allah lan pameksane Allah. Songko iku siro bisoho amal lan mempeng ibadah, kerono lali ono ing luwih bagusketimbang lali ninggalake amal.
Hal 149-------------------------------------Siro iku ningali tingkah niro koyo tingkahe wong2 kang podo zuhud, mungguh utamane. Kerono wong kang nuperih kabukakan lawange iku mesti ora pegot2 sangking lawang iku. Balik, deweke tansah ngadep tengung2 ono ing lawang ora bedo karo wong wadon kang kepaten anake iku sempat nekani ngantenan, panggonan2 banyak lan acara2 seneng2 liyane? Temtu ora. Balik wadon mau sibuk (ketungkul) karo olehe kepaten anake.
Hal 150--------------------------------------Kaping piro bahe Bendoro niro ngirimakle peparingan, sedeng siro iku kawulo kang banget melayune(ngadoh) sangking Bendoro (Allah Ta’ala). Siro iku empere koyo bocah bayi yen dibandul di-obah2 bayi turu.
Siro iku umpamane wong kang dikirimi pakaian kamegahan dening Ratu. Siro namung ngadek ono ing ngarep lawang, songko iku siro bisoho ngalap kasempatan wektu2ne tho’at, sabar netepi tho’at.
Hal 151-----------------------------------------Opo siro iku wong kang ngalap nikmate Allah, sedeng kanthi nikmat iku siro maksiat marang Allah?. Balik, siro iku wong kang nganakane macem2 wernone nulayani Allah Ta’ala. Sak rambahan nulayani Allah kanthi ngerasani. Sak rambahan adoh2 lan sekali tempo nulayani kanthi  ningali perkoro kang diharamake dening Allah Ta’ala. Perkoro kang siro bangun sak jerone mongso pitung puluh (70) thn siro rubuhake mamung sak ambekan. Hay wong kang ngerubuhake lalu tho’at.
Hal 152-----------------------------------Allah Ta’ala nguseake  karupekan marang siro iku namungsupoyo siro ngelapurake tingkah niro iku marang Allah lan supoyo siro lingo sowan marang Allah.
Hay  wong kang mentokake awake onongmacem2me kesenengaan nafsunne lan macem2me maksiat. Bok hiyo o, siro iku mewehake syahwat lan maksiat niro ono ing perkoro kang de wenangake.
Hal 153--------------------------------------Wong kang siro ajak bergaul kelawan tingkah kang olo, nuli wong mau nyerawung kanthi macem2me nikmat, kepriye yen siro kok ora demen marang wong mau? Wong kang ngajak bergaul siro kanthi laku manaan, nuli siro serawung kanthi sifat2 kang diwada. Kepriye siro kok ora demen marang deweke? Siji bahe ora ini wong kang nerawungi siro, nuli wong maau manfaati marang awak dewe.
Mulane bojo niro wadon seneng marang siro iku namung supoyo deweke biso ngunduh macem2me pangupo jiwa lan pakaian songko siro. Semono ugo anak, anak niro ngucap: ingsun ngunaake awak ingsun kanthi sampeyan, Hay bapak!! bareng wus tuwo lan ora kuat opo2 lan wus ora ono kang dibutuhak, anak lan bojo mau ora podo ngupayani siro.
Hal 154---------------------------------------Yen siro gelem megot masyarakat, siro biso dibukakake roso ayen kelawan Allah Ta’ala. Kerono poro waline Allah iku podo mekso awake kanthi nyepi lan nyingkiri sangking masyarakat, nuli poro wali mau podo biso ngerungu dawuge Allah(lewat malaikat ilham) lan podo ayem madep marang Allah Ta’ala. Nuli yen siro anduweni karep ngetokake koco pengilon ati niro songko perkoro ambuteke ati siro, Supoyo ambuang opo akng dibuang dening poro waline, yoiku ayem karo masyarakat. LAPAT ANISA iku maknane: wong iku melaku nuju marang siji wong lan jujuk/cucuk karo wong iku.
Hal 155-------------------------------------Siro ojo lungguh ono ing lawang2nge kampung, kerono sopo2 wong kang gawe persiapan, wong kang iku kudu nyuwun bantuan Allah. Nuli yen Allah Ta’ala wus nyaosake persiapan marang siro. Allah Ta’ala bakal ambukak lawang bantuan  maramg siro. Lan sopo wong kang ambagusake olehe andodok lawang wong iku mesti dibukakake lawang, kerono pirang2 wong kang nuperi kabukak, nuli gawe olo ono ing olehan andodok lawang. Wong iku banjur ditolak, kerono olo toto kromone lan ora dibukakake lawang.
Hal 156---------------------------------------Akeh2e poro kawula nompo peparing iku sangking sitike meneng, Upomone siro iku marep marang Allah, siro temtu ngerungu pengedikane Allah terus menerus. Podo ugo siro ono ing pasar atawa ono ing omah, nanging sopo2 wong kang melek, wong iku temtu biso nytaake lan sopo2 wongkang turu kuping atine temtu ora kerungu, lan peningak atine ora biso ningali , kerono aling2 atine dikelembrekake.
Hal 157-----------------------------------Upomone poro kawulo iku pineri, temtu ora madep kojobo marang Allah Ta’ala.Ora lungguh kojobo ono ing pasebane Allah Ta’ala, lan ora podo nyuwun katerangan marang liyane Allah Ta’ala, kerono dawuh Kanjeng Nabi Muhammad saw kang artine:Siro bisoho anjaluk fatwa ati niro, senajan wong2 iku aweh fatwa marang siro. Kang mengkene iki kerono kerentek kang bongso Pangeran iku tekane mesti sangking Allah Ta’ala. Dadi JATIR ILAHI mesti cocok. Wus sakmestine wong alim iku dijaluki fatwa, lan kanggone wong kang lali Allah iku ora ono ilmune (dadi wong kang tansah eling Allah Ta’ala iku ora perlu nuwun fatwa)
Hal 158-----------------------------------------Opro Wali ( kekasih Allah) iku ora podo nindakae siji perkoro kanthi nuruti nafsune, nanging poro wali iku nindakake siji perkoro sangking perintahe Allah Ta’ala lan kanthi pitulungane Allah Ta’ala.
Temenan!! Banget adohe jalan laku antara poro Wali lan poro Sahabat,kerono karomatan poro wali iku diparingake perlu kanggo nambal opo kang kepotan yoiku, pareke manut kang sampurno marang Nabi Muhammad saw, kerono sebagian wong iku ono kang guneman: Poro Wali iku podo kagungan karomah, dene poro sahabat oran kagungan karomah. Balik. Poro sahabat iku podo kagungan karomah, kang aung, sebab oleh podo kekancan karo Kanjeng Rosulullah saw. Opo ono karomah kang luwih bagus katimbang sahabat? Temtu ora ono.
Hal 159------------------------------------------Ngertiyo!!Sholat kang ora biso nyegah wong akng ngelakoni, sholay sangking perkoro kan olo lan perkoro amungkar, during biso diarani sholay, kerono dawuhe Allah Ta’ala kang artine Temenan, Sholat iku biso nyegah sangking perkoro kang olo kan perkoro mungkar.
Hal 160----------------------------------Siro iku rampung sangking sholat lan metu sangking bebisik (ngatureke pematur)marang Pengeran naliko ngucapake dawuhi Allah Ta’ala:----------------------------------------------------------.Siro ugo metu sangking bebisik karo Rosulullah saw kanthi ucapan niro:-------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------Kang mengkene iki siro ucapake saben2 sholat, nuli rampung sholat siro bali ngelakoni macem2 duso sak wuse nikmat pirang2 kang diparingake dening Allah Ta’ala sak jerone sholat.
Hal 161-----------------------------------------Den nyeritaake sangking Syekh Aki Hasan Sadeli: Yen Penjenengane iku disowani poro ulama2e lan penguluneIskandariyah. Siji dino poro ulama iku podo weruh maarang Syehk Aji Hasan Sadeli kanthi maksud arep nguji, Syehk Sadeli pirso tujuane poro ulam mau kanthi firasat (hal 162), nuli Panjenengane dawuh: Hay poro ulama, Opo siro kabeh wus podo sholat babar pisan?. Poro ulama matur: Hay Syehk opo salah sijine kito iku ono kang ninggalake sholat? Syekh Sadeli dawuh, hay poro ulama! Allah Ta’ala iku dawuh:---------------------------------------------------------kang artine: menuso iku digawe sarono akeh ngersulane, yen nglami perkoro olo (ora nyenengke) deweke ngersulo, lan yen oleh perkoro kang nyenengke deweke medit kejobo wong2 kang sholat. Hay poro Ulama!! Opo siro kabeh mengkono?. Yen siro kabeh ngalami perkoro olo ora ngersulo lan yen oleh perkoro kang nyenengke ora podo medit? (wong cerito dawuh), Nuli poro Ulama mau podo meneng kabeh, nuli Syehk Sadeli dawuh: Sampeyan kabeh iku during sholat, kelawan sholat kang mengkene iki babar pisan.
Yen siro kabeh diparingi biso tobat dening Allah Taa’ala, siro ngetiyo yen mengkono iku setengah sangking kanugerahe Allah Ta’ala. Siro bisoho tobat marang Allah Ta’ala.                      Temenan!! Siro ngelakoni duso ono ing mongso pitung puluh (70)thn, nuli siro biso nobet ono ing wektu sak  ambekan, kang mengkono iku biso ngelebur duso kang siro lakoni, kang koyo mengkono suwene iku.
Hal 163--------------------------------------Wong kang tobat sangking duso iku koyo wong kang ora duwe duso babar pisan. Wong mukmin iku semongso2 eling dusone deweke susah lan semongso2 eling tho’ate deweke bungah.
Lukma Hakim dawuh kang artine: Wong mukmin iku anduweni ati loro (2) kanthi siji atine, wong mukmin iku arep2 lan kanthi ati kang weneh,  wong mukmin iku ngeroso wedi, lan wong mukmin arep2 keterimone amal2 lan wedi yen amale ora diterimo. 
Hal 164-------------------------------------------Sopo2 wong kang keperingi tansah biso ngumpul karo Allah (iling Allah) wong iku  supoyo tansah netepi perintahe Allah Ta’ala.
Hal 165----------------------------------Yen siro weruh bojo niro kianat, siro temtu muring2 semono ugo (mestine siro kudu muring2) kerono nafsu niro iku cideroni awak niro ono ing umur niro. Wong kang sampurnoakale, iku wus sepakat yen ono wong wadon cidero marang bojone, wong lang ora keno ngungsi marang wadone. Balik. Wong lanang supoyo megat bojone kang cidero. Songko iku siro supoyo megat nafsu iro kang nyidero siro
Rosulullah saw tau disuwuni pirso dening seweneh sahabate: Ya Rosulullah Perkawis punopo ingkang paling katah ngelebetaken tiang wonten ing Suwargo? Rosulullah saw dawuh: Akeh2 perkoro kang ngelebokake manungso ono ing Suwargo yoiku wedi Allah lan pekerti kang bagus.Nuli diaturake meneh: Lajeng perkawis menopo ingkang paling katah nelebetake tiang wonten ing Neroko?. Rosulullah saw dawuh : Perkoro kang paling ngelebetake manuso ono ing Neroko yoiku: bolongan loro (2) yoiku perji lan cangkem.
Hal 166-------------------------------------Demi Allah!! Wong2 iku podo keliru ono ing olehe nangisi bojo wadon atawa bojo lanang. Nangisi  bapake  atawa anake. Balik, mestine wong iku neboake olehe nangisi kerono ilange roso wedi Allah Ta’ala sangking atine.
Hal 167--------------------------------Siro iku yen angguyu cekakakan koyo2 siro iku wus neliwati uwat lan pelesyatanne neroko.
Yen antarane siro lan Allah Ta’ala iku ora ono warak (setiti) kang biso nyegah siro sangking ngelakoni macem2 maksiat nalikane siro ono ing persepen siro bisoho andeleh lemah ono ing sirah niro, Kerono Kanjeng Nabi Muhammad saw wus dawuh kang artine:Sopo2 wong kang ora anduweni wiring kang nyegah wong sangking laku maksiat. Allah Ta’ala ono ing tingkah persepen  Allah Ta’ala ora bakal merduli amal wong iku.
Hal 168-------------------------------------Tingkah kang penting iku ora ono ingwong kang tumindak alis marang siro, naliko siro nyocoki karo deweke.Balik. Tingkah kang penting iku kanggone wongkang tumindak alus marang siro naliko siro nulayani deweke.
Hal 169-------------------------------------------Setengah sangking perkoro kaang den kuwatirake kanggo siro yoiku tumpuk2e duso, kang kanthi duso iku Allah Ta’ala ngululu siro lan menggonake siro ono ing tumpukan duso. Allah Ta’ala wus dawuh kang artine: Ingsun bakal ngelulu deweke sekiro deweke ora ngerti.
Yen siro iku wong kang oleh perhatiane Allah, setitike amal niro wus biso manfaati siro. Lan yen siro ora oleh pitulungan Allah, akehe amal niro ora biso manfaati marang siro
Yen siro wong kang dibukak hijab niro, siro mesti biso weruh opo bahe podo moco tasbih marang Allah Ta’ala, nanging kekurangan iku ono ing awak niro lan anane aling2 iku sangking awake niro dewe.
Hal 170------------------------------------Banget anggawokake!!Oleh niro anjogo awak niro.Gawok! murah temen oleh niro gawe agama kanggo awak niro, upamane siro kandani: Temen!! Panganan iku ono racune, siro mesti ora gelem mangan, nuli wong iku sumpah2 marang siro kanthi tolak, temenan!!Pangan iki ora ngandung racun.Siro mesti mandek sangking mangan mau, Mandah upamane wadah panganan kang ngandung racun iku wussiro umbah bola bali. Ati niro temtu isih jijik karo wadon iku, nanging kenopo siro ora tumindak kang koyo mengkono iku, kadang karo agama niro?
Hal 171----------------------------------------------Piro2 bahe maceme peparing kagungane Allah Ta’ala kang diparingake marang siro . Kang luwih akeh katimbang peparingan nipun siro?. Nalikane siro dirawat dening ibu niro, waktu siro isih cilik, siro dipengangoni pakaian kan bagus2, nuli yen pakaian iku siro kotorake, sak naliko disalini pakaian liyo dening ibu niro.
Siro iku wong kang teko ono ing keraton dunyo kang dipahes2si  sak iki sak kilan bahe ora ono panggonan, kejobo panggonan iku patut kanggo sujud. Nanging siro malah ngerusak penganggo niro, lan siro kotori kelawan maksiat. Kebagusan2 dikotori marang siro, nuli siro buteki karo maksiat.
Hal 173------------------------------Saben2 wong kang kekancan (nyantri) karo wong gede (ulama) iku ora mesti oleh pituduh, sebab olehe kekancan mau. Sopo2 wong kang kabujuk kelawan Allah (sifat welase Allah), terang deweke wong kang maksiat Allah. Kerono berarti ngeroso aman sangking siksane Allah. Podo karo wong bodo ngucap mengkene: Aku tahu kekancan karo Kyai iko, Kyai iku, aku tahu weruh Kyai iko,Kyai iku, wong2 bodo iku podo ngucap kanthi pirang2 pengakuan kang kabeh mau goroh tur palsu. Naliko perayogane wong2 bodo iki ono ing olehe kekancan karo poro guru iku bisoho nambahi roso wedine lan kuwatir. Poro sahabat iku podo kekancan karo Rosulullah saw lan poro sahabat iku akeh wedine lan kuwatir.
Pirang2 sugih iku biso nyegah parek marang Allah, lan peparing iku biso ngumpulake parek marang Allah. Kerono parek iku biso andadeake siro butuh marang Allah. Parek kang siro biso kumpul tho’at Allah iku luwih bagus katimbang sugih kang mengo teko siro sangking Allah Ta’ala.
Hal 174---------------------------------Yen siro diperintah mengo sangking maksiat, semono ugo  siro ugo diperintah mengo sangking wong kang maksiat lan supoyo siro do’a ake ono ing tingkah samar, mugo2 deweke mari oleh maksiat dino iki, masyarakat malah podo tumindak sebalike. Poso lan sholat niro iku during biso manfaati marang siro sedeng siro tumibo ono ing ambijoro (ngerasani) kahormatan sedulur Islam niro.
Hal 175------------------------------------------Kanjeng Rosulullah saw dawuh kang artine: Siro kabeh bisoho ngajarake Iman iro kanthi ngucap: LAAILLAHA ILLALLAH. Dawuhi Kanjeng Rosul saw iku nuduhake yen iman iku biso keno bledhuke maksiat lan regetan nulayani perintah Allah Taa’ala. Ora saben barang kang kacampuran reget iku biso dibersihake nganggo banyu. Mandar pirang2 perkoro kang kecampuran reget ora biso bersih yen oran nganggo geni, koyo emas kang ono campuran. Somono ugo wong kang maksiat sangking golongane umat Islam, iku ora patut melebu suwargo, sedeng wong dibersihake (diumbah) disik ono ing neroko.
Hal 176------------------------------------------Siro ojo kepengen dadi opo2, kejobo dadi kawulo kang dipegangi nganggo pakaian taqwa, hiyo kang mengkono iku penguripan kang sempurno. Nanging kang anggawokake enak2 temenan. Penguripan wong kang karo kekasih ono ing keadaan ora ono wong kang ngawasi, dadi wong kang demen karo kekasih iku seneng ditingali, dening wong kang ningali.  Durung biso diarani wong kang temenan demene, lan seneng wong kang kepengen ono ing wong kang weruh tingkah. Wong iku berarti ambujuki awake dewe.
Hal 177-------------------------------Siro iku ojo koyo wong kang demen dunyo , kang deweke wus dipegot dening dunyo. Balik. Siro bisoho kelebu golongan kang megot dunyo lan ninggalake dunyo sedurungke pisah sangking siro.
Yen suro milih dunyo ninggalake akhirat iku empere koyo wong kang duwe bojo loro(2), kang siji wus tuwo tur ahli kianat, lan kang siji isih enom tur nurut. Nuli yen siro iku milih bojo tua tur nenek2 tur kianat, ninggalake kang enom tur nurut. Opo kang mengkono iki siro iku ora kumperung?
Hal 178-----------------------------TErkiadan siro iku ditetpake dening Allah kanthi ngelakoni duso, perlune Allah ngetokake KIR/BIR lan ujub sangking niro.
Ono siji wong ngelakoni sholat rong (2) rekaat, nuli deweke tetanggenan (jagakake) sholat. Condong karo sholate lan ugo anggawokake sholate. Sholaat kang mengkono iku suwijine kebagusan kang diliputi dening amal2 kang olo. Lan ono siji wong maneh ngelakoni maksiat, nuli maksiat iku biso nimbulake soroino lan susah ati, lan biso ngenggengngake roso miskin lan pikiran marang Allah. Kang mengkono iku arane kalu olo kang dikepung dening macem2 ne kebagusan.
Hal 179----------------------------------Cukup nuduhake! Pandangan iro marang cilike kesalahan (olone) wong liyo, nanging siro picek sangking gedene kasalahan awak  iro dewe.
Siro ojo neliti masyarakat kanthi lahire sarak, lan ojo ingkar marang deweke.
Umopone poro manuso ono ing dino iki di-perdi2 kanthi pamer den kang ono ing zamane poro sahabat lan poro ulama salaf, tamtu ora podo kuat ngelakoni, kerono poro sahabat lan poro ulama salaf kang sholeh2 iku wong kang dadi hujahe Allah marang poro mahluke.
Hal 180-----------------------------------Empere duso mungguhi wong2kang anduweni peningal ati koyo batang kang dirubung asu  pirang2 kang podo nyongorake congore ono ing batang iku.Kerepiye penemu niro yen ono wong kang nyongorake (ngelesake cangkeme ono ing batang?. Opo niro ora nacat wong iku.?
Yen Allah Ta’ala iku wus ukuran2 kaanggo akad jual beli keno opo kok siro ora gawepertimbangan macem2e hakekat?.
Hal 181------------------------Wong kang keno najis delamakane sikil ora patut seba ing ngersane Ratu. Nuli kepriye wong kang keno najis cangkeme?
Sopo2 wong kang cidero, mesti bakal ino.
Aji Kertana tangan iku limang ngatus (500) dinar, nanging nalikane tangan iku cidero keno dipotong sebab nyolong seperetpat (1/4) dinar.
Sopo2 wong kang wani ngelakoni duso cilik, wong iku bakal jegur ono ing duso gede.
Hal 182-------------------------Siro bisoho tansah weuh marang sifat2e nafsu niro kang samar, lan ojo kesusu percoyo marang nafsu niro, naliko dewek ngucap: Siro supoyo sowan maraang Kyai Hulan. Kerono terkadang siro iku marani geni kang ambulat2 lan siro sengojo anjegurake awak niro ono ing jeo geni mau.
Mongso iki, iku zamanne kumpul2 (wong seneng kumpul2)kang setitik banget. Siro lungguh ono ing majlis iku kejobo siro iku mesti maksiat marang Allah Ta’ala ono ing panggonane kono.
Hal 183-----------------------------------Sebagian  akeh ulama salaf iku podo milih tenguk2 ing omah, podo ninggalake sholat Jum’at, nuli yen nafsu niro nuntut siro, supoyo metu omah niro. Sak jerone tenguk2 ono ing omah, bisoho siro sibukake tho’at, Kerono ngerasani wong iku luwih nemen dusone katimbang zina kaping 30 telung puluh. Ono ing Islam. Mung bahe asu2 iku ora podo turu ono ing pager tombak.Balik turu ono ing teletongan.

Hal 184-----------------------------------Sopo2 wong kang kepengen ningali empere ati, wong iku supoyo nangisi macem2e omah, ono omah kang suwung kang namung kanggo nguyuhane wong2 kang podo nguyuh (kencing).
Semono ugo ati, ono kang koyo omah kang rame tur bersih, lan ono ati kang koyo omah kang suwung rusak.
Hal 185------------------------------------------Srengengene iku ora biso pertelo, yen siro during musmalah (nyerawung) karo Allah Ta’ala. Songko iku ono ing saben dinone siro bisoho sodakoh, senajan namung seperempat dinar, hinggo siro dicatet dening Allah ono ing pambukuan wong kang ahli sadakoh. Songko iku siro bisoho moco Qur’an ono ing saben dinone senajan namung sak ayat, sehinggo siro dicatet dening Allah ono ing pembukuan wong2 kang podo ahli moco Qur’an. Ono ing wetu bengi, siro bisoho sholat, senajan namung rong rekaat, sehinggo siro dicatet dening Allah bareng2 karo golongan wong kang podo anjungkung sholat bengi.
Siro bisoho wedi ngelakoni kesalahan lan ngucap mengkene: wong kang namung anduweni pangan kanggo sedino lan sik isuk, kepriye wong kang mengkene ini biso sodakoh?.
Hal 186-----------------------------Allah Ta’ala wus dawuh kang artine: Sopo2 wong kang diparingi jembar rizkine supoyo anfakhokake sangking kejembaran lan sopo2 wong kang diparingi rupek rizkine supoyo nafakhokake sangking opo kang wus diparengake dening Allah marang deweke.
Dadi empere wong miskin kang diwenei sedekah iku hayo tumpukan kang anggawe sangu niro marang Kahirat.
Sopo2 wong kang karep sampurno pungkasane suluk wong iku supoyo ambenerake kotane suluk.
Sopo2 wong kang temenanan wedi Allah, bakal dijupuk sangking kemelaratan musuh, lan Allah Ta’ala mesti nanggong beban abote wong iku.
Hal 187------------------------Ino kang banget inone wong kang butuh marang mahluk.
Siro ojo anduweni anggepan jamu kang siro pangan iku rasane manis, Yen ora cepet2 siro ombeni jamu kang temenen temtu ora biso hasil waras.Songko iku siro bisoho enggal2 tobat lan ojo nganti dikalahake karo manise maksiat.
Hal 188------------------------------------------Yen siro weruh nafsu niro, kepengen nuruti kesenengan siro melayuo marang Allah lan nyuwuno pitulingan . Siro bakal diselametake sangking pengajake nafsu.
Minongko dadi penggatine pengucap niro, endi wong kang rikat langkahe? Endi poro waline Allah. Endi wong2 lanang kang sampurno? Siro bosoho ngucap: Endi peningal atiku? Opo pantes wong kang jembretan kotoran (tahi) melu ningali nputrine Rojo?
Hal 189-------------------------------------------Den ceritaake sangking Syekh Makinuddin Asmari ra. Panjenengan nipun nalikane aku ono ing kuto Iskandaria, aku weruh serengenge metu bareng2 karo serengenge,aku nuli gawok gandeng karo kedadean kang mengkono iku, bareng tak pereki, dumadak kang tak tingali iku pemuda kang mencorong godeke lan nuli pamedi iki ngalahake sinare srengenge kae, nuli uluk salam narang deweke lan dijawab, aku nuli takon: Sampeyan iku soko endi? Pamedi mau ngucap: ingsun mau sholat subuh ono ing masjid AlAqso kang ono ing Baitu Maqdis lan sholat Dhuhur ono ing kene iki. Sholat Ashar ono ing Mekah lan sholat magrib ono ing Medinah. Yen mengkono sampeyan kersoo dadi tamuku. Panedi mau jawab: Ingsun ora ono kesempatan dadi tamu sampeyan, nuli Panedi mau pamitan ninggalake aku.
Hal 190------------------------------Sopo2 wong kang mulyakae wong mukmin, wong iku podo karo mulyaake Allah. Lan sopo2 wong kang ngelaraake wong mukmi,wong iku berarti ngelaraake Bendarane deweke (Allah). Songko iku siro ojo sampek ngelaraake wong mukmin, keronoawak kiro wus kebal kalu olo, cukup kanggo siro mikul bebane awak niro dewe.
Hal 191-----------------------------------Siro iku empere koyo berambang naliko dikupas berlapis2 rupo kulite (dadi siro during ono isine).
Yen siro karep ngeresiki banyu, siro kudu mengot sebab2 kang olo ngotori banyu iku. Dadi anggota2 awak iku empere koyo kalenan, banyu kang mili marang ati. Dadi ati niro ojo sirami kanthi perkoro2 kang ngrusak ati, koyo ngerasani wong, adu guneman kang olo, ningali kerkoro kang diharamake lan liya2ne. Kerono opo kang metu sanggo wong iku ora biso ngingeng2ngi ati kang mesti nginging2ngi atiyokiu opo kang manggon ono ing ati.
Hal  192------------------------------Dadi mengcoronge ati iku kanti mangan barang kang halal, kanthi dzikir, moco Qur’an lan ngerekso peningal sangking ningali opo bahe kang wujud iki, podo ugo diwengangake atine, dimakruhake, luwih2 kang diharamake.Sngking iku siro ojo ngeculake olehe beburu peningal niro,kejobo kanggo nambahi ilmu lan hikmah.
Hal 193-------------------------Ucapan niro! Koco pengilonne ati ingsun  iku wus tenyengen iku supoyo siro ganti ucapan mengkene: Meripat ingsun iku ono beleke, kerono siro iku anduweni demen dadi kepolo, anduweni kedudukan lan liya2ne. Lan ucapan iro :”Guru ingsun iku ora narik ati ingsun”, iku supoyo siro ganti ucapan mengkene:Perkoro kang nging2ngi ati ingsun iku sampek awak ingsun dewe.
Umapane siro iku wus gawe persiapan ono ing permulaan dinane suluk, siro temtu ora butuh marang majlis guru kang kaping pindo, kerono tenyenge ati niro bangat karate, sehinggo saben ono ing majlis guru ono penggosoke.
Hal 194-------------------------------Siro bisoho tansah netepi hawalah( akad ikrar atawa pemindahan utang) marang Allah Ta’ala, lan wongkang ora biso aweh manfaat marang wong liyo, supoyo siro tinggalake.
Siro bisoho mestekake putus niro sangking mahluk lan bisoho ngadepake arep2 niro marang Pengeran kang ngeratoni Dzat kang bener.
Hal 195-----------------------------------Suri bisoho ningali , opo amal niro? Kepriye tumindak Allah marang siro mulai siro lahir? Allah Ta’ala namung tumindak lumo lan ambagusi
TINGALONO! Opo  kang siro lakoni terhadap Allah Ta’ala? Opo ono kang ssiro lakoni kejobo siro iku wangkat lan andurakani Allah Ta’ala.
Anggawokake!! Akeh temenan olehe niro asih2han karo mahluk, banget sitik olehe niro demen marang Allah Ta’ala.
Hal 196--------------------------------------Anggota2 awak niro iku minongko wedus niro!! Siro iku wong kang angon wedus, lan Allah Ta’ala iku Pengeran kang milik. Yen siro iku angon wedus nau ono ing panggonan kang suketan lemu2, sehinggo biso gawesenengewong kang miliki wedus.Siro mesti anduweni hak oleh ridhone wong kang miliki. Nanging yen wedus mau siro angon ono ing panggonan kang gersang (ora ono suket), sehinggo kurus2, nuli ono macan teko nyander sebagian wedus mau, wus sak mestine siro anduweni hak oleh sikso sangking wong kang miliki. Yen kang miliki ngersaake bakal nyikso siro , yen ngersaake bakal ngaruponi siro.
Ana kalane siro oleh ganjaranmelebu suwarga, lan ono kalanesiro oleh sikso melebu neroko. Dadi yen siro iku gelem anggunakae anggota2 awak niro mau ono ing perkoro kang andadekake ridhone Allah, Siro arane wong kang usahamelebu ono ing dalannuju suwargo, lan yenora suri gunaake ono ing opo kang oraandadekake ridhone Allah, siro berarti melebu ono ing dalane neroko.
Hal 197-----------------------------------------------Opo kang wus kasebut iku yoiku pertimbangan2 hikmah. Songko iku akal niro supoyo niro timbang kanthi timbanganiki. Koyo yen siro timbang barnag kang ketingal kanthi timbangn kang ketingal ugo.
Yen siro kepengen weruh kepriye besuk yen siro lewatono ing Uwat kang dipasang ono ing duwure neroko jahanam. Siro supoyo ningali oleh niro karikatannuju menyang masjid. Pembalasan wong kang teko ono ing masjidsedurunge adzan. Wong iku bakal biso lewat ono ing uwat, koyo kilat kang nyamber. Wong iku teko ono ing masjid  ono ing kawitanwaktu, deweke bakal biso lewat ono ing duwure Uwat, koyo jaran kang bagus, kang banter playune. Ono ing kene ono dalanIstiqomah kang cepetan ora biso ditingali nganggo meripat, nanging biso ditingali kanthi ati.
Hal 198----------------------------Allah Ta’ala wus dawuh kang artine:Temenan hiyo iku dalan Ingsung kang lempeng, Songko iku siro kabeh bisoho anut dalan iki.
Kanggo dalan Istiqomah mau namung diisyaratake marnag perkoro kang wujud. Dadi sopo2 wong kang dalane padang deweke bakal biso anut dalane Istiqomah. Lan sopo2 wong kang dlane peteng deweke ora biso ningali dalane istiqomah lan akhirat. Tetep ono ing keadaan binggung.
Hal 199----------------------------------Yen siro wus ngeculake pangunyu niro, peningal niro, lan lisan iro ono ing sebagian umur niro, sak iki iki supoyo siro cancan opo kang wus siro culake.
 Kanjeng Rosulullah saw dawuh kang artine: Wong2 pekiran mukmin iku bakal melebu Suwargo, sedurunge wong2 sugihan wong mukmin kahot limang ngatus(500)thn.
Hal 200------------------------------------Dawuhe Kanjeng Nabi saw kang mengkono iku kerono wong2 kang pekir nalikko ono ing dunyone podo andisikake nindakae ibadah. Sedeng siro seneng ninggalake jamaah ijen lan siro nindakake sholat koyo notol pitik. Ora ono perkoro kang penting diaturake marang Ratu, kejobo perkoro kang bagus lan pilihan.Dadi wong2 pekir podo disiki melebu suwarga iku namung sebab deweke podo disiki lumadi Pengerane naliko ono ing dunyo
Kang dimaksud pukoro yoiku wong2 kang ahli sabar, ngerasake pahite hajad marang Rahmat Allah hinggo deweke ngeroso bungah sebab rupek rizkine koyo yen siro bungah sebab nemu kejembaran. Songgo iku melebune wong2 pekir ono ing Suwargo iku nuduhake nganjuri wong2 pekir iku.
Hal 201-----------------------------Cukup bodo niro uen siro iku riwa riwi marang mahluk lan ninggalake marang Dzat kang gawe mahluk. Dadi siro iku wong kang ngelakoni macem2 maksiatsongko sabenarah. Opo kang mengkene iki siro ora nusahake awak niro.
Gawok kang banget anggowokake, yen ono kawulo madep kekancan karo nafsune, sedeng perkoro olo kang teko marang deweke iku namung sangking nafsune, lan kawulo mau ninggalake kekancan karo AllahTa’ala. Sedeng ora ono kebagusan kang teko marang deweke kejobo sangking Allah Ta’ala.
Hal 202------------------------------------Upamane ono wong takon: Kepriye kekancan karo Allah Ta’ala iku? Siro ngertiyo yen ngancani opo bahe iku mituruti ukurane. Dadi kekancan karo Allah Ta’alayoiku kanthi nurut perintahe  Allah lan ngedohi larangan Allah Ta’ala.Kekancan karo malaikat loro(2)(Roqib, Atid), yoiku kanthi nibakakecatetanamal bagus marang malaikat loro. Ngancani Kitab Qur’an lan Hadist yokiu kanthi amalake Qur’an lan Hadist. Ngancani langit yoiku kanthi mikir kedadean langit. Ngancani bumi yoiku kanthi ngalap tepo talad, opo kang ono ing bumi iki. Wujud padane pangkat iku ora dadi pamestiyane kekancan.
Hal 203-----------------------------------Dadi arti ono ing  Suhbat (ngerewangi) karo Allah yoiku ngerewangi peparing2ngan Allah lan nikmat2te Allah, nuli sopo2 wong kang ngerewangi (ambarengi) nikmat kanthi syukur. Ngeruwangi cobo kanthi sabar, ngeruwangi perintah2e Allah kanthi nurut, ngeruwangi larangan Allah kanthi ngedohi lan nguduri lan ngeruwangi tho’at kanthi ikhlas. Wong iku arane wus kekancan karo Allah. Lan yen Suhbat karo Allah iku wus mapan, Suhbat iku bakal dadi kekasih.
Hal 204----------------------------------Ati-ati!! Siro ojo gumunan; kebagusan wus ilang lan limeke kebagusan wus dilepikat. Ngertyo!! Ingsuniku ora ngarepake wong kang gawe putus asa sangking Rahmat Allah marang poro manuso lan luas sangking Allah Ta’ala.
Ono ing Kitab Zabur e Nabi Daud Alaiki wa alanabiina afdhalu shalat wa aslany. Ono dawuh kang artine mengkene: Welas Ingsun marnag kawulo Ingsun kang paling nemen yoiku naliko kawulo mau mengo sangking Ingsun.Kerono pirang2 wong kang tho’at podo karo sa an sebab ujub. Ora kurang2 wong kang dusoniso oleh pangapurane Allah, sebab pecahe (nelangsane) atine.
Hal 206-----------------------------------Diceritaake sangking Syehk Makinuddin Al-Asmari rohimahulloh. Panjenengane dawuh kang artine: Siji wektu ono ing Iskandaria Ingsun weruh siji budak melaku bareng karo bendarane, Ono ing duwure wong loro iku ono bender kang ambane ngebaki ruangan antarane langit lan bumi. Nuli Ingsung guneman dewe,: bendero iku kangungane budak opo kangungane bendoro. Nuli wong loro iku tak tut ake, hinggo bendorone tuku siji kebutuhan kanggo budak lan budake ditinggal. Bareng budak lungo (nyingkerih), bendoro mau melu nyingkerih barang2 karo budak mau. Akhire Ingsun ngerti yen budak mau setengah sangking waline Allah Ta’ala. Nuli Ingsun nekani bendorone budak lan ngucap: Opo budak sanpeyaniku arep sampeyan dol?.Bendoro mau ngucap: Kerono opo sampayan kepengen tuku budak iki? Ora leren2 Ingsun ditakoni bendoro mau, sehinggo tak terangake perkorone budak iku. Nuli bendoro budak mau ngucap marang Ingsun:Hay Syehk Makinuddin!! Opo kang siro jaluk iku Ingsun luwih ber hak nindakake perkoro iku. Nuli budak mau dimerdekaake dening bendorone lan bendorone dewe suwijine wali  gede.
Hal 207-----------------------------Setenganh sangking Auliya ono kang weruh wali liyane kanthi gondo wangine, tanpo ono minyak wangi. Sebagian Auliya ono kang weruh wali liyane kanthi pengicipe kang nalikone weruh siji wae, deweke ngerasaake roso manis ono ing cangkeme lan weruh wong kang wangkot (dudu wali) cangkeme keroso pahit.
Sopo2 wong kang ninggalake perkoro haram,olehe ngelakoni kuwajiban ora bakal manfaat. Lan sopo2 wong kang ora gelem tarak, tombo opo bahe ora bakal manfaat.
Hal 208---------------------------------------Gawok!! Banget sitike berkahe arto kang tumibo ono ing tangan wong kang ngerampok. Demi Allah!! Kang mengkono iku umure wong kang podo lali, Allah iku dirampok.
Empere dunyo ikukoyo wong wadon tuwo kang loro (sakit) judam lan belang, kang ditutupi nganggo kain sutera. Songko iku wong mukmin iku wong kang melayu lan melayoake wong liyo sangking dunyo. Kerono sifate dunyo kang mengkono kabukak marang wong mukmin.
Hal 209--------------------------------------------Ora ono siji wong kangpengangonne luwih basinngungkuhi basine --------- (ngaku2). Wong kang ngaku2 iku nalilane podo ngucap: Siro iku ora podo karo aku.Siro ora pantes debat karo aku, siro iku sopo hinggo aku nanggapi gunemen iro?
Ngetiyo! Kawit2tane wong kang kerusakan sebab ngaku2 yoiku iblis. Songko iku siro supoyo wedi ojo ngaku2 senajan wong kang siro ajak omong iku wong pincang. Loro judam lan gudiken, kudisan. Dadi ojo siro ino, kerono mulyane kalimat LAILAHA ILALLAH kang ono ing atine, tegeseatine Iman.
Siro bosoho gawe bagus penyana niro marang saben wong . Siro bakal jebo, opo siro anduweni anggepan yen baguse pekerti yoiku yen wong iku bagus -------- ketemu? (wong gede ketemu wong gede).
Hal 210------------------------------------Sopo2 wongkang mulyaake menuso nanging niyo2 hak e Allah Ta’ala, wong iku ora aan wong kang bagus pekertine. Balik.Siro iku dudu wong kang di-piji2 kanthi baguse pekerti, yen siro during cukupi hak2 e Allah Ta’ala. Netepi hukum2ne Allah Ta’ala lan pasrah marang perintah2 he Allah Ta’ala lan ngedohi larangan Allah Ta’ala.
Dadi sopo2 wong kang nekani hak2 e Allah wong iku wong kang bagus pekertine.
Hal 211-----------------------------------------Yen Allah Ta’ala ngussitake cangkeme masyarakat marang siro iku supoyo siro gelem sabar bali marang Allah Ta’ala.
Kedudukan iro ono ing ngersane Allah ora  bakal berubah, sehinggo maksiat Allah. Dadi yen siro maksiat siro iku ora ono ajine ono ing ngersane Allah Ta’ala.
Kang aran taqwa yoiku, tinggal maksiat marang Allah ono ing endi bahe panggonan naliko ora ono wong kang weruh siro.
Hal 212-------------------------------------------Kanjeng Nabi Muhammad saw, iku naliko ngunjuk banyu Panjenengane doa”--------------------------------------------------------------------------------------“. Padahal Kanjeng Nabi Muhammad saw iku wong bersih sangking duso, nanging Kanjeng Nabi Muhammad saw doa kang mengkono iku kerono totokromo lanmuruki marang umatelan Panjenengane ugo kongngan ngendiko: BIDUNU BIKUM.
Kanjeng Rosulullah saw ora tahu dahar lan ora tau ngunjuk, kejobo namung perlu muruki toto kromo marang kito kabeh, yen ora mengkono, Kanjeng Rosulullahsaw tamtu diparingi dahar lan ngunjuk dening Allah Ta’ala.
Hal 213-----------------------------------Wong kang wus makrifat Allah Ta’alaiku yen ngunjuk andingkluake sirahe, mandar terkadang meripate netesake luh. Wongkang makrifat maungucap:Kang mengkene iki Ingsun ngudi ridhone Allah Ta’ala
Saweneh Ulamak iku ono wong kang ora meluteko sholat jamaah, namung kerono ono perkoro anyae kang ngalang2ngi deweke ono ing dalane. Setengah sangking kang nindakane kang mengkene iki: ImamMalik bin Anas ra alasane kerono kamaah iku suwijine kauntungan(bathi). Sedeng bathi iku ora biso diitung kejobo sak wus e notal  bando pokoke.
Hal 214----------------------------------------------Hayawan kang galak iku dudu hayawan kang ono ing alas2. Balik. Hayawan galak kang paling jahat yoiku hayawan kang ono ing pasar lan dalana, yoiku wong kang podo mangan (manasi) atine  wong liyo kanthi nyokot
Wong kang ngakeh2 ake duso lan Istiqfar iku empere koyo wong kang ngakeh2 ake ngombe racun lan ugo ngakeh2ake anggunaake penaware racun. Nuli wong kang mengkene iki  dikandani: Ono ing sijiwektu penawar racunkang siro agunaake iku terkadang biso hasil, nuli siro katekanan pati, sarono ngagat (mendadak) sadurunge teko penawar.
Hal 215--------------------------------Sopo2 wong kang  atine penyakitan, wong iku mesti kecegah nganggo penganggo taqwa. Dadi yen ati niro iku waras sangking penyakit hawa nafsu lan syahwat siro mesti kuat mikul abote taqwa, tegese: amal2 lan taqwa kang abot, Dadi sopo2 wong kang ora biso nemu roso manise tho’at, nuduhake yen atine keno penyakit syahwat.
Dening Allah Ta’ala , syaheat iku diarani penyakit kanthi dawuhe ono ing Al-Qur’an kang artine:Kang mengkono iku dadi sebab wong kanga tine ono penyakit , nuli berobat, tegese ketarik syahwat (Al-Imron 23)
 Hal 216--------------------------------------Gandeng karo penyakite kae nafsu lan syahwat ono caro loro(2) kanggo siro: 1). Ngelakoni perkoro kang manfaati marang awak niro yoiku kalu2 tho’at/…2). Ngedohi perkoro kang melarati awak niro yoiku maksiat.
Dadi yen siro ngelakoni duso, nulisiro susuli kanti tobat, getun lan susah ati, nuli bali tho’at. Kang mengkono iku biso dadi sebabsiro ketemu karo Allah Ta’ala. Lan yen siro ngelakoni tho’at, nuli siro susuli kanthi ujub lan kibir, kang mengkono iku dadi sebab siro pegot sangking Allah Ta’ala.
 Hal 217-----------------------------------------Anggawokake siro iku!! Keperiye siro kok nuperih baguse ati niro? Sedeng anggota lahir niro ngelakoni sak karepe dewe. Perkoro2 kang diharamake koyo ningali opo bahe perkoro kang diharamake, ngerasani wong, adu2 lan liya2ne. Dadi siro iku empere koyo wong kang tetombo nganggo racun atawa koyo wong kang ambersihake pakaian kang putihnganggo barang ireng.
Hal 218----------------------------Tandane Uslah kang bener yoiku biso kabukahe tutupe ati, biso nguripake ati, lan biso nyataake demene marang Allah Ta’ala.
Siro bisoho ambagusake amal! Ora namung akeh2i amal, kerono akehe amal tanpo ono baguse amal (tanpo toto kromo)iku koyo sandangankang akeh nanging regane murah. Amal setitik kang bagus iku koyo sandangan kang sitik nanging larang regane. Koyo Yokut (berlian). Yokut iku bendane ciliknanging larang regane.
Hal 219-------------------------------------Dadi sopo kang atine  ketungkul eleng Allah. Lan kegerawat atine sangking kesenengan e nafsune kang teko ing ati. Wong iku luwih utomo  katimbang wong kang ngakeh2i sholat lan poso.
Sifat wongkang sholat tanpo ono madepe marang Allah iku, koyo wong kang ngaturi hadiah satus peti kosong , ora ono isine, marang siji raja. Wong kang mengkono iku anduweni hak oleh sikso sangking raja. Sarono ora leren2 olehe eleng2 hadiah wong mau.
Hal 220---------------------------------------Wong kang sholat kanthi husure ati iku koyo wong kang ngaturi hadiah marang raja, rupo yokut kang regane sampek sewu(1000) dinar. Sak mestine yen wong iku tansah disebut2 dening raja, kerono hadiah rupo yokut mau.
Hal 221--------------------------------------Yen siro melebu ono ing sholat iku, sak temene siro iku munajad (ngaturake pematur) marang Allah Ta’ala lan utusane Allah saw, kerono naliko sholat, siro iku ngucap :”ASSALAMU ALAIKA YA AYUHANNABIYYU WAROH MATULLOHI WABAROKATUH”. Deneng wong arab ngucape:”AYYUHAR ROJULLU, iku ora diucapake kejobo marang wong kang ono ing ngarep.
Sholat rong rekaat ono ing wektu bengi iku luwih bagus katimbang sewu rekaat ono ing wektu rini, siro shoalt rong rekaat ono ing wektu bengi iku namung supoyo siro bison emu sholat niro ono ing timbangan amal niro.
Hal 222-----------------------------------------Siro tuku budak iku namung supoyo deweke ngeladeeni siro. Opo siro weruh budak kang dituku iku perlu supoyo mangan lan turu? Sejatine siro iku namung budak kang wus dituku. Allah Ta’ala wus dawuh kang artine: Temenan!! Allah Ta’ala wus tuku sangking wong2 mukmin awak lan harta bendane kanthi Suwargo. Wong2 mukmin iku podo perang sabilillah, nuli podo mati musuh lan dipateni.
Sopo2 wong kang ora netepake nafsune kanthi amal2 bagus, nafsune wong mau bakal netepake opo kang dadi kesenengan. Sopo2 wong kang ora nuntut nafsune supoyo tho’at, nafsune wong iku bakal nuntut ngajak maksiat.
Hal 223-------------------------Umapone siro gelem andadekane amal thoat kang abot2 kanggo awak niro, nafsu niro tamtu ora nuntut siro kanthi maksiat lan ora sempet nglakoni maksiat.
Opo siro weruh iku wong sahe2 lan wong kang ahli anjungkung ibadah? Deweke podo seneng2 pelesir (rekreasi) ono ing dini riyoyone.
Sopo2 wong kang ngungkulake awake kanthi bungah2 lan perkoro kang diwenangake, wong iku bakal ditungkulake tinggal sholat bangi. Nuli wong iku didawuhi: Siro wus ketungkul awak niro ninggalake Ingsun (Allah). Dadi siro Ingsun tungkulake ora biso ibadah marang Ingsun.
Hal 224-----------------------------Sholat rong rekaat ono ing wektu bangi iku luwih abot kanggo siro katimbang gunung Uhud. Dadi anggotane badan badan iro kang garing sangking tho’at Allah iku patute namung diketok. Kerono wit2an kang garing iku namung pantes diobong.
Sopo2 wong kang demen dunyo kanthi atine, podo karo wong kang ambangun siji bangunanbagus kang ono ing duwure ono kakuse  kang merembes ono ing ruangan bangunan iku. Sehinggo jobone bangunqan ppodo karo jerone bangunan.
Hal 225-------------------------Sebagian menuso iku ono wong kang ambersihake atine. Dadi atine putih bersih.Dene bersihe ati yoiku kanthi tobat, dzikir, getun lan istiqfar.
Sumono ugo siro ono ing pangayomane Allah Ta’ala, siro iku wong kang jembret maksiat, siro mangan abarng haram lan ningali perkoro kang diharamake.
Sopo2 wongkang ngelakoni perkoro nulayani  Allah lan kesenengan nafsune, atine wong iku bakal dadi peteng.
Hal 226----------------------------Nuli yen ono ing tingkah waras siro ora gelem tobat, terkadang siro dicobo dening Allah kanthi macem2 loro lan ujian, sehingga siro metu ono ing keadaan bersih sangking duso. Dadi empere koyo sandangan kang diumbah.
Hal 227-----------------------------------Songko iku siro bisoho anggosok koco pengilon ati niro kanthi.nyepi (halwat) lan dzikir hinggo ketemu Allah Ta’ala. Lan ati  niro bisono tansah eleng Allah Ta’ala. Kang dadi sebab nyumbere macem2 Nur ono ing ati niro. Siro oo koyo wong kang ngarepake anduduk sumur, nuli anduduk ono ing kene. Kene  nanging namung sakderek. Ahkirat selawase ora biso ngasilake sumbere. Balik. Bisoho anduduk ono ing panggonan kang siji, siro bakal oleh sumberan banyu.
Hay kawulane Allah kang bagus!!Hiyo agomo niro iku kang dadi modal pokok arto niro. Yen modal pokok arto niro wus kok siyak2ake, lisan iro biso siro tungkulake kanthi dzikir Allah. Ati niro bisoho siro tungkulake demen Allah lan anggota badan iro bisoho siro sibukae lumadi Allah Ta’ala.
 Hal 228-----------------------------------Upamane sawah tegalan, wujud niro iku supoyo siro kerjaake kanthi alat2te penggarapan, sehinggo yen ketekanan wiji (bibit) wiji iku bakal tukul. Sopo2 wong kang ngarap atine koyo opo kang dikerjaake dening petani ono ing tanahe, atine wong iku bakal mencorong.
Siro iku empere koyo wong loro kang tuku tanah kang ukurane siji, nuli salah siji niro anggarap sukete lan lerine dibersihake, dialiri banyu lan disebari bibit.Nuli tanah mau nukulake bibit mau lan wong kang ngerjaake biso ngunduh lan ngalap manfaat hasile tanah. Kang mengkono iki sifate wong kang mapakake awake ono ing tho’at marang Allah. Nur kang ono ing atine mencorong.
Hal 229------------------------------------------Dene wong sijine deweke nyiyo2 tanah hinggo suket alang2 podo tukul ono ing tanah iku lan namung dadi panggonan ulo2 kang cilik lan kang gede. Hiyo wong kang mengkono iku wong kang atine peteng sebab maksiat.
Hal 230------------------------------------------Yen siro wus hadir ono ing majlis ilmu(ngaji), nuli panggawean niro ora cucuk karo ilmu lan siro lali , siro ojo sampek ngucap mengkene:Ora ono gunane olehku teko ono ing majlisilmu. Balik. Tetep teko o ono ing majlis ilmu. Siro iku loro (sakit) wus petang puluh(40) thn, opo loro iro iku biso ikang sak jerone monggso sak jam atawa sedino? Temtu ora biso. Dadi loro kang ono ing awak niroiku empere koyo wedi kang dibuang ono ing siji panggonan sak suwene mongso petang puluh thn. Yen arep siro resiki opo nuli biso ilang sak jerone mongso sejam atawa sedinoa?
Hal 231----------------------------------------------Wong kang ngelakoni maksiat lan nglempangan ono ing perkoro haram. Upamane wong iku anjegur, selulup ono ing pitung(7) segoro, ora bakal biso nyucekae wong iku, sehinggo deweke gelem ambudeli sertaneAllah Ta’ala kanthi bundelan taqwa.
Anggota lahir kang ngandung janabah iku biso nyegah sangking melebu ono ing dalane Allah Ta’ala, yoiku musajid lan noco kitab Allah yoiku Al-Qur’an. Semono ugo anggota batin kang ngandung janabah, iku biso nyegah sangking  melebu ono ing pasebane Allah lan paham ngendikane Allah Ta’ala. Janabah batin yoiku lali Allah.
Hal 232-----------------------------------Nafsu niro iku yen nuntut kesenengan, supoyo siro kendaleni karo kendali agama. Kerono nafsu iku empere koyo hayawan (hewan) kanga rep mangan tanduran. Songko iku siro supoyo ngemehe meripat sangking opo kang dikepengeni rupo opo bahe kang ketingal bagus lan ati niro ugo supoyo siro remehe sangking kepengenane.
Ati niro iku supoyo siro ramekae kanthi dzikir Allah Ta’ala, kang perlu diramekake iku ora syahwat lan nafsu. Allah Ta’ala iku milih kanggo siro sebo ono ing ngersane wong kang bener2 patut yoiku wongkang bersih sangking kootran opo bahe perkoro kang ujud.
Hal 233-------------------------------Wong kang podo suluk(ngambah dalane ibadah supoyo biso usul marang Allah) iku empere koyo budak kang ditawarake marang rojo. Dadi budak iku ditompodeneng rojo iku mestine budak kang dimulyoake deneng rojo.Lan budak kang oran patut kanggo rojo, budak iku tetep kanggo rakyat.
Hal 234----------------------------------------------Saben siro nekani siji panggonan pamulangan ilmu bener atawa panggonan maksiat, ono ing gulu niro iku non rangte sangking Nur atawa rante sangking pepeteng. Nuli yen siro  ora bis weruh rante iku, wong liyo kang biso weruh rante ikku.Opo siro ora ngertiyen srengenge kang koyah, menuso biso ningali, nanging wong kang wuto ora biso weruh
Faedahe ilmu iku namung diamalake, empere ilmu kiu koyo surat kang dikirimake dening rojo maarang wakile. Faedahe surat rojo iku ora namung diwoco nanging faedahe supoyo dibukakae opo kang dadi isine.
Hal  235---------------------------------------Contone wong kang ketungkul ilmu, sedeng deweke ora anduweni peningal. Ati iku kaoyo satus ewu wong picek motone. Wong2 iku podo ngambah daln ono ing keadaan bingung. Dadi ono ing kalangane wong satus ewu iku ono siji kanthi meripat kang siji bahe goyah masyarakat temtu anut wong siji iki podo ningali satus ewu wong kang picek matane.
Empere ilmu iku sarono tinggal amal iku koyo lilin, liln iku madangi wong kanthi ngobong awake dewe.
Hal 236------------------------------------Bodo terhadap ilmu kang ngandung lali sangkingAllah iku luwoh bagus ketimbang ngerti.
 Sopo2 wong kang anggota awake ngetokake buah amal tho’at artine wong iku mesti wayah udun marang lisane kelawan dzikir. Wayah udun marang meripat lorone kelawan ngereake sangking perkoro haram, kuping loro kanthi ngerungokake ilmu, tangan lorone lan sikil lorone kanthi melaku marang kebagusan.
Hal 237------------------------------------Sopo2 wong kang ngakeh2ake lelungguhan (jagongan) karo wong zaman sakiki, wong iku berarti mapakake awak marang maksiat Allah. Wong iku empere koyo wong kang nyuguhke(ngelebokake) kayu bakar ono ing geni lan karepe supoyo geni iku mati. Dado wong iku ngarepake perkoro kang muhal. Kerono siji dedawuhan kang artine mengkene: Balak iku dikususake wong2 kang bakal karo masyarakat akeh lan kang biso urip kepenak ono ing kalangan masyarakat yoiku wong kang ora kenal karo masyarakat.
Hal 238--------------------------------------------------Terkadang siro ikubaturan lungguh karo wong kang ora  wedi Allah, sedeng siro iku suwijine wong kang taqwa, nuli siro ketarik ngerasai wong liyo lan siro biso dikalahake.
Kang andadekake suwung ati niro sangking Allah Ta’ala iku namung sitike rasa wedi ono ing ati
Ati kang bagus yoiku ati kang ora ditungkulake opo bahe perkoro kang bagus sangking eleng Allah.
Hal 239----------------------Yen siro kepengen waras ati niro, siro bisoho metu nuju marang taqwa kang koyo ora2 mungguh luwese, nanging siro bisoho pindah sangking lali Allah marang eleng madep Allah, lan bisoho nganggo pakaian ino lan miskin. Yen iku siro tindakake ati niro bakal waras. Nanging siro iku wus ngebaki weteng niro lan siro agul2 lan lemune awak niro. Dadi siro iku podo karo wedus gibas kang dilemokake perlu arep disembelih.
ELENG-ELENG!! Sak temene siro iku wus nyembelih awak niro sedeng siro ora rumongso.
Hal 240----------------------------Siro ojo kepotan majlis ilmu, senajan siro isih netepi maksiat, Siro ojo ngucap:”Ora ono faedahe ingsun ngerungokake majlis ilmu lan ingsun during biso ninggalake maksiat”. Balik. Siro kudu tetep manah yen dini iki durung hasil, sesuk bakal hasil.
Yen siro iku wong pinter tur prayitno. Hak2ke Allah Ta’ala tamtu luwih nyenengake kanggo siro katimbang kepentingane nafsu niro.
Hal 241--------------------------------------Ora bakal diweruhake rahasia2ne Allah Ta’ala, kejobo wong kang keno dipercoyo. Sedeng siro wus mewehi nafsu niro opo kang dadi kepentingane rupo macem2me panganan lan omben2 hinggo siro ngebaki kakus atawa siro nganggep cukup demen niro marang dunyo. Sedeng sopo2 wong kang demen dunyo wong iku berarti kiamat. Lan sopo2 wong kang kiamat wong iku ora bakal diweruhi dening ratumarang rahasia2ne. Songko iku siro supoyo anggunaake pikiran iro, lan Allah bakalnurunake NUR marang siro.
Oraono kang manfaati atine kawulo( ono ing olehe biso ambersihake ati sangking laliAllah), koyo dene halwat, tegesenyepi sangking masyarakat kang ono ing halwat iku kawulo melebu ono ing lapangan pikir2 kang bange luasekoyo alun2.
Hal 242--------------------------Opo ati iku biso padang mencorong? Yen gambare kabeh mahluk iku koyo ono ing ati kang empere koyo koco pengilon? Ora biso.
Opo aati iku biso melaku ono ing pangayomane Allah? Yen ati iku dicancang deneng kasenengan nafsune? Tamtu ora biso.
Opo kawulo iku kepengen supoyo atine melebu ono ing pengayomane Allah? Sedeng ati durung barsih sangking lali marang Allah kang memper janabah? Temtu ora keno.
Hal 243--------------------------Opo kawulo iku ngarep2 biso asrar (ilmu kang lembut2 kang teko ono ing atine poro wong kang wus makrifat Allah). Sedeng kawulo mau during tobat sangking ke-salahan2ne, ora biso.
Asale saben2 maksiat(nulayani perintah Allah lan laranganeAllah) kang sumbere laline ati sangking Allah lan sumbere syahwat nafsu yoiku ridho marang nafsu.
Asale saben2 tho’at, tegese melaku cocok karo perintah lan larangan Allah, sumbere eleng marang opo kang andadekake  ridhone Allah lan sumbere duwur sejo ninggalake kesenengan nafsu yoiku ora ridho sang king nafsu.
Hal 244----------------------Hay murid!! Siro ojo lungo berangkat sangking mahluk muju marang mahluk, tegese ojo nindakake ibadah lan mujahadah kanthi tujuan liyane Allah. Yen siro mengkono corone iku koyo kamir kang ngubengake gilingan gandum. Himar iku melaku, lan panggonankan dituju iku panggonan kang ditinggalake, nanging siro supoyo berangkat sangking mahluk (akuan) menyang mukarin (kang nganakae akuan yoiku Allah). Allah Ta’ala wus dawuh kang artine mengkene:Temenan!! Marang Pangeran iro pengkasan amal niro.
Sak temene Nur iku dadi tumpangane ati nuju marang sebo ing ngersane Allah. Lan ugo dadi tumpangan siro : Syeh Zuzup dawuh kang artine:Kang dikarepake Nur iku yoiku bayang2 kang ono ing ati, rupo pangeritan2 kang digawe deneng warid. Hiyo Nur iku kang nimbulake kawulo biso paham kanthi jelas.
Tembung Sir iku terkadang nganggo arti ati, nanging dudu ati kang koyo ati pitik. Balik. LATIFAH RABBANIYYAH, tegese benda lembut kang ono ing rangangane manuso kang ora ono kang pirso kahekate kojobo Allah Ta’ala.
Hal 245--------------------------Nur iku bolone ati koyo deneng peteng dadi balane nafsu, sebab Nur kawulo biso hasil perkoro telu yoiku: Kazap, tegese kebukak tabir ati. Ilmu lan ambutekake, sebab peteng kawulo tetep budo marang ka Pangerangne Allah, kerusakan lan tumindak tanpo dasar. Yen peteng kang meneng, Hay nafsu biso ngalahake iman lan perkoro Hak. Dadi eleng yen Nur kang menang, hawa nafsu lungo lan perkoro Hak tertp ono ing ati.
Hal 246------------------------------ Yen Allah ngersaake nulungi kawulane ngalahake nafsu lan kesenengane. Allah Ta’ala paring bantuan bala rupo Nur marang kawulo iku. Nuli sebab Nur iku kawulo banjur biso anduweni ilmu lan tansah pinaringan ilham kang ugo disebut KASAP.Nuli kawulo biso pirso endi kang bagus nuli dilakoni lan pirso endi kang olo, nuli disingkirake. Tekane Nur kang nimbulake ilmu lan kasaf iku mesti sak wuse nutupi dalanan peteng kang akehe telu(3) yoiku: 1) Hay nafsu kang nyampuri ilmu. Penyipto2 kang timbul sebab apsenekeyakinan lan syahwat kang kuat kang sebab syahwatiku kawulo ora biso kuasai opo2
Nur iku biso ambukak opo kang samar kanggo kawulo miturut mestine (yen Nur iku sampurno omo ing periyo dene kawulo) basire(peningal ati)kang jejek iku bisongungumi miturut opo mestine. Dadi atine kawulo biso madep ono ing panggonane made plan mungkur ono ing panggonane mungkur. Yen Nur iku oran ono ing ati atawa banget lemitah lan basirohe ora jejek. Atine kawulo bakal madep ono ing panggonan mungkur, mungkur ono ing panggonan madep. Dadi emper wong wuto terkadang bener,  terkadang salah paham.
Hal 247-----------------------Kabeh opo kang wujud ono ing dunyo iku lahire ngandung bujukan,nanging batine ngandung pitutur kang perlu di-angan2. Nafsu menuso iku tansah nyawang marang lahire, nanging atine nyawang pitutur kang ono ing jerone. Wong iku yen nyawang, ngawasai geberangan dunyo kanthi nafsune gopang keno pengaruhe, nanging yen wong iku nyawasi akibat batine kang ono ing atine, tegese akale nyawang akibat kang timbul sebab ngurusi dunyo tamtu wegah lan bakal ninggalake ngurusi dunyo.
Yen siro diparingi ati angkerso sangking masyarakat, tegese, wegah kumpul karo masyarakat, opo bahe kang lumaku ono ing masyarakat ora mengaruhi pikiran iro, Siro ngertiyo: Yen Allah Ta’ala ngersaake ambukak ake lawang roso ayeme ati, ngarep ono ing ngersane Allah Ta’ala.
 Hal 248------------------------Sholat iku panggonane ngaturake pengaturan marang Allah. Ono ing wektu  bengine ati lan panggonane ambening ake ati.
 Ono ing wektu bengi sholat iku lapangan ilmu lan makrifat ketingal jembar luas, sehinggo wong kang sholat iku ngerti macem2 ilmu lan makrifat kang durung dimangertek ake sadurunge sholat. Ono ing wektu sholat iku Nur sangking Allah ketingal madangi ati lan pikiran.
Allah Ta’al iku pirso yen siro iku mahluk kang apes, songgko iku Allah Ta’ala ferdhoake sholat kang namung setitik( sedino sewengi kaping limo). Allah Ta’ala iku pirso yen siro iku ambutuhake Kanugerahan Allah, songko iku Allah Azza Wa Jalla ngakehake ganjaran sholat. Naliko Kanjeng Nabi Muhammad saw tindak ISQRO LAN MI’RAJ ing kawitan Panjenengan ne didawuhi supoyo Panjenengan lan umate sholat kaping seket(50) sedino sewengi. Nuli ono nasehat sangking Nabi Musa as, supoyo Kanjeng Nabi Muhammad saw nyuwun sudan kang akhire disudo dikurangi hinggo ditetepake mung sholat kaping limo(5) sedino sewengi. Nanging ganjarane tetep ganjanran sholat seket rambahan (wallohu a’lam).
Hal 249----------------------------------Masyarakat iku podo ngalem2 marang siro, kerono opo kang dinyono bagus ono ing awak niro.  Nanging siro supoyo maido awak niro, kerono opo kang siro weruhi ono ing awak niro yoiku eleke pekerti niro, sedeng ngaku2 riya, kibir, ujub, lan kurang ajar ono ing ngersane Allah Ta;ala. Syaidina Ali karomalloh wajhahu, ono ing do’ane utawur mengkene: -----------------------------------(tulis arab)------------------------------------------------------artine: Duh Allah!! Mugi andadosaken kulo tiang engkang langkung sahekatimbang punopo ingkang dipun nyono2 masyarakat dating awak kulo, lan mugi ampun nyikso kulo sebab punopo ikngkang dipun ucapaken masyarakat, lan mugi ngapunten dating kulo lampah awon ingkang masyarakat mboten mangertosi.
Hal 250------------------------------Nuli siro n\gelem maido awak dewe, siro iku anduweni pandangan kang telu yoiku: 1)Kudu ngerti yen siro iku anduweni watek kurang , tansah gawe alane, sembrono, dadi ojo ngawasi yen awak niro iku patut di-elem2. 2). Kudu ngerti yen pengaleman ,masyarakat iku bisonimbulake sembrono lan tumindak olo. 3). Kudu ngerti yen kalu olo kang kependem ono ing awak n iroiku isine akeh. Iku kabeh yen di-alem2 make iku nyoto ono ing awak niro.
Yen ora ono , supoyo maido awake, sebab kesembronoane lan ora nyocoke karo opo kang di-alem2 make. Yen ora gelem maido awake iku kelebu ono ing ayat:---------------------------------------------------------------------------------------------------------
Menuso kang paling bodo, yoiku wong kang ninggalake kalu olo kang deweke yakin ngekaloni kerono penganane masyarakat, yen deweke iku wus bagus.
*TANBIHU* Ukurn bodo iku  kanggo wong kang awake suwijine wong kang di-alem2 lan di-sanjung2 lan di-dewa2 ake dening masyarakat. Dene masyarakat umum ora perlu ngopeni asale wong mau ketimbang wong sahe hiyo perlu dimulyaake. Urusan budine wong kang di-sanjung2 iku urusaneAllah Ta’ala dewe.
Qala Ta’ala:---------------------------------------------------------------------------------------------
Hal 251-----------------------------Siro iku ojo sampek nolak atawangopeni pandangan masyarakat marang siro. Kang paling penting siro awasiyoiku pemersane Allah marang siro, yen siro gelem tumindak kang mengkono Allah Ta’ala bakal mirsani siro. Tegese paring Rahmat kang kusus marang siro. Lan yen masyarakat iku madep marang siro, nyanjung2 siro iku siro supoyo ngilang, tegese: ojo openi lan ojo kepengen supoyo masyarakat madep marang siro.
Carane ngilaang yoiku siro supoyo tansah nyawang olehe mirsani Allah marang siro, Kerono yen siro terpengaruh karo madep masyarakat siro bakal gampang tasannu,tegese: gawe2 ono ing tindak tanduk utawa ucapan lan liya2ne, ngewarwat derajat niro ono ing ngersane Allah Ta’ala.
Hal 252---------------------------Ngertiyo!! Yen kawulane Allah Ta’ala iku podo berontak marang muncule perhatian Allah kang samar( nuli podo do’a, nuli podo nyuwun lan amal2 sahe) nanging ora diparengake dening Allah, Nuli Allah Ta’ala dawuh kang artine: Allah Ta’ala iku nertemtoni sopo bahe wong kang dikersaake kanthi Raqhmat perhatian Allah (sirrul inayah) iku kusus marang saweneh manuso kang dikersaake. Poro kawulo mau temtu podo tinggalake amal, kerono tetenggenan. Ketetapan ono ing zaman azal. Nuli Allah Ta’ala dawuh:-------------------------------(Rahmate Allah iku parek karo wong kang podo ambagusake amale)
Hal 253-------------------------------------Yen siro kepengen tekane kanugerahan sangking Allah, siro supoyo ambenerake pekir niro lan banget hajat niro. Artine ambenerake pekir yoiku pekir supoyo siro tancepake ono ing ati.  Ono ing wektu opo bahe, ono ing tingkah opo bahe. Allah Ta’ala wau dawuh:----------------------------------artine: Wong2 pekir iku anduweni hak nompo sadakah, tegese peparingan Allah.
Nur kang teko ono ing ati iku ono kalane rupoNur kang diijimi (di izimi) teko ono ing jobone ati nono kalane rupo Nur kang di izimimelebu ono ing jerone ati. Yen Nur iku ono ing jobone ati, atine kawulo banjur tansah nyawang awake , ugonyawang Allah, nyawang dunyane lan nyawang akhirate, dadi tekadang nurutin kesenengan nafsune, terkadang tho’at marang Pengeran, terkadang eleng akhirat, terkadang demen dunyo. Yen Nur iku melebu ing jerone ati, ora ono kang ketingal ono ig atine kawulo iku,  kejobo Nure Allah Azza Wa Jalla ati maleh ora demen liyane Allah. Hiyo iku kang perlu digoleki lan ditunggu2 yoiku kang didawuhake dening Rasululloh saw.:-------------------------------------------------Qala Rasulullo saw:-------------------------------------------------------------------.Artine: Nur singgih Allah iku yen wus melebu ono ing atine kawulo, ati mau banjur jembar, lego,marem nuli ono hasabah kang matur marang Rasulullo saw : Ya Rosululloh! Jembaripun ati ingkang timbul sebab Nur puniko menopo wonten tondo nipun? Rosulullo dawuh: Tanda e yoiku wong mau nuli ambengangake awake sangking alam bujukan yoiku alam dunyo.Awake mmulai condong marang alam akhirat lan ngamalaken persiapankanggo ngadpi nganti sedurunge tumurune pati.
Hal 255----------------------------Terkadangmacem2 Nur podo teko ono ing ati niro, nanging bareng kang nyambung Nur iku weruh ati niro kebak gambar2an mahluk, Nur iku bali sangking ati kawulo kang kotor sebab macem2 gambar mahluk iku. Kang dikarepake Nur iku yoiku, macem2 ilmu lan makrifat. Nur lan makrifat yoiku Nur kang gandeng karo ka Pengeranan Alla Ta’ala.
Ati niro iku supoyo kosongake sangking kabeh sak liyane Allah. Yen gelem mengkono Allah Ta’ala bakal ngebaki ati niro kanthi macem2 ilmu lan makrifat lan limu2 liyane. Kepengen oleh ilmu opo bahe, ilmu iku bakal teko, yoiku kang disebut ilmu LADUNI.
Ati-ati!! Ojo ngakeh2i KULLU MUDDAIN MUMBAHANUN. Saben2 wong kang ngaku mesti kudu diuji kang dikarepake asrar  ono ing kene iki yoiku ilmu.
Hal 256---------------------------Yen wong iku wong mukmin, mesti tansah ketungkul ngalem2 Allah, sehinggo ora ono kesempatan ngalem2 awake, lan deweke tansah ketungkul (sibuk) nyucupi Hak2e Allah, hinggo ora eleng opo kang dadi kesenengan nafsune.
Allah Ta’ala iku andadekake siro manggon ono ing antara alam mulki lan alam malakut. Perlune supoyo siro iku weruh AKU ngekedudukake awak niro ono ing antarane kabeh mahluk Allah Ta’ala, lan supoyo siro iku ngerti yen awak niro iku suwijine berlian kang dibuntel deneng kabeh mahluk Allah. Kabeh mahluk ditunduka ake marang siro lan digawe supoyo siro manfaatake. Dadi perayogane siro iku ketungkul ibadah marang Pengeran iro. Alam Mulki yoiku Alam Syahadat, yoiku kabeh ruangan kang isine biso ditinganli menuso.
Hal 257------------------------------Alam Malakut yoiku Alam Ghoib yoiku kabeh ruangan kang isine ora biso ditingali deneng meripat manuso koyo Alame Malaikat.
Siro iku tetep anut lan mandang opo kang ono ing langit lan bumi iki. Selagine siro ora biso sujud, tegese, nyawang marang Allah Ta’ala kang mujudake langit bumi iki sak isine. Mengko yen siro wus biso marang Allah, kabeh kang ono langit bumi bakal amdampingi siro. Dadi yen siro butuh opo2 mesti hasil. Yen siro ngucap “KUN” (wujud) sak naliko wujud. Siro anjupuk watu nuli ngucap “DADI O EMAS”! sak naliko dadi emas.
BIDZINILLAHI WIBATAF DIIRILLAHI:Sebab biso kedadean kang mengkono iku kerono kawulo iku ora nyawang opo kang diucapake, lan opo kang dituju, deneng ucapane kerono kerem ono ing penawang –nyawang marang Allaj Ta’ala. Dadi sejatine kang dawuh KUN iku Allah Ta’ala.          Qala Ta’ala: WAMA INDALLOHI KHOIRUN--------------------------------------------------------------------sangko iku kabeh ulama tariqoh mesti podo zuhud.
(Wong kang disebut akil ing ngarep iki disebut zahid) artine: wong kang tansah atine ora kumandil karo dunyo, Tentune siro podo ngerti yen wong iku wus bener2 sampurna akale yoiku kang disebut Zahid. Nur e ketingal meramong ono ing atine lan pertelo ono ing rahine. Lan sebab Nur iku, wong iku nuli podo mengo sangking kasenengan dunyo., ngadoh sangking kasenengan dunyo or ngangep dunyo iki dadi panggonan tetep.
Hal 259----------------------------Wogn kang akil zahid iku tansahanggerakake sejo kuwate nuju marang ridhone Allah Ta’ala kanthi ngelakoni opo bahe kang diperitahake Allah Ta’ala, pasrah lan gumandulmarang Allah ono ing opo bahe, opo kang dikersaake dening Allah Ta’ala. Uripe tansah nuju pitulungan Allah gandeng karo opo kang dadi sampeurane awak , selamete awak ono ing dunyo lan ono ing ahkirat. Qala Ta’ala:WAMAM YAKTISIM--------------------------------
Hal 260-----------------------------Wong akil zahid iku terus melaku, tegese usaha marep marang Allah kanthi numpang izim kang ora leren2 lakune, tegese ora tau lepas sangking azim hinggo diparingi biso ono ing paseban kang suci. Pasebane kang nimbulake roso ayem lan seneng. Paseban kang deweke biso ngaturake pematur kanthi madep lan tansah romongso ono ing ngersane Allah. Ngeturake pematur lan nyawang Allah swt. Ahkire, pasebane Allah iku dadi susahe atine, tegese atine tansah ono ing pasebane Allah. Ono ing endi bahe deweke ora  ninggalake susah, tegese, paseban iku. Kawulo kang ono ing kahanan kang mengkene iki disebut kawulo kang manggon ono ing MAQOM PANAH lan disebut MAQOM JAMIH.                       Ono ing hikmah iku munasif nganak ake nenem kalimat kang artine meh podo2 nanging ora podo. Ora biso anbedakae antarane siji lan sijine yen ora ngerasa ake dewe. Kalimat nenem iku MUFATAHAT, MUWAJAHAH, MUJALASAH, MUSALADAH lan MUTHOLUAH.
Hal 261---------------------------Yen wong  akil zahid kang wus mapan ono ing maqom panah2 mau mudun marang nyucupi Hak2e Allah lan Hak2e masyarakat. Lan opo kang dadi bagian2ne nafsu. Iku mudune mesti kanthi isimne, wewenang sangking Allah. Lan sak  wuse ngoyot bapot yakin, dadi mudune marang nyukupi Hak lan bagian2ne nafsu. Ora ninggalake toto lromo lan lali marang Allah, lan ora nuruti kesenengane nafsu. Nanging olehe melebu ono ing lapangan nyukupi Hak2e masyarakat iku, sebab ono izim lan wewenag sangking Allah, kerono ngaGungake Allah. Lahir sangking kersane Allah lan nuju marang ridhone Allah Azza Wa Jalla.
Hal 262----------------------------------Songko iku Hay poro leluhur ingsun!! Siro ojo melu2 golangan wong2 kang nacat golongane wong2 ahli tasawuf. Kang wus podo usul iki, supoyo siro ora runtoh sangking pandangan Allah lan siro ngebaki bendune Allah Ta’ala. Kerono pepatan2 tasawuf iku podo lungguh madep marang Allah Ta’ala. Miturut hakekate temen lan ikhlas nuheni sarono tansah ngawasi ambekane marang Allah Ta’ala.
Hal 263------------------------------------Wong 2 pepatan tasawuf iku masrahake tututane awak marang Allah lan podo mapakake awake menyerah ono ing ngersane Allh. Poro wong2 ahli tasawuf iku podo ninggal ambelani awak kerono izim karo Allah. Nuli Allah Ta’ala dewe kang dadi gantine pepatan iki merangi wong2 kang podo merangi pepatan2 tasawuf iku. Allah Ta’ala Pengeran kang ngalahake wong2 kang podo ngajak menang2an karo pepatan2 mau.
Hal 264-----------------------------TEMENAN!!Allah ta’ala wus njawab pepatan tasawuf iku kanthi mahluk kusus.  Luwih2 wong ahli ilmu thohir, dadi sitik banget siro nemu wong 2 ahli ilmu thohir kang jembar atine. Ambenerake siji wali tertentu. Balik.Wong mau ngucap marang siro Hay bener yen wali iku ono, nanging wong e iku endi? Nuli yen ono siji wali diomongke (dikandakake) marang wong kang ora percoyo, wong iku mesti nolak, kususiyah sangking Allah ono ing siji wali mau sarono lisane terampil nganakae hujat tur sepi sangking ambenerake. Songko iku siro bisoho ati2 karo wong sifate mengkene iki, tegese ora percoyo marang anane wali, lan siro supoyo melaku sangking wong kang sifate mengkene iki koyo melayu niro sangking macan.
Hal 265-------------------------------Syehk Abu Hasan Sadeli ra dawuh: Kang aran pakeh (ahli fikih) iku dudu wong kang aling2ngi biso ambedah meripat lorone atine. Balik. Kang aran pakeh yoiku wong kang paham rahasiane, wong iku diwujudake deneng Allah, lan sak temene  Allah Ta’al iku ora mujudake wong mau kejobo namung supoyo tho’at marang Allah lan digawe dening Allah, namung supoyo lumadi marang Allah ta’ala.
Yen wong iku pafam mengkene, kepinterane wong mau dadi sebab deweke zuhud marang dunyo, tansah madep marang akhirat. Ketungkul (sibuk)merhatekake Hak2e Bendorone,tansah mikir2 baline marang akhirat lan gawe persiapan2 akhirat.
 Hal 266--------------------------Kanjeng Rosululloh saw dawuh kang artine: Wong mukmin kang kuat iku luwih bagus ono ing kersane Allah katimbang wong mukmin kang apes (lembek, lemah) lan siji2ne ono kabagusane.
Wong mukmin kang kuat yoiku wong kang Nur keyakinane mencorong ono ing atine. Allah ta’ala wus dawuh kang artine: Wong2 iku podo rerikatan ngelakoni kebagusan kang bener2, rerikatan ngelakoni kabagusanyoiku wong kang podo keparek marang Allah Ta’ala bakal manggon ono ing Suwargo Naim.
Hal 267-----------------------------------Wong2 mau (assaa bikum) podo rerikatan marang Allah. Nuli Allah Ta’ala ambersihake atine sangking saliyane Allah. Macen2 perintang ora biso nyegati lan kabeh poro mahluk ora biso nungkul ake sangking eleng Allah, nuli wong mau podo andisik tumeko marang Allah, kerono wus ora ono perkoro kang ngalang2i deweke.
Hal 268----------------------Sak mestine kang nyegah poro kawulo sangking andisik biso tumeko marang Allah yoiku penarik2 gandulan marang liyane Allah T’ala. Dadi semongso atine poro kawulo anduweni sejo arep barangkat marang Allahswt.atine ketarik gandulan karo perkoro kang ganduli. Nuli atine balik marang gandulan lan madep marang perkoro kang angganduli hatrohi Allah (pasebane Allah) iku diharamake lan dicegah kanggo wong kang sifate koyo mengkene iki.
Ono ing kene, Siro bisoho paham dawuhe Allah ta’ala kang artine: Besuk ono dino, kang ing dino iku arto lan anak2 lanang ora bakal biso manfaat, kojobo wong kang teko ono ing ngersane Allah kanthi ati kang selamet.
Hal 269-----------------------------------Semono ugo dawuhe Allh Ta’ala kang artine: Wus nyoto benere siro kabeh podo teko ngadep ono ing ngerso Ingsun ijen2, koyo naliko Ingsun sepisana gawe siro kabeh ing bumi, lahir sangking weteng ibu kanthi udo tanpo sandang, tanpo omah. Saiki siro kabeh podo ninggalake harta benda kang INgsun paringake marang siro kabeh. Sior tinggalake ing buri, tegese, ono ing dunyo.
Hal 270-----------------------------------Sangking dawuhi Allah Ta’ala iki biso dipaham yen patute sowan iro marang Allaha lan tumeko niro marang Allah yoiku naliko siro ijen tanpo ono liyane Allah Ta’ala.
Coba pahamake dawuhe Allh Ta’ala: ALAM  YAJID KA YATIMAN FAA WAA…artine: Hay Muhammad!! Opo bener, seliramu iku asale bacah yatim?..Sangking dawuhe Allah iku biso dingertini yen Allah ora bakal ngungsekake siro kejobo naliko siro iku bener yatim sangking sak liyane.
Hal 271-----------------------------Semono ugo dawuhe Kanjeng Nabi Muhammad saw kang artine: Temenan!! Allah Ta’ala iku Dzat kang Ijen tur demen opo bahe kang ijen. Tegese, Allah demen ati akng ora digenepi dadi loro(2) sangking mahluke Allah. Nuli ati kang ijen iku yoiku ati akng kerono Allah lan kanthi oleh pitulungane Allah Ta’ala.
Dadi wong2 kang atine koyo mengkene iki yoiku wong kang ahli hasrat (ahli saibah) kang oleh dawuh kanthi kahanan hikmah. Nuli keperiye kok poro arifin mau kungang tetangenan marang liyane AllahTa’ala. Sedeng deweke podo nyawang siwijine Allah Ta’ala
 Hal 272---------------------------Al Syekh Abu Hasan Assadeli dawuh kang artine: Ingsun iki diparingi kuat suhud (nyawang sifat suwijine Allah), nuli ingsun nyuwun marang  Allah, mugo2 Allah nutupi suhud ingsun. Nuli ingsun nompo dawuh: Upomone siro nyuwun marang Allah kanthi opo kang disuwun deneng Nabi Musa Kalimulloh, Nabi Isa Ruhulloh lan Nabi Muhammad habibulloh wa shafi yuhu. Allah Ta’ala ora bakal ngelaksana ake. Nanging siro bisoho nyuwun marang Allah, kerono Allah paring kekuatan marang siro, nuli ingsun nyuwun kekuatan. Nuli Allah paring kekuatan marang ingsun.
Hal 273--------------------------Dadi poro wong2 poro ahli paham (poro arifin) iku ngalap sangking Allah lan podo pasrah marang Allah, nuli wong2 iku tansah oleh pitulungan sangking Allah. Nuli opo bahe kang nyusahake poro ahli paham diculupi deneng Allah lan opo kang nyumpekake disingkirake deneng Allah Ta’ala.
Hal 274----------------------------Poro Arifin iku podo ketungkul karo perkoro kang diperintahake deneng Allah lan ninggalake opo kang wus ditanggung deneng Allah kanggo deweke. Deweke ngerti yen Allah Ta’ala ora bakal melasarake deweke marang liyane Allah. Lan Allah ora bakal nyegah sangking kanugerahane. Nuli poro Arifin (ahli paham) iku podo melebu ono ing roso kepenak lan podo leren ono ing suwargone menyerah lan Ladzat e paserah. Nuli derajate diluhurake deneng Allah lan Nur e disempurna ake.
 Hal 275----------------------------Hay wong2 bagus Rahimakallah!! Ngerti yo!!Ilmu iku sekirane ono ing Al-Qur’an kang mulyo lan ono ing Hadist kang shoheh di-sebut2 kanthi bolabali sak temene dikersaake yoiku ilmu2 kang manfaati kang dibarengi hasyah lan khop(wedi)                                      Allah Ta’ala wus dawuh : INNAMA---------------------------------artine: Kang wedi marang Allah iku namung wong2 kang alim. Ono ing ati iki Allah Ta’ala merangake yen ilmu iku biso naterapi wedi Allah Ta’ala. Dadi poro Ulama iku wong2 kang anduweni roso wedi marang Allah Ta’ala (tanbihu). Dawuhe musanif iki yoiku kang ambedakake antarane ulama dunyo lan ulama akhirat. Ono ing bab iki kito ojo ngaku2 wus wedi Allah Ta’ala kang supoyo diwenehi title ulama. Sebab wedi Allah iku ono tanda2ne. Setengah sangking tandane yoiku ono ing sakabehane tindak lan ucapane tansah ono ing bates2 kang ditemtokake dening Allah Ta’ala. Tansah ajak tho’at marang Allah, ora wani akeh2an dunyo, ngadohi wong kang ahli dunyo, tawaduh lan liya2ne.
Hal 276-----------------------------Semono ugo dawuhe Allah Ta’ala: INNA  LADZINA-----------------------(-------------------------------)lan dawuhe Allah Ta’ala--------------------------------------------------------------(-------------------------------) lan dawuh Allah Ta’ala           -------------------------------------------------------(----------------------------) lan dawuhe Kanjeng Nabi Muhammad saw---------------------------------artine; Poro Ulama iku warisan poro Nabi.
Hal 277----------------------------------Kang den karepake ilmu ono ing goyah panggonan iki yoiku ilmu kang manfaati kang biso mekso hawa nafasu lan kang biso nundukake nafsu, kang mengkene iki wus nyoto kanthi pasti. Kerono dawuhe Allah lan ngendikane Rosululloh saw iku luwih agung katimbang yen ditanggungake marang liyane ilmu napiku iki.
Ilmu kang manfaati yoiku ilmu kang keno digawe pertolongan kanggo tho’at Allah lan biso netepake roso wedi Allah lan mandek ono ing angger2ane Allah Ta’ala. Ilmu kang mengkene iki yoiku ilmu makrifat Allah Ta’ala.
Hal  278----------------------------Nanging sopo2 wong kang cul2an ngelakokake tauhid (hakekate) tanpo dicancang ngongo syariat2 kang dhohir, wong iku bakal dicemplongake ono ing segorone KAPIR ZUIDIK kang bener yen wong iku lakune dikuatirake kanthi hakekat lan ditaleni nganggo syariat.
 Semono ugo wong2 ahli tahqiq, ora namung ngunaake hakekat lan ora namung mandek ono ing tetangenan  lahir syariah. Balik. Bertindak (anggabungake) antarane hakekah lan syariah.
Hal 279------------------------------Songko iku mandek sarono tumindak dhohire syariat iku sirik (nyekutokake ibadah) lan cul2an ngonggo hakekat tanpo cancangan syariat iku kosong (hampa). Kedudukan kang bener yoiku ngumpulake antarane hakekat lan syariat.
Saben2 ilmu kang kerentek2 niro tertarik karo ilmu iku lan di-bayang2ianut, nuli nafsu niro kok condong lan watak niro ngeroso enak marang ilmu iku. Ilmu kang mengkono iku supoyo siro buangsenajan ilmu iku hak.
Hal 280----------------------------------Siro bisoho ngalap ilmu2 ne Allah kang diturunake marang Rosululloh saw, anut o Kanjeng Rosulullohsaw, anut o marang poro penggantine, poro Sahabate, poro Tabiin, sak wuse Sahabat anut o marang Ulama kang nuduhake marang Allah yoiku poro Imam kang wus biso bebas sangking hawa nafsu lan Ulama2 sae. Burine poro Imam2 mau, yen gelem mengkono siro bakal selamet sangking macem2me keraguan, penyana2, penyipta2. Salamet sangking gangguan2 lan pengkuan2 palsu nyaraake sangking pituduh bener lan hakekat pituduh.
Hal 281-------------------------------Cukup kanggo siro ngalap ilmu kang manfaat yoiku ngaweruhi sifat suwijine Allah lan ilmune demen Allah Ta’ala, demen Rosululloh saw, demen poro Sahabat, lan nekadahi bener marang jamaat ahli sunnah.
Hal 282---------------------------------Yen siro kepengen oleh sangking opo (ilmu) kang dimiliki deneng poro kekasih Allah Ta’ala, siro bisoho ninggalake masyarakat secara kabeh kejobo wong kang tingkahe nuduhake siro marang Allah Ta’ala. Podo ugo olehe nuduhake kanthi syarat kang bener atawa kanthi tindakan kang tetep benertur ora nyimpang sangking Qur’an lan Sunnah.
Hay wong bagus!!! Siro bisoho ngeluhurake himmah (sejo kuat) niro, nuju marang Bendoro niro(Allah Azza Wa Jalla) lan bisoho ketungkul karo Allah Ta’ala tanpo ketungkul liyane.
Hal 283--------------------------Aku kerungu Syehk abu Abbas Al Muksi, Pengjenengane dawuh kang artine mengkene: Demi Allah, aku ora weruh kamulyaan kejobo ono ing  luhure himmah, ninggalake masyarakat. Ono ing luhure himmah iki, siro bisoho eleng dawuhe Allah Ta’ala:-----------------------------------artine: Kamulyan iku namung kagem Allah, poro utuasan Allah lan wong2 mukmin. Setengah sangking kamulyaan kang Allah Ta’ala mulyaake wong mukmin, kanthi kamulyaan iku yoiku ngangkat hikmahe wong mukmin marang bendorone lan kumandelan wong2 mukmin marang Bendorone tanpo ngandelake liyane Allah Ta’ala.
Hal 284---------------------------Siro bisoho isin karo Allah, , gandeng karo olehe ngalindih lali lan ora ileng Allah, sak wuse siro di ingoni penganggo iman dening Allah lan di-pahes2i kanthi pepahes makrifat Allah, sehinggo siro condong marang mahluk atawa siro nuperih kabagusan sangking sak liyane Allah Ta’ala.
Hal 285----------------------------Banget alone kanggo wong mukmin yen deweke mapakake hajate marang liyane Allah, sarono ngerti sifat suwijine Allah lan olehe ijene Allah dadi Pengeran. Sedeng wong mukmin mau ugo kerungu dawuhe Allah:-------------------------artine: Opo Allah Ta’ala iku ora biso nyukupi kawulane? Allah biso nyukupi.
Wong mukmin bisoho eleng dawuhe Allah Ta’ala:----------------------artine:Hay wong2 mukmin, siro kabeh supoyo nuhoni janji siro kabeh.
Setenggah sangking akad perjanjian kang siro janjekake marang Allah yoiku siro arep ngaturake hajad niro marang Allah Ta’ala lan namung arep ngendelake Allah Ta’ala.
Hal 286------------------------------------Luhure himmah (sejo ati kang kuat) ninggalake mahluk iku suwijine timbangan wong2 kang pekir (butuh) marang Allah Ta’ala. Lan siro kabeh supoyo anjenengake timbangan kanthi adil. Nuli wong kang temen pertelo temen lan wong kang ngaku2 bakal pertelo goyah.
Hal 287-------------------------------------Temtune kangti hikmahe Allah Ta’ala lan wujude nikmate Allah Ta’ala. Allah wus nguji wong2 pakir (sholihin) kang ora podo temen kanthi ngetokae opo kang didalilake deneng poro sholihin yoiku demen dunyo lan opo kang disamarake yoiku SYAHUWATUN NAFSI, nuli wong 2 pekir mau podo gawe gerombel awake ono ing ngarep wong2 ahli dunyo. Tingkahe ramah tamah karo wong2 ahli dunyo. Ngocoki hajad2e ahli dunyo tur ditolak sangking lawang2nge wong ahli dunyo, nuli siji, setengah sangking wong2 pekir mau ono kang siro tingali gawe pepahes koyo pepahese penganten (pakaian sarwo bagus) wong2 kang mengkono iku yoiku wong kang merhatekake noto bagus lahire, nanging lali noto bagus batine.
Hal 288----------------------------------------Temenan !! Allah Ta’ala wus gawe tondo tetenger kanggo wong2 kang ora temenan olehe makrifat, kang sebab tondo2 iku celane dibukak dening Allah Ta’ala, lan opo kang ono ing jero atine diketokake, nuli sak wuse awake disibatake karo Allah. Iku yen wong mau bener2 sertane Allah, bakal ono sebutan sangking masyarakat ABDUL KABIR (Kawulane Pengeran kang Moho Agung), Nuli wong mau di tok ake sangking sebutan Abdul Kabir malah oleh sebutan Shyeh Al amir (kyai ne penguasa)
Hal 289------------------------------------Hiyo wong kang mengkono iku wng 2 kang podo goroh atas namane Allah, kang podo nyegati poro kawulane Allah sangking olehe arep kekancan karo poro kekasihe Allah. Kerono opo kang ditingali deneng wong awam iku namung ditangungake marang wong kang bangsane awake marang Allah, podo ugo temenanan olehe makrifat Allah atawa ora temenanan.
Dadi wong2 kang ora temenan olehr makrifat, dadi mendunge srengenge wong kang ahli taufik
Hal 290-----------------------------------Wwong2 mau podo nabuh kendang, podo anggelar bendorone lan podo nganggo kalambi perang. Nanging yen wus ngadepi serangan wong mau podo bali mungkur ono ing tungkane. Wong mau lisane trampilngaku2 nanging atine kosong sangking taqwa.
Opo siro during krungu dawuhe Allah Ta’ala kang artine: Kang mengkono iku kerono Allah ngersaake andangu wong kang temenanan gandeng karo ketemenanane. Yen Allah ta’ala mesti andangu wong kang temenanan.Opo siro anduweni anggepanyen Allah Ta’ala bakal ngumbarake wong kang p[odo ngaku2 tnpo didangu?.
Hal 291----------------------------------Opo siro during kerungu dawuhe Allah ta’ala ono ing Surah Taubah kang artine: Siro dawuhe,Hay Muhammad, Hay poro Muslimin, siro amal o. Amal nori kang bagus lan kang olo bakal dipersani deneng Allah lan utusane Allah.
Lan wong kang podo Iman, baguse mesti bakal ketingal ono ing kalangan masyarakat. Siro kabeh mesti bakal dibalekake marang pengadilan Allah. Pengeran kang pirso kabeh kahanan kang samar lan kang nyoto.
Dadi wong2 mau lahire podo ngetokake pakaian wong2 kang podo temenanan, nanging amal koyo perbuatan wong2 kang podo mengo. Allah Ta’ala wus dawuh kang artine: Siro kabeh bisoho melebu omah sangking lawange.
Hal 292------------------------------Ngerti yo siro!! Lawang rizki iku tho’at marang kang paring rizki. Yen siro ngerti koyo mengkene keperiye rizki kok digoleki kanthi andurakani Pengeran kang paring rizki? Atawa keperiye kanugerahane Pangeran kang paring rizki kok disuwun. Temtune kanthi ngelayani Panjenengan. Sedeng Kanjeng Nabi Muhammad saw iku wus dawuh kang artine: Opo bahe kang ono ing ngersane Allah ta’ala iku ora biso dihasilake kanthi opo kang andadekake bendune Allah, tegese, rizkine Allah Ta’ala iku ora biso disuperih kojobo kanthi opo kang andadekake ridhone Allah Ta’ala.
Hal 293------------------------------------Kang mengkono iku wus didawuhake deneng Allah Ta’ala kanthi jelas kang artine: Sopo2 kang wedi Allah Ta’ala, wong mau bakal dibebasake dening Allah sangking kesulitan lan Allah bakal paring rizki kang tekane ora di-kiro2.
Hal 294-------------------------------------Kerono arti kang mengkene iki. Panjenengan Abu Abbas dawuh ono ing hisibbe, nalikane Panjenengan  matur marang ngersane Pangeran: Duh Allah, mugi Panjenengan kerso maringi kulo mekaten------------mekaten, nuli panjenengane matur: lan mugi2 paring rizki ingkang sekeco,ing kang mboten dadosake sebab ipun kaling2an wonten ing dunyo meniko. Rizki ingkang boten hisap ipun lan boten wonten siksanipun wonten ing akhirat.
Dadi wong ahli nompo rizki, kang ora dinyono2 iku mapan ono ing dasare ilmu tauhid lan ilmu Sar i. Sarono deweke selamet sangking hawa nafsune lan syahwate lantabiate.
Hal 295---------------------------------Siro bisoho kuwatir sangking melu2 ngatur perkor niro, bareng2 kaor Allah ta’ala. Empere wong kang melu2 ngatur urusan bareng 2 karo Allah, koyo budak kang diutus deneng Bendarae marang siji kuto, supoyo andadekake pakaian kanggo Bendarane, nuli budak mau melebu kuto kang diutju, Nuli budak mau guneman, Aku iku manggon ono ing omahe sopo? Sopo kiro2kang ingsu rabi?budak mau sibuk ngurusi kepentingane  awake ora ngurus opo kang dadi perintah Bendarane, Hinggo budak iku ditimbali deneng Bendaran
 Hal 296---------------------------------Wus sak mestine budak iki oleh pembalasan dipecat deneng bendarane lan hubungane karo bendarane kaling2an kerono deweke ketungkul ngopeni urusan awake dewe. Ninggalake Hake bendarane.
Semono ugo, hay wong kang ngaku iman!! Siro di tuk ake deneng Allah ono ing alam dunyo iki supoyo lumadi (ibadah) marang Allah lan urusan siro wus diatur deneng Allah minongko suwijine nikmat sangking Allah marang siro. Deneng yen ono ing dunyo iki siro ketungkul ngatur awak niro,  ninggalake hak e bendoro niro. Berarti siro mengo sangking dalane pituduh lan melaku ono ing jurang kerusakan.
Hal 297-------------------------------Empere wong kang melu2 ngatur awak bareng Allah lan wong kang ora gelem melu2 ngatur awak bareng2 Allah iku koyo budak lorone rojo. Kang siji ketungkul nindakake perintah2e bendorone ora melengo marang penganggo lan panggonan. Balik. Kang dadi sejone namung melulu ngeladeni bendorone. Nuli olehe ngeladeni bendorone iku deweke ora sempet ngopeni kepentingan awake. Yen budak kang sijine, semongso2 digoleki bendarone, deweke sibuk ngumbah pakaiane dewe, noto kendaraane lan gawe pepahes awak. Dadi budak kang kawitan mau kang luwih patut ngadep bendaorone ketimbang budak kang kaping pindo.
Wus sak mestine budak dituku iku perlu kanggo bendarone, ora kanggo kepengtingan awake dewe. Semono ugo kawulo kang waspodo lan oleh pitulungan Allah. Deweke namung sibuk nyukupi Hak2 e Allah lan nindakake perintah2e lali karo opo bahe kang dadi kesenengan lan kepentingane awake dewe.
Hal 299------------------------------------Yen kawulo iku waspodo koyo mengkene, kabeh urusan mesti diurus deneng Allah Ta’ala lan diparingi kanthi peraring kang banget akehe. Kerono kawulo iku temenanan olehe tawakal. Kerono dawuhe Allah Ta’ala kang artine: Sopo2 wong kang pasrah marang Allah Ta’ala. Allah Ta’alabakal nyukupi wong iku.
Wong kang lali marang Allah iku ora koyo wong mukmin. Wong kang lali Allah iku dewe. Siro tingali namung ngasilake dunyone lan nandangi opo bahe kang biso maremake lan muasake kesenengan nafsune.
Hal 300------------------------------------Contohe wong kang oleh pertolonganAllah ono ing alam dunyo iki, iku koyo bocah cilik karo ibune. Ibune ora bakal ninggalake ngurus anake ono ing perawatan lan ibune ora bakal ngumbarake anake metu sangking pangereksane.
 Semono ugo wong mukmin karo Allah Ta’ala, Allah Ta’ala iku tansah anjumenengi wong mukmin iku kanthi bagus tukune. Nuli Allah Ta’ala anggiring macem2 nikmat marang wong kang mukmin lan nolak macem2ne poncabaya.
Hal 301-------------------------------------Empere kawulo Allah Ta’ala ono ing alam dunyo iki, iku koyo budak kang didawuhi deneng bendarone mengkene: Siro budal o marang daerah iki. Niat niro berangkat supoyo niro kukuhake lan siro supoyo nganaake persiapan lan perlengkapan iro.       Ngertiyo!! Yen bendarone budak wus izimi kang mengkono iku, wus sak mestine yen bendarone iku wus aweh kemenangan marang budak, keno mangan opo bahe kang biso bantu jejeke awak. Supoyo nganakake persiapan lan supoyo jejek kanthi anae sangu iku.
Hal 302--------------------------------Semono ugo kawulo karo bendarane Allah. Kawulo diwujudake deneng Allah ono ing alam dunyo iki lan diperintah supoyo gawe sangu sangking dunyo, iki kanggo persiapan baline ono ing akhirat. Allah Ta’ala wus dawuh kang artine: Siro kabeh bisoho ngalap sangu, temenanan bagus2e sangu yoiku TAQWA.
Hal 303-----------------------------Dadi wus maklum, yen Allah Ta’ala perintah kawulone supoyo nganakane sangu kanggo akhirat. Berarti Allah Ta’ala paring kewenangan marang kawulone keno ngalam sangking dunyo iki opo bahe kang biso ambantu kawulo iku kanggo sangu marang akhirat lan kanggo bekal  persiapan bali ono ing akhirat.
Sifate kawulo karo bendarane(Allah Ta’ala) iku koyo budak kang ditekakakengadep marnag siji ratu lan kawulo iku diperintah supoyo ngerjake siji penggawean. Dadi yen Ratu nekakake buruh supoyo ngeladeni ono ing omahe, ora bakal buruh iku diumbarake tanpo diwenehi mangan.
Hal 304--------------------------------Kerono Ratu iku lumo2 wong, ketimbang kang mengkono iku. Semono ugo kawulo karo Bendarane.(Allah Ta’ala)
Alam dunyo iki kagungane Allah, lan kang dadi buruhe yoiku siro. Penggawean kang kudu dikerjaake yoiku tho’at, upahe yoiku Suwargo. Allah Ta’ala ora bakal amal marang siro. Sedeng Allah ono anggiring marang siro opo kang biso siro gunaake bantuan kanthi amal kejobo kerono kebagusan iro.
Hal 305--------------------------------------Contone kawulo karo Bendarane (Allah) iku koyo budak kang diperintah deneng Rojone, supoyo manggon ono ing bumi iki, lan supoyo perang lan merangi musuh ono ing bumi iki. Dadi wus sak mestine budak mau keno mangan opo bahe kang ono ing gudang pangan ono ing bumi iki kanthi aman. Perlune supoyo biso digunaake bantuan kanggo merangi musuh, Mengkono iku kawulone Allah kang diperintah supoyo merangi nafsu lan setan, kerono Allah Ta’ala wus dawuh kang artine: Siro kabeh supoyo perang ono ing ngudi ridhone Allah kanthi sak bener2e perang. Allah Ta’ala wus milih marang siro kabeh.
Hal 307---------------------------------Dadi naliko Allah Ta’ala perintah marang kawulone supoyo merangi setan. Allah paring izin marang kawulone keno milih sangking dedhukul2ne bumine Allah. Opo bahe kang biso ambantu kawulo kanggo merangi setan, kerono upamane siro tinggal mangan lan ngumbe, siro tamtu ora mungkin biso anjumenengi tho’at marang Allah T’ala. Ora biso giat lumadi (ibadah) marang Allah Ta’ala.
Hal 308-----------------------------Contohe kawulo bareng2 karo Allah iku empere koyo Ratu (Rojo) kang anduweni budak, Nuli Ratu iku ambangunomah ono ing panggonan sak sak isi kang dipanggoni deneng poro budak. Lan dihiasi, lan diperintah ratu iku mundur. Tetanduran2 lan ngelengkapi macem2 pekoro kang nyenengake, sedeng ratu iku ngersaake mindah poro kawulo ono ing  omah kang dibangun mau. Kepriye anggepan niro nalikane kang mengkene iki dadi perhatiane ratu marang budak, gandeng karo perkoro akng disimpenake kanggo budak lan dicaosake kanggo budak sak wuse berangkat? Opo ratu kang mengkene iki nyegah poro kawulone sangking mekulih peparing2 nge lan macem2me daharan. Sedeng ratu iku wus nyediake perkor kanga gung lan kanugerahan kang gede kanggo poro kawulone.
Hal 309---------------------------------Semono ugo poro kawulo setane Allah ta’ala.Allah Ta’ala wus andadekake poro kawulo ono ing dunyo iku lan Allah wus nyaosake Suwargo kanggo poro kawulone. Dadi Allah Ta’ala ora ngersake nyegah poro kawulone sangking manfaati dunyo, nanging sekedar opo kang dadi jejeke wujude kawulone.
Allah ta’ala wus dawuh kang artine: Hay poro menuso, siro kabeh bisoho podo mangan. Setengah sangking bagus2e opo kang wus Ingsun paringake marang siro kabeh.
Hal 310----------------------------------Yen Allah Ta’ala nyimpen perkoro kang langggeng mongko siro kabeh lan paring kanugerahan kang lengkap (ganjaran akhirat). Kang mengkono iku Allah Ta’ala ora nyegah siro ngalap perkoro kang rusak (dunyo), mung bahe Allah nyegah siro sangking barang kang ora dibagusake kanggo siro. Barang kang ora dibagusake marang siro iku ora kanggo siro.
Hal 311---------------------------------Perumpamaanewong kang prihatin gandeng karo urusan dunyone, lali nganakake sangu kanggo urusan akhirat iku koyo wong kang ditekoni deneng hayawan (hewan) galak kan siap nyander deweke. Nuli ono laler menclok ono ing awake, nuli wong iku ketungkul anggusah laler, ninggalake nyingkiri sangking hayawan galak mau. Dene Pengerankang Hak,menuso kang mengkene iki suwijine kawulo kang kumprung (ampang akale) lan wus ilang akale. Upamane kawulo iku wong kang urip akale, perkorone macan nyader macan, panuberahe macan temtu luwih nemen. Dadi perhatiane katimbang laler.
Hal 312-------------------------------Semono ugo wong kang merhatekake urusane dunyone, lali nganakake sangu kanggo ahkirat.  Iku biso nuduhake marang kekumprungane, kerono yen deweke paham lan urip akale temtu nganakake persiapan kanggo ahkirat. Kang deweke bakaltanggung jawab lan ditahan ono ing akhirat iku. Dadi ora ketungkul urusan rizki, kerono perhatian karo urusan rizki dibandingake karo perkoro ahkirat iku podo karo nisbati laler marang nyerange macan lan panuberuk.
Hal 313-------------------------------------Empere wong kang nyimpen amanat (penkarang dipernyatake) iku koyo budak siji.Rojo kang ora weruh yen awake anduweni siji barang ono ing sanding bendoro lan ora tetenggenan marang olehe nyimpen opo2 kang ono ing tangane lan ora anduweni kekuasaan ono ing opo bahe kang bendorone ora paring pilihan marang budak iku.
 Dadi nalikane budak iku paham yen ngeker (nyimpen) iku kang dikersaake bendorone deweke. Banjur ngeker kerono bendorone ora kerono awake hinggo bendorone dewe kang anduweni pilihan panggonan penggunaane, dadi budak iku namung nanjakake opo kang ono ing tangan, naliko deweke paham sangking bendorone opo kang dadi kersane, budak kang mengkene iki ora dipaido gandeng karo olehe ngeker. Kerono olehe ngeker (nyimpen) iki kerono kepentingan bendorone
Mesti ugo wong kang oleh makrifat Allah, yen wong2 wus makrifat iku podo  maringake opo2 olehe maringake ono ing olehe ridho Allah.
Hal 315-------------------------------------lan yen podo ngeker (ora maringake) ugo kerono Allah Ta’ala. Wong2 kang wus makrifat Allah iku podo nuperih opo kang dadi ridhone Allah. Olehe maringake lan olehe ngeker ora ngarepake opo2 kojobo kerono allah. Dadi poro wong kang ahli makrifat iku wong kang anjogo gudange Allah kang dipercoyo.Kawulo kang agung2 lan wong2 bagus kang lumo2.
Wong2 ahli makrifat iku wus dimerdekake deneng Allah Ta’ala, sangking diperbudak deneng kabeh mahluk, nuli ora madep marang mahluk kanthi seneng
Hal 316--------------------------Opo kang wus dipapanake deneng Allah ono ing atine wong2 ahli makrifat, rupo demen Allah lan seneng Allah, nyegah wong mau sangking condong marang mahluk lan madep mahluk. Dadi kabeh kang ono ing tangan poro Arifiniku koyo opo kang ono ing gudang simpenane Allah Ta’ala. Sedurunge perkoro mau tumeko marang wong2 kang podo makrifat Allah. Kang mengkono iku kerono deweke podo ngerti yen deweke iku milik Allah. Lan opo bahe kang Allah Ta’ala paring milik marang dewelke ugo milik Allah.
Hal 317---------------------------------Ing buri iki ono keterangan kanggo wong2 kang podo ngalap tepo telodo lan dadi petunjuk kanggo wong2 kang waspodo.
 Sopo2 wong kang biso metu sangking ngatur awak, Allah Ta’al dewe kang nandangi baguse ngatur wong mau.
Hal 318-----------------------------Takbit (ngatur awak) iku ono loro(2): Tadbir kang dipuji lan tadbir kang dipaido.tadbir kang dipaido yoiku: ngatur kang bali marang nafsu niro kanthi onone bagianme nafsu,sarono ora ono bagian kagem Allah babar pisan. Koyo ngatur gandeng karo ngasilake maksiat atawa gandeng karo ngasilake tho’at kang dibarengi riyak atawa sum’ah lan sepadane.Tadbir kang mengkene iki kabeh dipaido, kerono ono kalalane biso naterapi sikso atawa hojab (aling2)
Hal 319--------------------------Sopo wong kang weruh nikmate akal, wong iku mesti isin karo Allah. Yen deweke anggunaake akal kanggo angen2 opo bahe kang ora biso marekake awake marang Allah. Lan ora biso dadi sebab marang anane demen Allah Ta’ala.
Akal iku suwijine kanugerahan kang paling utama kang diparingake deneng Allah Ta’ala marang kawulone, kerono Allah swt iku wus gawe sakabehane perkoro kang wujud lan Allah wus paring kanugerahan marang sakabehane kang wujud iki kanthi diwujudake lan langgeng paring bantuan. Dadi kabeh perkoro kang wujud iki podo 2 diwujudake deneng Allah lan oleh saluran bantuan sangking Allah. Nuli naliko sakabehane perkoro kang wujud iki podo2 ono ing olehe diwujudake deneng Allah lan olehe saluran bantuan sangking Allah. Allah Ta’ala ngersaake ambedakake bongso Adam sangking sakabehane perkoro kang wujud. Nuli anak Adam diparingi akal, di-kuat2ti kanthi akal. Lan kanthi akal anak Adam diutamaake ngalahake kabeh hayawan Allah Ta’ala. Ugo nyampurnaake nikmatan marang manuso kanthi akal.
 Sebab akal lan sampurnane akal, sebab mencoronge akal lan Nur e akal. Kabeh kemaslahatan dunyo lan akhirat biso sampurno.
Hal 321-------------------------dadi anggunaake nikmate akal kanggo ngatur dunyo kang ora ono ajine. Mungguh Allah Ta’ala iku podo kao nyampuri marang nikmate akal.
Dene madep wong kang anduweni akal marang perhatianambagusake tingkahe ono ing olehe bakal baline marang akhirat, kerono nindakake syukur marang Dzat kang ambagusi deweke lan kang ngeluberake Nur eiku, nili Hak lan luwih patut kanggone kawulo. Ugo luwih utama lan luwih mulyo.
Hal 322-------------------------Songko iku  siro kabeh ojo anggunaake nikmat akal kang wus diparingake deneng Allah marang siro kabeh, ngatur dunyo kang sifate wus diceritaake deneng Rosululloh saw kanthi dawuhe: dunyo iku koyo batang kang anjemberi. Kanjeng Nabi Muhammad saw andangu Athohak: Opo panganan iro? Athohak matur: daging lan susu puan. Kanjeng Nabi Muhammad saw dawuh: Nuli marang endi baline daging lan susu kang siro pangan?. Athohak matur: Wangsul dating menopo ingkang Panjenengan sampun maklum Ya Rosululloh. Kanjeng Nabi Muhammad saw dawuh: Temenan!! Allah Ta’ala wus gawe  tepo telodo opo kang metu sangking anak Adam iki kanggo dunyo.
Hal 324----------------------------Ngatur kang terpuji yoiku pengaturan marang opo kang biso marekake awak niro marang Allah swt koyo ngatur supoyo bisobebas tanggungan sangking Hak e poro mahluk. Ono kalane kanthi ambayr lan ono kalane kanthi anjaluk halale. Semono ugo ngatur keperiyan bisone taubat marang Allah Ta’ala kanthi bener. Ngatur kepriye bisone pikir2 ono ing perkoro kang biso nekakake anggempur hawa nafsu kang gawe kerusakan lan anggempur syetan kang nyasarake. Tadbir kang mengkene iki goyah di-puji2 kang ora dimamang maneh. Songko iku Kanjeng Rosululloh saw dawuh kang artine: Pikir2 ono ing mongso sak jam iki luwih bagus katimbang ibadah pitung puluh (70) thn.
Hal 325-------------------------------------Ngatur urusan dunyo iku ono werno loro (2): 1). Ngatur dunyo kerono dunyo. 2). Ngatur dunyo kerono kepentingan akhirat. Tadbir bunyo kerono dunyo yoiku ngatur sebab2e ngumpulake dunyonperlu kanggo agul2al, akeh2an dunyo. Soyo tambah dunyone, soyo temen laline lan kabujuk. Tandane yoiku wong e tansah disibukane dunyo, ninggalake tho’at marang Allah lan tansah nulayani marang perintah2e Allah.
Dene ngatur dunyo kerono kepentingan akhirat iku koyo wong kang ngatur barang dagangan supoyo biso mangan. Perkoro kang halal sebab hasil dagangan atawa oleh bantuan marang wong kang hajat kanthi oleh kalunggaran, atawa supoyo biso ngerekso awake sangking jaluk, atawa kemilikan masyarakat kelawan ambagusi awake. Tandane ngatur dunyo kerono akhirat yoiku ora akeh2an dunyo, atawa numpuk dunyo, gelem nulungi wong liyo lan millihake wong liyo ngalahake  awake dewe.
Sangking keterangan ngadep iki, jelan yen wong kang golek dunyo iku ora mesti dipaido. Balik. Kang dipaido iku wong kang golek dunyo kanggo kepentingan awake, ora kerono Pengeran. Kanggo seneng2 ing dunyo ora kanggo kapentingan akhirat.
Hal 327--------------------------Ugo tau kerungu guruku Abu Abbas Al mmursid ra, Panjenengane dawuh kang artine: Wong kang wus makrifat iku ora duwe kepentingan dunyo lan ora kepentingan akhirat, kerono kepentingan dunyine wong kang makrifat iku kanggo kepentingan akhiratlan kepentingan akhirat kanggo oleh ridhone Pangeran.
 Hal 328--------------------------------Opo kang dadi tingkahe wong2 kang makrifat iku ditanggungake marang tingkahe poro Sahabat lan poro Ulama salaf ra, sebab kang ditandangi deneng poro sahabat lan ulama salaf iku kanggo kerarek marang Allah Ta’ala, goleki ridhone Allah Ta’ala. Ora bejo dunyone lan pepahese dunyo atawa olehe keenakan dunyo.
Songko iku Allah Ta’ala wus ngifati poro Sahabat lan poro Ulama salaf iku kanthi dawuhe Allah kang artine: Muhammad iku utusan Allah. Wong kang podo andampingi Nabi Muhammad saw iku wong kang bertindak keras terhadap wong2 kafir lan welas asih ono ing antarane wong2 kang mukmin …….
Hal 329--------------------------Nuli kepriye panemu niro terhadap wong2 kang wus didemeni deneng Allah Ta’ala lan dipilih dadi sahabate Nabi Muhammad saw lan ngadepi langsung kitab Allah kang ono ing Al-Qur’an iku?
 Hal 330---------------------------------Siji bahe songko wong2 mukminhinggo dino kiamat ono ing gulune mesti ono mace kenikmatan kang ora kaitung akehe, kang ono hubungane karo sahabat lan macem2me peparingan ora biso dilaleni kerono poro sahabat ra iku wong2 kang podo meha ake hikmahw lan hukum2 marang kito sangking Nabi Muhammad saw, Lan poro sahabat iku wong2 kang merayaake porkoro halal sangking perkoro haram. Wong kang podo paham dawuh2 kang kusus lan dawuh kang umum. Lan wong2 podo ambedah penjuru jajahan lan negoro lan masahake, tegese ngalahake wong2 kang ahli sirih angas.
Hal 331---------------------------------Wus benerdawuhe Rosulullah saw : SHOLATAN WA SALAM MAN DAIMAN ABADA :---------------------------------------artine:Poro sahabat Ingsun iku koyo lintang. Endi bahe sahabat kang siro anut, siro bakal oleh pituduh.
Ono ing ayat Al-Qur’annul karim. Allah Ta’ala wus nyipati poro sahabate Rosulullah saw kanthi sifat pirang2 kanggo Allah Ta’ala dawuh ono ing Al-Qur’an kang artine: Poro sahabat iku podo nuperih kanugerahan lan ridhone Allah, lan podo nulungi agamane Allah , lan utusane Allah Ta’ala.
Hal 332-----------------------Sangking dawuh Allah swt iku nuduhake yen poro sahabat ra ora podo golek dunyo kanthi nekuhake syariat kang digowo, lan namung golek ridhone Allah Kang Moho Mulyo lan Kanugerahanne Allah Kang Agung.
Ono ing ayat liyo Allah Ta’ala dawuh kang artine: Ono ing ndalem2 (yoiku masjid) kang Allah Ta’ala paring izin supoyo diluhurake lan Asmane Allah disebut2 ono ing dalem iku. ALLAYAH.
Hal 333------------------------------Ono ing dawuhe Allah ono ing ngarep mau, Allah Ta’ala ugo ora napehake sebab2 dagangan lan jual beli sangking sahabat Rosulullah saw. Dadi sugihe poro sahabat iku ora ngetokake sangking di- alem2 kerono poro sahabat iku tansah netepi Hak2 ke Bendarane yoiku Allah Ta’ala.
Den diceritaake sangking Abdullah bin Utbah: Penjenengane dawuh syaidina Ustman bin Affan ra iku naliko dipateni ono ing gudange kang dijogo deneng penjaga gudang, iku ono kekayaan kang jumlahe ono satus ewu limang ngatus dinar (100.500). lan sak juta dirham lan ugo ninggal sewu jaran lan sewu budak.
Hal 334-------------------------Amru bin Al Asy kapundut ninggal kakayaan telung atus ewu dinar (300.000), sak pro wolu (1/8) kakayaane. Alzuber bin Al Awam, jumlahe hinggo skeet ewu (50.000) dinar, sewu jaran, lan sewu budak. Dene kekayaanne Abdulrahman bin auf kemasyurane hinggo ora biso di-sebut2.
Hal 335--------------------------Kabeh dunyo iku kanggo poro Sahabat namung ono ing epek2e ora sampai melebu ono ing jero atine. Poro Sahabat nalikone kesepen dunyo podo podo mindahake sabar lan nalikane ono ing dunyo podo syukur marang Allah Ta’ala.
Hal 336-------------------------------Ono ing kawitan2ne poro sahabatiku ngalami pekir, iku sak temene Allah Ta’ala namung ngersaake nguji imanne, sehinggo sampurno Nure, nuli suci stir e, Sak wuse sampuran Nur e, nuli Allah maringake dunyo marang poro sahabat iku , kerono upamo poro sahabat iku diperingi dunyo sedurunge sampurna Nur e. Keno ugo dunyo iku mengaruhi marang poro sahaba. Dadi yen poro sahabat iku dipairngi dunyo sak wus e podo nafsu lan ngoyot keyakinane nuli biso nanjakake dunyo koyo olehe nanjakake penjaga gudang kang keno dipercoyo lan podo nurut marang dawuhe Allah gandeng karo dunyone. Siro kabeh bisoho nanjakake sebagian sangking rizki kang siro golek, didadekake dadi gantine Allah Ta’ala. Ngatur rizki iku, Dadi dunyo iku namung ono ing tangan poro sahabat, ora ono ing atine.
Hal 337-------------------------Cukup kanggo siro, gandeng karo tinggahe poro sahabat kang mengkono iku, yoiku metune Umar bin Qatab ra sangking separone arto kekayaan, metune Abu Bakar ra songko kayah artone, metune Abdulrahman bin Auf ra sangking pitung atus unto kang kebak momotane, lan olehe nyiapake Ustman bin Affan ra perlengkapan2 perang ono ing mongso2 sulit lan liya2ne. Yoiku bagus panggaweane poro sahabat lan leluhure goyah tingkah2e poro sahabat Rosulullah saw.--------------------------------------------. Dadi ayat kang kasebut iku ngandung arti bersihe lahir lan batin poro sahabat lan yeyepe sifat terpijine lan lelakon2 kang lluhr ono ing perihal poro sahabat.
Songko keterangan karep banjur biso jelas yen tadbir (nganur) iku ono rong (2)werno: Ngatur dunyo kerono dunyo, koyo tingkahe wong2 kang podo putus sangking Allah kang dipaido lan podo lali. Lan ngatur dunyo karo akhirat, koyo tingkahe poro sahabat kang mulyo2 lan poro ulama salah kang sholeh2. Mugo2 allah Ta’ala ridho marang poro kabeh sahabat Rosulullah saw lan mugo2 Allah Ta’ala kerso andadekae kito kabeh kelebur golongan wong kang podo anut nindak lakune poro sahabat lana asalafsholihin. Amin balalpa alpi amin.
Hal 340----------------------------Hay kawuloku!! Siro bisoho ngerungokake nganggo pangerungu niro sarono madep ati niro. Siro bakal Ingsun paring tambahan. Siro bisoho ningkenengake pangerungu niro, kerono sak temene Ingsun iku ora adoh sangking niro.  Ingsun iku ngaturmarang siro sedurunge siro ngatur awak niro dewe. Songko iku kanggo awak niro dewe. Siro ora perlu melu ngatur. Ingsun iku nguasani pangereksone awak niro, sedurunge lahir lan sampek sakiki Ingsun tetep ngereksos siro.
 Hal 341---------------------------------Ingsun (Allah Ta’ala) iku Pengeran kang Ngijeni gane lan ambentuk mahluk lan Ingsun dewe kang Ngijeni kanthi nyukupi lan ngatur. Ora ono kang Nyekutoni Ingsun. Ono ing oleh Ingsun gane lan ambentuk, songko iku siro ojo nyekutono Ingsun. Ono ing hikmah Ingsun hokum Ongsun lan Pengaturan Ingsun.
Ingsun (Allah Ta’ala) iku Pengeran kang ngatur keratin Ingsun, lan ora ono kang ambantu ono ing olehe Ingsun ngatur keraton Ingsun. Ingsun iku Dzat kang ngijeni kelawan hukum Ingsun. Dadi Ingsun ora butuh marang menteri (pembantu).
Hal 342-------------------------------------HAY KAWULOKU!! Sopo2  wong kang tadbir (pengaturan) wus wujud marang siro. Sedurunge siro diwujutake, siro ojo melu2 nyekuthoni opo kang dikersaake. Sopo2 wong kang wus ngulinaake baguse pandanganne marang siro, wong iku ojo siro adepi, tegese ojo siro imbangi kanthi angas.IngsunAllah Ta’ala iku wus ngulinaake bagus ningali marang siro. Dadi siro bisoho ngulinaake marang Ingsun anggugurake pengaturan sangking siro.
 Hal  343----------------------------------Opo siro mamang sak wus e ono penjajalan? Opo  siro binggung sak wus e keterangan wus wujut? Opo siro sasar sak wus e jelas pituduh?
Temenan siro wus masrahake pengurusan keraton Ingsun marang Ingsun, sedeng siro iku setengah sangking kareton Ingsun. Dadi siro ojo ngerebut ke Pengeranan Ingsun .
Hal 344-------------------------------Kapan Ingsun ambutuhan siro kanggo awak siro, hinggo siro mompo ligeran ngatur awak niro. Kapan Ingsun masrahake siji perkoro, setengan sangking keratin Ingsun, hinggo Ingsun masrahake marang siro? Opo ono kang rugi wong kang Ingsun atur? Opo ono kang ino wong kang Ingsun tulungi?
 Hal 345------------------------------Pengeran kang wus gawe bagus marang siro, ora prayogo yen dicurigai. Pangeran Kang Kuasa ora setuju yen direbur kekuasaane. Pengeran Kang Murba Maseso ora prayogo yen dilawan. Pengeran Kang Bijaksana ora prayogo yen unguli sejo.
Hal 346---------------------------Bener2 jebo kelawan oleh opo kang disejo wong kang wus metu, mongko kekarepane anut opo kang dadi kerso Ingsun, bener2 den tundukake marang gampang kabeh perkorone wong kang nompo ligeran atas perkoro Ingsun temenan, Kawulo kkang nge Hak I pitulung sangking Ingsun, bener2 wus gandulan halawan sebab Ingsun.
Hay kawuloku!! Ingsun ngersake sangking siro, supoyo siro karepake Ingsun, lan ora ngarepake ambarengi Ingsun. Ingsun ngersaake sangking siro sopoyo siro milih Ingsun lan ora milih sertane Ingsun. Ingsun ridho marang siro yrn siro iku ridho marang Ingsun lan ora ridho karo sak liyane Ingsun.
Hal 347-------------------------------Koyo yen siro masrahake marang Ingsun, gandeng karo pengaturan Ingsun ono ing langit lan bumi. Lan gandeng karo oleh Ingsun ngijeni kanthi hukum lan ketetapan Ingsun ono ing langit lan bumi. Siro bisoho masrahake wujud niro marang Ingsun, sak temene siro iku milik Ingsun. Siro bisoho ngalap Ingsun dadi wakil lan bisoho ngandalake kalawan Ingsun. Suwijine Dzat kang nanggung. Yen gelem mengkono siro bakal tak paring peparing kang akeh lan bakal tak paring peparing kamulyaan kang agung.
Hal 348---------------------------Mesakake siro iku!! Sak temeneIngsun iku wus ngagungake kedudukan niro sngking nungkulake siro kalawan urusan awak niro. Dadi siro ojo gawe cilik kedudukan nirodewe.
Hay wong kang wus tak luhurake derajate!! Siro ojo ngatur ligeraniro karo sak liyane Ingsun. Hay wong kang wus tak mulyoake!! Melasbanget siro iku, siro iku onoing ngerso Ingsun, luwih agung katimbang tak tungkulake kalawan sak liyane Ingsun.
Hal 349----------------------------------Kerono sebo ono ing pangayomane Ingsun, siro wus tak gawe marang paseban Ingsun. Siro wus tak lamar kanthi penarike perhatian Ingsun. Siro Ingsun tarik. Dadi yen siro ketungkul karo awak niro, Ingsun mesti ngalingi siro. Yen siro nuruti kasenengan awak niro, Ingsun mesti nundung siro. Yen siro metu sangking awak niro, Ingsun bakal marekake siro lan yen siro nge Dzat ake demen iro marang Ingsun kalawan mengo sak liyane Ingsun, Ingsun bakal demen marang siro.
 Hal 350-----------------------------Hay kawuloKu!! Ora iman marang Ingsun wong kang ngerebut Keuasaan Ingsun. Dudu wong kang nyuwijiake Ingsun wong kang melu ngatur bareng2 Ingsun. Dudu wong kang ridho marang Ingsun wong kang mandulake opo2 kang wus Ingsun turunake marang deweke, diwadulake marang sak liyane Ingsun. Orawong kang milih INgsun wong kang milih bareng2  Ingsun, lan dudu wong kang manut perintah Ingsun wong kang ngeserahmarang pamekso Ingsun.
 Hal 351---------------------------------Yen siro nguperih tadbir (ngatur) kanggo awak niro. Siro iku arane wong kang bodo. Kepriye kok siro ngatur awak niro dewe? Yen siro iku anduweni pilihan ambarengi Ingsun, siro iku wong kang durung insaf. Kepriye kok siro anduweni pilihan ngalahake Ingsun?
Hay kawulo Ku!! Cukup bodo niro!! Yen siro iku anteng ayem karo opo kang ono ing tangan iro, lan ora anteng karo opo kang ono ing Kekuasaan Ingsun.
Hal 352------------------------------------Ingsun wus milih ake kanggo sirio, supoyo siro milih Ingsun, opo siro arep milih liyo ngalahake Ingsun?
Hay wong kang nyusahake awak dewe!! Upomone siro gelem nyerahake awak niro marang Ingsun, siro tamtu wus kepenak ngaso, mesakake siro iku!!. berarti beban tadbir iku ora ono kang kuat mikul kejobo sifat KaPangeranan. Yen absene sifat manuso ora bakal kuat(nanggung). Dadi siro ojo dadi wong kang mikul. Ingsun (Allah) ngersaake supoyo siro kepenak. Dadi siro ojo gawe kangelan awak niro. 
Hal 353----------------------------------------Hay kawuko Ku!! Ingsun perintah marang siro supoyo Hidmah marang Ingsun, lan Ingsung kang nanggung siro kanthi pembagusan Ingsun. Nanging siro nuli ninggalake opo kang Ingsun perintahake lan siro mamang opo kang Ingsun tanggung.
Ingsun oea namung ngalap cukup nanggung pembagusan kanggo siro, hinggo Ingsun gawe sumpah Ingsun ugo ora namung ngalap sumpah, hinggo Ingsun gawe tepotelat. Nuli Ingsun andawuhi poro kawulo kang podo paham kanthi dawuhe:--------------------------------------------------------------artine: Rizki niro kabeh lan opo kang dijanjekane marang siro kabeh iku ono ing langit. Mongko demi Dzat Kang Mengerami langit opo kang dijanjekake marang siro kabeh mesti wujud koyo opo kang siro ucapake.
Hal 354-----------------------------Ingsun wus paringrizki wong kang lali lan maksiat marang Ingsun, yen koyo mengkono leperiye Ingsun kok ora paring rizki marang wongkang tho’at lan nenuwun marang Ingsun?
Melas banget siro iku!! Wongkang nandur witwitan yoiku wongkang nyirami witwitan iku. Wong kang paring bantuan marang mahluk yoiku wong kang gawe mahluk iku.
Anane mujudake iku sangking Ingsung lan langgeng saluran bantuan iku ono ingtanggungan Ingsun. Anane gawe mahluk sangking Ingsun lan langgeng rizki iku tanggungan Ingsun.
Opo yen siro tak lebokake ono ing dalem Ingsun, nuli siro tak alang2i sangking olehe kebagusan Ingsun? Opo yen siro tak lahirake kerono wujud Ingsun, nuli siro tak cegah sangking wujud pertolongan Ingsun? Opo yen siro Ingsun tok ake junu marang wujud Ingsun, nuli siro tak aling2i sangking kalumanan Ingsun? (kabeh ora tinemu).
Hal 356---------------------------------Nikmah Ingsun wus tak caosake kanggo siro. Rahmat Ingsun wus tak lahirake ono ing awak niro Ingsun ora terimo namung ngaosake dunyo kanggo siro, honggo Ingsing nyandangake Suwargo kanggo siro. Ingsun ora terimonamung nyandangake suwargo, sehinggo siro tak hadiahi biso ningali Dzat Ingsun.
Yen koyo mengkene penggawe2 Ingsun, nuli keprite siro kok mamang gandeng akro Kanugerahan Ingsun? Dadi siro bisoho milih Ingsun, lan ojo milih liyane. Siro bisoho madepake ati niro marang Ingsun kelawan temenanan.
Hal 357--------------------------Yen siro gelem nindakake koyo mengkono, siro bakal tak weruhake lembute kawelasan Ingsun kang aneh2, Kalumanan Ingsun kang aneh2, lan sir niro bakal tak senengake kanthi biso nyawang Ingsun.
Dalane wusul wus nyoto pertelo kanggone wong kang oleh TAHKEQ lan tanda2ne pituduh wus dijelasake kanggone wong2 kang podo oleh pitulung. Dadi kanthi kabeneran wong2 kang podo yakin podo pasrah marang Ingsun lan wong2 mukmin podo kumandel marang Ingsun kanthi keterangan.
Wong2 mau podo ngerti yen Ingsun luwih bagus katimbang awake.Kanggo awakedewe lan podo ngerti yen pengaturan (tadbir) Ingsun iku luwih patut katimbang tadbire dewe.nuli wong2 mau podo manut marnag KaPengeranan Ingsun lan [podo andeleh awake ono ing ngersane Ingsun sarono pasrah.
Hal 359------------------------------Minongko ijab kang mengkono iku, wong2 oleh tahkeq mau Ingsun paring ganti roso kepenakan awak,  padang akal, makrifat ono ing atine,lan sir e niso bener2 nyataake perek marang Ingsun. Kang mengkene iki pembalasan ono ing alam dunyo.
Wong2 kang oleh tahkeq mau yenwus podo sowan ono ing ngerso Ingsun, bakal tak gawungake pangkat lan luhure pangkat lan yen wus tak lebokake Suwargo. Wong2 mau oleh macem2 kenikmatan kang meripate during tau weruh, kuping durng tau kerungu, lan ora kumeretek ono ing atine menuso.
Hal 360--------------------------------Hay kawuloKU!! Wektukang arep siro adepi iku siro during Ingsun nuntut supoyo hidmah tho’at marang ingsun ono ing wektu iku. Songko iku siro ojo nuwun marang Ingsun pembagian ono ing wektu kang siro adepi. Yen Ingsun wus merde2 marang siro, Ingsun mesti nanggung bagian iro, lan yen Ingsun nuperih hidmah sangking siro, Ingsung mesti paring mangan marang siro.
Hal 361---------------------------------Ngertiyo hay kawuloKu!! Yen Ingsun ora bakal lali siro, senajan siro lali Ingsun. INgsun eleng siro sadurunge siro eleng Ingsun. Rizki Ingsun tetep langgeng marang siro,senajan siro maksiat marang Ingsun. Yen koyo mengkene tingkah Ingsun marang siro gandeng karo mengo siro sangking Ingsun, Banjur keprite panemu niro kangdeng karo madep niro marang Ingsun.
Hal 362---------------------------Siro iku ora NgaGungake Ingsun kelawan sak benere,  yen siro during paserah marang pameksane kasha INgsun. Siro dudu wong kang ngerekso bekti niro marang Ingsun kelawan sakbenere. Yen siro during manut perinth Ingsun, songko iku siro ojo mengo sangking INgsun, kerono siro iku ora bakal nemu pengganti kang angganteni Ingsun. Siro ojo terbujuk karo sak liyane INgsun, kerono siji bahe ora ono wong kang nyugihake siro sangking Ingsun.
Hal 363-----------------------------Ingsu Dzat kang gawe suro kanthi KaesaanIngsun lan Ingusn Dzat akang ambeberake nikmat marang siro. Ora onoPengeranaknggawe kejobo Ingsun,Semono ugo ora ono kang paring rizki kejobo Ingsun. Opo Ingsun iku Pengeran kang gawe, nuli Ingsun ligerake marang liyo? Dadi Ingsuniku Pengeran kang paring kanugerahan, opo Ingsun nyegah kawulo sangking wujude kebagusan Ingsun, sedeng Ingsun Pengeran kang paring nikmat.
Songko iku Hay kawulo Ku!! Siro bisoho kemandel marang Ingsun, kerono Ingsun iku Pengeran kawulo. Siro bisohometu sangking kekarepan iro temuju marang Ingsun. Ten siro gelem mengkono Ingsun bakal nekukake kahanan perkoro lembute welas asih Ingsun kang disik lan ojo lali Hak e deman.
                                                   

                                         ALMUNAAJAH

Hal 364--------------------------Kanthi munajah iki, Syeh Abimu Atakillahi ngaturake pernyataan ing ngersane Allah Ta’ala yen sifat pekir iku ora biso lepas sangking awake, keno ugo ing siji wektu koyo2 ora ambutuhake marang Allah Ta’ala, yoiku kang disebut ngino, nanging sifat ino iku sewektu2 mesti eleng lanthi pekir.
 Sifat ilmu kang kanggo kawulo banget setitik Qala Ta’ala:---------------------kejobo setitiksifat ilmu kanggo kawulo iku andepo2 musanif kang mengkene iki dimaksud mugo2 disembadani deneng Allah Ta’ala, kerono setengah sangking saroso doa iku kudu netokake roso ini lan apes.
Hal 365-----------------------Kadang2 kawulo iku pekir ora anduweni opo2,ora antara suwe dadi sugih lan sebalike. Asale loro malih sehat lan sebalike. Asale ketinggal dadi wong sahi nuli malih ora tau sholat lan sebalike lan liya2ne, iku kabeh artine----------------------------yoiku kang murukake wong kang arih oracondong peparinge Allah Ta’ala, koyo harta benda lan macem2 iilmu atawa mukangapat kerono rikalane perubahan sangking Allah Ta’ala luwih2 zaman sak iki lan upomone ngalami bakal koyo loro atawa pekir. Oran luas kerono ngerti yensebab sedelo maneh bakal ono perubahan
Hal 366----------------------------Pengadatan menuso iku nulayani janji kang dijanjekake marang Allah T’ala. Nulayani janji iku kang dikarwpake dawuh:------------------------saben dino manuso iki ngeturake pengaturan ing ngersane Allah Ta’ala. Sedino paling sitik kaping songo(9) yoiku kalan shahadat kang diwoco ono ing nakilane sholat: ASYHADU ANLA ILAHA ILLALLOH (ya Allah, kulo ngaturake pernyataan lan kesanggupan dating Panjenengan bilih mboten wonten Pengeran ingkang kulo sembah lankulo taati dawuh2 ipun kejawi Panjenengan). Nanging during suwe wus ngelakoni riyah, ujub, kibir, ningali bioskop ono ing omah lan liya2ne.Sifat Mulyane Allah yoiku Pengapurane Allah ora leren2 paring kanugerahan, nolak macem2 balak. Dawuh misanif iki yen diterusake mengkene------------------------------------------------------------------------ugo Panjenengan kerso andadosake kulo tansah ngawasi sifat2 awon kulo supados kulo puniko dzikir lan tho’at dating Panjenengan. Lan tansh inget kalumanan Panjenengan supados kulo syuhud dating Penjenengan.
Hal 367--------------------------Qala Ta’ala:--------------------------------dawuh misanif iki yen diterusake mengkene:--------------------------------Duh Pengeran kulo!! Menawi wonten macem2 kesalahan sangking kulo, puniko mesti sebabKanugerahan Panjenengan. Lan Pnjenengan kangungan Hak ngundat2 kulo, lan menawi wonten lampah awon sangking kulo puniko mesti sebab sifat andel Panjenengan, lan Panjenengan kangunggan Hak ngawontenaken hujah dating kulo. Qola Ta’ala:-----------------------------------
Hal 368---------------------------Duh Pengeran kulo, mugi ampun masalahaken kulo dating awak kulo. Kados pundi mwnawi Panjenengan ngerahaken sahe nipun awak kulo dating kulo, sedeng Panjenengan puniko sampun nanggungi kulo. Kdos pundi menawi kulo dados kawulo ingkang ino, sedeng Panjenengan puniko setunggale Pengeran ingkang Mulyoni kulo. Atawi kados pundi menawi kulo puniko dados tiang ingkang tuna gandang, nalikane punopo ingkang kulo suwun, sedeng Panjenengan puniko Pengeran ingkang lembut peparingipun.
Hal 369---------------------------Duh Pengaran kulo!! Kepareng ngaturaken peker kulo dating Panjenengan, minongko lantaran kersoho nyabetake kulo dating Panjenengan.
Kados pundi Gusti!1 Menawi kulo andamel lantaran pekir kulo ing ngarso Panjenengan, sedeng pekir kulo meniko mboten mungkin dumugi dating Panjenengan.
Duh Pengeran kulo!! Punopo kulo puniko perlu medalake kawontenan kulo dating Panjenengan, Punopo perlu dipun kulo madulake hal kulo, sedeng Panjenengan mboten bade kesamaran sangking hal kulo. Punopo kulo[puniko perku nerangaken hal kulo kanthi ucapan, sedeng hal kulo niku sangking Panjenengan. Lan Panjenengan ingkang ngelahirake wonten ing awak kulo.
Hal 370----------------------------------Duh Pengeran kulo!! Punopo Panjenengan baade nolak punopo ingkang suwun, sedeng panuwun kulo puniko sampun meldal nuju wonten ngerso Panjenengan. Punopo kawontenan kulo ingkang mboten sahe, naming sedoyo tingkah kulo puniko wujud sebab Panjenengan lan bade wangsul dating Panjenengan.
Duh Pengeran Kulo!! Kulo gawok sanget! Punopo ingkang dados sebab ipun ingkang anjarai Panjenengan welas dating kulo, Ing mongko kados mekaten angengg ipun kebodohan kulo. Punopo ingkang anjalari Panjenengan asih dateng kulo, ing mengkono kados makaten awon ipun pendamelan kulo.
Hal 371---------------------------Duh Pengeran kulo!! Kulo gawok sanget punopo ingkang andadosake colek Panjenengan dating kulo. Punopo ingkang anjalari tebih kulo sangking Panjenengan. Punopo ingkang anjalari Panjenengan sanget welas ipun dating kulo. Lajeng punopo ingkang ngalingi kulo sangking Panjenengn.
Duh Pengeran kulo!! Perbedaan ipun labet Panjenengan, lansebab gantosganti ipun kawontenan kulo. Kulo mangertos bilih Panjenengan ngersaake ngetingalakem kaAgungan Panjenengan dating kulo wonten ing saben2 mahluk Panjenengan kanthi secoro kusus sehinggo kulo boten bodo dating Panjenengan wonten ing pukopokemawon.
Hal 372----------------------------Duh Pengeran kulo!!  Menawi kulo puniko inget sifat2 lan kelakuan awon kulo, kulo dadosiblis, mboten saget matur punopo2, naming menawi kulo inget kalumanan Panjenengn, kulo lajeng saget gampil ngaturaken mematur. Menawi kulo inget sifat2 kulo lan akhal2 kulo ingkang awon kulo kados putus asa (luas) mboten wanton matur, naming menawi ningali macem2 kanugerahan Panjenengan kulo lajeng berwantun ngatueaken pematur dating Panjenengan.
Hal 373-----------------------------Duh Pengeran kulo!! Menawi tiang puniko kasahean nipun malih lampah awon, kados pundi kok lampah awon ipun mboten dipun anggep. Menawi tiang puniko ilmu2 lam makrifat ipun namung pengaken aken kados pundi kok pengaken2 ipun mboten dummuneng aken2.
Duh Pengeran kulo!! Katetepan Panjenengan ingkang mesti kaleksanan lan pakerso Panjenengan ingkang mekso sedoyo mahluk mboten nilaraken ucapan kangge tiang ingkang perang. Keterangan ilmu hakekah atawa tiang ingkang Panjenengan paring hal, Mungkin tiang wau Panjenengan cabut ilmu nipun lan hal ipun.
Hal 374-------------------------------------Duh Pengeran kulo !! Pinten kemawon tho’at ibadah ingkang kulo lampahi, lan pinten kemawon hal ( kawontenan sahe nipun batin) ingkang kulo bapojaken, Nanging menawi kulo nyawang sifat Adil Panjenengan lajeng ical tetanggenan kulo dating tho’at wau. Mandar menawi kulonyawang kanugerahan Panjenengan kulo mboten tetanggenan tho’at wau. Wangsul namingtetanggenan Kanugerahan Panjenengan.
Duh Pengeran kulo !! Panjenengn temtu pirso, senajan anggen kulo thi’at ibadah puniko mboten langgeng lan mboten mantep, nanging demen kulo dating tho’at lanazim kulo bade ngalampahi tho’at puniko langgeng BIFADH LIKA WAMANNIKA.
Hal 375---------------------------------Duh Pengeran kulo!! Kulo niki bingung kados pundi?kados pundi menawi kulo azimngelampahi tho’at, sedeng Panjenengan setunggiling Pangeran ingkang saget meksoake punopo ingkang dados rekso nipun. Senajan kulo azim menawi Panjenengan ngersaaken kulo leren sangking tho’at, kulo temtu leren. Nanging kados pundi menawi kulo boten azim? Sedeng Panjenengan punikosampun perintah kulo supados kulo puniko tho’at terus menerus.
Kang dikarepake enyar iki kabeh mahluk Allah kang dikarepake, mizar iki wusul marang Allah. Duh Pengeran kulo!! Mondar mandir ipun manah kulo gandeng kalian mahluk Panjenengan puniko saget andadosaken tebih ipun saget wusul dumateng Panjenengan. Sangking puniko kulo nyuwun mugi kerso ngempalaken ( naliko kulo wonten ing ngarso Panjenengan) kanthi tho’at kados dzikir, riyahdhoh, mujahadah ingkang saget andadosaken wonten ing ngerso Panjenengan.
Duh Pengeran kulo !! Kados pundi tiang puniko kok sami ngapa dalil wujud ipun mahluk niki kangge dalil sifat wujud Panjenengan? sedeng sedoyo mahluk puniko sami boten dateng Panjenengan. Punopo sak lintu Panjenengan saget ketingal wujud tanpo sebab wujud Panjenengan, sehinggo saget ngelahiraken wujud Panjenengan , tamtu mboten.
Hal 377------------------------Duh Pengeran kulo !! Sampun wuto meripat penggalih kulo ingkang mboten saget ningali bilih Panjenengan puniko tansah mersani sedoyo mahluk Panjenengan. Sangking puniko sami geneman lan tumindak sak  sekeco nipun tanpo wonten raos ajrih atawi isin dating Panjenengan.
Terang tuno dagangan nipun kawulo ingkang Panjenengan demeni lan boten demen dating Panjenengan. Demene kawulo marang Allah yoiku tho’at e kawulo marang Allah lan atine tansah tertarik marang Allah. Sopo2 wong kang diparingi bagian biso demen marang Allah, terang dadi wong kang jebo,Sopo2 wongkang ora oleh bagian demen marang Allah terang dadi wong kang tuno.
Duh Pengeran kulo!! Panjenengan sampun perintah kulo wangsul dating ngadepi mahluk, Panjenengan nugi kersoho mangsulake kulo dating masyarakat mawi ambeto Nur sangking Panjenenganlan hidayah ingkang timbul sangking penyawangan basiroh supados kulo saget wangsul dating Panjenengan kados wekdal kulo melebet wonten ing ngerso Panjenengan, lan supados Panjenengan rekso manah kulo ampun ngantos nyawang dating mahluk Panjenengan lan boten tetengenan dating mahluk Panjenengan. INNAKA ALA KULBI SYAIIN QODHIR.
Hal 379----------------------------Duh Pengeran kulo!! Puniko ino kulo,  lan puniko kawontenan manah kulo, boten samar kagem Panjenengna. Namung saking Panjenengna kulo nyuwun saget wusul  dating Pajenengan, lan kanthi sifat2 jalal lan jamal Panjenengankulo ngalap dalil gandeng kalian sifat wujud Panjenengan. Mugi nedahaken kulo kanthi Nur Panjenengan dating makrifat Panjenengan, Ln mugi mapakaken awak kulo wonten ing ngerso Panjenengan kumawulo ingkang estu, kumawulo kang temen, yoiku kumawulo kang dibarengi roso apes, ino, pakir lan ringkih, tanpo ono roso kuat, roso agung, lan sugih.
Duh Pengeran kulo!! Mugi paringan sebagian ilmu ingkang Panjenengan sim pen (yoiku ilmu laduni, kang teko sangking Allah Ta’ala tanpo ngaji, tanpo meguru), lan mugi ngerekso kulo sangking nyawang sedoyo mahluk Panjenengan kanthi Sir ipun  Asmo Panjenengan ingkang Panjenengna rekso
Hal 380----------------------------------Kang dikarepake hakikah, ahli Qur’an yoiku makom2 kang wus dinyataake deneng wong kang keparek marang Allah yoiku panah kang sebabmanggon ono ing makom panah iku.Kawulo ora nyawang marang macem2 sebab lan goyah tabir kang ngaling2ngi ilang sangking meripat atine.
Alih judul iku disebut NAJDUB atawa MURAD tegese dikersaake wusul marang Allah Ta’ala.
Duh Pengeran kulo !! Mugi paring raos cukup demateng kulo, cukup demateng tadbirPanjenengan hinggo kulo nilarake tadbir kulo lan cukup dating injinten Panjenengan hinggo kulo nilarake injiter kulo.
 Hal 381-----------------------------Ya Allah mugi kersoho magotake kulo wonten ing kawontenan sanget ipun hajad kulo
Duh Pengeran kulo!! Mugi ngandalaken Panjenengna ing awak kulo sangkingino ipun awak kulo lan mugi bersihake manah kulo sangking mamang lan sirik sak derengipun melebet kubur kados riyak, sum’ah, lan sanes2ipun.
Hal 382---------------------------Cekap kanthi pitulungan Panjenengan mboten perlu kulo ngaturake panuwon dateng tiang sanes.
Panjenengan  Gusti, Dzat  ingkang Nur ipun madhangi penggalih ipun poro kekasih Panjenengan, Lan Panjenengan Gusti Dzat kang ingkang ngicalaken sedoyo golongan mahluk Panjenengan.
Duh Pengeran kulo !! Panjenengan ingkang ngayemaken penggalih ipun kekasih Panjenengn sehinggo samianggersah lan rongyul penggalih ipun bilih kempal kalian sedoyo mahluk Panjenengan. Panjenengan ingkang nedahaken kekasih Panjenengan medal mersani tondo2 tumuju dateng ngerso Panjenengan.
 Hal 385-------------------------------Punopo ingkang dipun tingali kawulo iku kasepenan, tegese boten nyawang Panjenengan? Sedoyo ingkang dipun tingali tiang2 ingkang mekaten puniko boten wonten bobot ipun. Punopo ingkang boten dipun panggehake deneng kawulo ingkang nyawang Panjenengan?  Tiang ingkang tansah ngersaake (-------------------------------).
Hal 386----------------------------------Sak estu! Terang tuno sanget tiang ingkang resa atawi remen dating sanes Panjenengan dados gantosipun lan terang tuno sanget tiang ingkang pados panggonan pindh sangking ngerso Panjenengan.
Duh Pengeran kulo!! Kados pundi tiang2 puniko kok sami ngajeng2 peparing sak litu nipun Pajnenengan, sedeng Panjenengan boten nate megot kanugerahan sangking sedoyo kawulo Panjenengan. Kados punditiang2 puniko kokmadosi sak lintunipun Panjenengan, sedeng Panjenengan boten nate ngowahi pekuliana paring kanugerahan,
Duh Dzat ingkang paling macem2 raos leginipun seneng2 ing ngerso Panjenengn datengporo kekasih ipun. Lajeng sami jumeneng ngudi asih kawelasan ipun.
Hal 387---------------------------Duh Allah!! Panjenengan puniko Pengeran ingkang milahi paring kanugerahan sak dereng ipun madepipun tiang2 ingkang sami ibadah. Lan Panjenengan puniko Pengeran ingkang Agung sanget peparingipun sak derengipun penyuwunipun tiang2 ingkang sami nyuwun. Lan Panjenengan  puniko Pengeran ingkang tansah paring lajeng mundut utangan sangking kawulo ingkang Panjenengan paring. Qola Ta’ala:----------------------------
Hal 388------------------------------------Duh Pengeran kulo! Mugi Panjenengan kersoho milih kulo kanthi Rahmat Panjenengansupados kulo saget usul dating Panjenengan, lan mugi kersoho narik kulo kanthi Kanugerahan Panjenengan, supados kulo saget madep wonten ing ngerso Panjenengan.
Duh Pengeran kulo!! Pengejeng2 kulo dating Rahmat Panjenengn boten pegot sangking Panjenengan, senajan kulo puniko kulomaksiat dating Panjenengan, semanten ugi ajrih kulo boten lepas samgking kulo senajan kulo tho’at dating Panjenengan.
Hal 389-------------------Duh Pengeran kulo !! Kulo puniko dipun tending macem2 alam supados madep dateng Panjenengan, lan pangertosan kulo dateng kalumanan Panjenengan puniko ugi andorong kulo sopados kulo puniko tenguk2 wonten ing lawang Rahmat Panjenengan.
Duh Pengeran kulo!! Kados pundi upami kulo puniko tuno banget hasil puniko ingkang kulo suwun dateng Panjenengan, sedeng peparing Panjenengna puniko ingkang dados ange3n2 kulo. Kados pundi upami kulo dados ino sedeng Panjenengna punilo ingkang kulo andal2aken.
Hal 391-----------------------------Duh Pengeran kulo!! Kados pundi kulo saget mulyo, sedeng Panjenengan sampun mapakake awak kulo wonten ing ino. Nanging kados pundi yen kulo boten mulyo, sedeng Pnajenengan sampun netepake awak kulo dados kawulo ingkang lumadi dateng Panjenengan, atawi kados pundi yen kulo boten pekir, sedeng Panjenengan papakake awak kulo wonten ing kawontenan pekir, sedeng Panjenengan kanthi kakumananPanjenengan sampun paring cekap dateng kulo.Panjenengan Pengeran ingkang namung setunggal, Boten wonten Pengeran kejawi Panjenengan. Panjenengan sampun ngetingalaken Keagungan Panjenengan dateng sedoyo mahluk. Dados boten wonten setunggal mahluk ingkang boter pirso Panjenengan. Lan Panjenengan setunggiling Pengeran ingkang ngetingalake kanugerahan ipun wonten ing sedoyo mahluk Panjenengan, dateng kulo. Lajeng kulo saget nyawang Panjenengan. Dados terang terwelah wonten ing sedoyo mahlukPanjenengan. Duh Dzat ingkang nguaosi (kuasa) ARASYI, Panjenengan kanthin Rahmat ipun sehinggo Arasy ical kerono wonten ing sifat rahmat  Panjenengan. Kados pundi sedoyo alam langit lan bumi ical wonten ing ngerso Panjenengan.
Panjenengan sampun ngelebur mahluk Panjenengan (langit bumi) kanthi mahluk Panjenengan (Arasy) kanthi Nur. Panjenengan ingkang ngelimbuti sedoyo palak ingkang ngelimbuti.
Duh Pengeran kulo ingkang boten marengake sedoyo kulo, saget mirsani Dzat ipun keranten Kamegahan ipun.’
DuH Pengeran kulo ingkang ngetingalaken indah ipun saget nyoto wonten ing penggalih ipun poro kawulo. Kados pundi dados samar Panjenengn, sedeng Panjenengan Pengeran ingkang terang pertelo, atawi kados pundi saget sirno, sedeng Panjenengan setunggiling Pengeran ingkang tansah mirsani sedoyo kawulo tur Moho Nyoto ing pandangan ipun.
ALHAMDULILLAH…..

4 komentar:

Trah lor mengatakan...

nunut ngaji nggih pak

SEPTA ARIQ WIJAYANA mengatakan...

Alhamdulillah.. Mugi2 dadosaken manfaat donyo akhirot terjemahan meniko.. Nyuwun ijin kopy Gus.

Assyifa Nasywah mengatakan...

Nyuwun ijin copy nggeh

ahmad rifai mengatakan...

ijin copas yai

Posting Komentar